• SUGENG RAWUH

    SUGENG RAWUH DUMATHENG SEDHEREK SEDANTEN..

Wong Jawa kudu tansah ngudi kawujude jalma utama

Posted by ninkw1dya ( alve Dya Aurelia Latifa) On 0 komentar

Ing buku The History of Java sing wus dijarwakake ing Basa Indonesia dening Eko Prasetyaningrum sakancane lan dibabar dening Penerbit Narasi, Yogyakarta,
Thomas Stamford Raffles, Gubernur Jenderal Hindia Belanda taun 1811-1816, ngandharake yen wong Jawa mujudake pribumi sing anteng, arang sing mbara, luwih seneng urip ing wewengkon papan klairane lan ora gampang kepancing tumindak deksiya utawa cecongkrahan.
Gegambaran sipate wong Jawa sing ditulis dening Raffles iku yekti ana jumbuhe kalawan kansunyatan bebrayan Jawa. Miturut sutresna budaya Jawa kang uga paraga Presidium Pusat Lembaga Kabudayan Jawi (PLKJ) Surakarta, Widijatno Sontodipuro, nalika wawangunem kalawan Espos ing Reksapustaka Pura Mangkunagaran, sawetara dina kapungkur, wong Jawa sing ngugemi Jawane pancen ceples kaya andharane Raffles kasebut.
“Wong Jawa iku wiwit cilik tansah digegulang supaya ora kendhat ngudi luhuring bebuden,” piterange Widijatno.
Drajat kamanungsan kang mangkono kuwi bisa digayuh kanthi laku mesu budi, meper hawa napsu kang tundhone bakal njurung kawujude manungsa sing anteng jiwane lan ragane, narima ing pandum, uwal saka rasa rupak saengga tansah ngupaya ngedohi samubarang tumindak kang bisa ngrugekake liyan, utawa sakorane ora nglarani liyan.
Miturut Widaningsih, warga Cemani, Sukoharjo, sing wiwit cilik digegulang ing kulawarga sing kenthel ngugemi budaya Jawa, kabudayan Jawa pancen nyumadhiyakake maneka laku kanggo nggayuh kawujude jalma utama. Salah sijine yaiku laku pasa. Widaningsih sing putrane kabeh wus dewasa iku ngandharake, wiwit cilik tansah digegulang dening wong tuwane supaya seneng ngurang-ngurangi.
“Laku ngurang-ngurangi iki sing gampang dhewe ya kanthi pasa. Lan nganti saiki aku isih bisa nglakoni pasa Senen lan Kemis, katambah pasa ing dina weton lan masani anak-anakku yen katemben ngadhepi ujian ing kuliyahe, ujian ing pakaryane lan sapiturute. Lan aku dhewe ngrumangsani yen laku ngurang-ngurangi iku pancen gedhe banget mupangate tumrap jiwa lan rasa pangrasa,” pratelane Widaningsih.
Alpha-Omega
Maneka warna laku pasa sing lumrah ing budaya Jawa, yaiku pasa mutih suwene 40 dina tumrap priya lan 27 dina tumrap wanita, pasa ngrowot, pasa ngebleng sedina sewengi, pasa ing dina weton, pasa nalika nandhang rasa rupak utawa ngadhepi reridhu ing uripe lan jinis-jinis pasa liyane kabeh ngandhut ancas murih bisa luwar saka maneka warna reridhu lan panandhang saengga bisa nggayuh urip lan panguripan kang luwih apik.
Urip sing luwih apik tumrap wong Jawa iku, miturut Widijatno, dudu urip sing sarwa kacukupan kadonyane, ananging luwih ing bab ati, rasa pangrasa lan kajiwane. Wong Jawa sing ngugemi Jawane tansah nengenake sandhang lan praja, lan ngiwakake pangan. Lire, sandhang lan praja iku pralambang sikep, tumindak lan kapribaden. Dene pangan iku pralambang hawa napsu.
Sakadoh-adohe wong Jawa saka piwulang agama, kacihna ngugemi oyot budayane, mesthi duwe rasa lan pamikiran yen kabeh sing dumadi lan ana ing alam donya iki ana Sing Peparing, ana Sing Gawe lan ana Sing Kuwasa. Amarga iku, wong Jawa mesthi tansah kalimputan ing rasa yen sangkan paraning dumadi iku punjere ya ana ing Sing Maha Kawasa. Laku pasa ing tradhisi Jawa ora liya kanggo nggayuh sangkan paraning dumadi iki.
Sikep religi-ne wong Jawa kang kaya mangkene iki jumbuh kalawan panemune Pierre Teilhard de Chardine, filosof saka Perancis, sing ngandharake yen manungsa iku eling manawa Gusti Allah iku kawitan lan pungkasaning uripe manungsa, Gusti Allah iku titik kawitan evolusi (Alpha), ananging uga titik pungkasan kasampurnan (Omega). Kanthi mangkono, kabeh laku uripe manungsa, sujarahe manungsa lan evolusi donya tumuju ing siji, yaiku titik Omega.



Categories:

0 Response for the "Wong Jawa kudu tansah ngudi kawujude jalma utama"

Posting Komentar