Dadi perangan warga kang ngrengkuh sastra Jawa, ora beda kalawan falsafah-e wong Jawa umume, narima ing pandum. Wiwit 1989 tumeka saiki kalebu wektu mirunggan nadyan isih adoh saka pangerten wareg, nlasaki dalan rumpil mendhak mendhukule sastra Jawa. Ewasemana wektu semono iku kuwawa nilasake werna-werna rasa. Rasa kang nlusupake dudutan, ing satra Jawa pancen kudu nggedhekake rasa panarima. Rasa panarima pindhane uleting tali kang kuwawa gawe simpul temah kekarepan ngrengkuh satra Jawa iku ora gampang wudhar. Jalaran ngambah ing sastra Jawa kalawan melik kanggo mburu materi, mbokmenawa bisa wae kacelik. Ora lidok kanca-kanca sing mulane budhal bareng ing wekasane siji mbaka siji mretheli. Pedhot ing dalan, awit nglenggana yen nyatane sastra Jawa iku tlatah cengkar. Panglenggana yen sastra Jawa minangka tlatah sing angel menehi pemarem materi, sakjane kudu wis dadi kasadharan kawit mula nalika sikil iki jumangkah ing jagad sastra Jawa. Awit adoh sadurunge, Arswendo Atmowiloto nandhesake yen sastra Jawa pindhane wastra lungset ing sampiran. Wis trep sithik ajine lan arang anggone. Nanging nalika krungu pangandikane almarhum Mas Poer Adhie Prawoto, tindakna apa sing mbokantebi kanthi tresna gilirane akeh kang bakal kasengsem. Wiwit iku kepengin nyoba ngrengkuh sastra Jawa uga kanthi tresna. Kanthi lambaran tresna, akeh tumindak kang sarwa lila legawa. Ewasemana gegayutan kalawan unen-unen wastra lungset ing sampiran, ora bisa kaselaki ing sastra Jawa nganti dina iki jagad sing isih kekebakan swara panguwuh, sesambat lan panelangsan. Iki kagawa nasib sastra Jawa pancen dadi pesakitan ing bumi dhewe. Durung bisa kawengku kadidene wewengkon liyane. Nadyan wis ana Konggres Basa Jawa kang dadi tradhisi patang taunan lan nganti saiki wis bakal tumapak sing kaping V, ewasemana sastra Jawa isih adoh saka pangarep-arep. Durung ana sih tresna saka anggaran dhaerah kang dadi papan uripe sastra Jawa. Durung ana sing nyoba nyisihake prabeya kanggo melasi sastra Jawa, saengga bisa tumapak sumringah. Pancen, sakjane ana rasa waleh. Bosen. Katog. Saben-saben kudu panguwuh sing keprungu. Basa kang digunakake ora kurang saka 80 yuta warga, malah manut Dr Oesman Arief (Jurusan Sastra Daerah UNS) basa Jawa mapan urutan nomer wolu minangka basa kang kagunakake manungsa ing jagad, ewasemana nasibe memelas. Iki pancen sawijine tantangan tumrap bebrayan Jawa, kalebu para sastrawane. Bebrayan kaajab bisa dadi warga sing kasdu paweh apresiasi kang tekun kalawan asil karya kreatif sastrawan Jawa. Semono uga sastrawan Jawa wajib ngudi kualitas murih asil karyane kuwawa gawe sengsem bebrayan. Datan keri marang pehak kang ngasta wewenang bisaa paweh panyengkuyung temah sesambat sing wis suwe keprungu iki enggal antuk tamba. Mbokmenawa dudu ngayawara lamun Suparto Brata, begawane sastra Jawa, nate ngimpi endah; kaya ngapa yen sastra Jawa iku karengkuh kadidene bal-balan. Pamarentah dhaerah sing tanpa wigih ringa-ringa ngetokake prabeya milyaran kanggo terus nyengkuyung amrih barang bunder kuwi tetep bisa ngglindhing, ing kamangka bijine ya arang bisa gawe marem. Kayadene Timnas sing ajeg keblong. Minangka paraga sing ora kurang sangalas taun lelumban ing sendhang sastra Jawa, mbokmenawa pengarep-arep sing kaya mangkono kuwi wis kulina katulis dening ing akeh. Ewasemana, edining gegayuhan iku pancen yen durung kelakon. Waton pangarep-arep iku tetep ana, kalebu pangarep-arep sastra Jawa bakal bisa mentas ing kahanan sangsaya iki. Nanging samulya-mulyane wong darbe pangarep-arep yen tetep bisa ndhadhung rasa panarima. Rasa panarima sing ajeg paweh tamba ing kalamangsane nganti enteke wektu gegayuhan iku tetep awujud gegayuhan. Mangkono, gelem ora gelem ngrengkuh sastra Jawa ora cukup tresna, nanging uga kudu narima ing sipat anarima. ::Yan Tohari, sastrawan Jawa:: | |
|
0 Response for the "Narima ing pandum"
Posting Komentar