aku jiyarah kawengku ing pangerten tradhisi spiritual. Lan tradhisi spiritual dhewe mujudake salah sijine ciri mligi kabudayan Jawa. Bab iki raket gandheng cenenge kalawan kabudayan Jawa sing tansah ngudi lan mbangun sesambungan harmonis kalawan Sing Maha Kawasa. Sesambungan antarane wong Jawa lan Sing Maha Kawasa iku kawujud ing maneka laku ritual asipat spiritual kayadene jiyarah, nyadran, kenduren, tirakatan, nenepi lan sajinise. Anane maneka warna laku spiritual ing madyaning kabudayan Jawa amarga dayane budaya liya sing lumebu lan banjur manjing ajur-ajer kalawan budaya Jawa. Miturut Pangarsa Program Studi S2 Kajian Budaya UNS Solo, Prof Dr Bani Sudardi, nalika hamicara ing sawijining seminar ing Fakultas Sastra dan Seni Rupa (FSSR) UNS, sawetara dina kapungkur, tradhisi spiritual jawa pancen asipat dinamis, tansah ngalami owah-owahan. “Budaya spiritual Jawa tansah bisa manjing ajur-ajer kalawan kahanan kang dumadi. Lan umume tradhisi spiritual Jawa ora asipat homogen. Kayadene tradhisi nyadran (yektine laku jiyarah-red) sing nganti saiki isih diugemi dening bebrayan Jawa,” pratelane Bani. Yen digoleki oyote, laku spiritual ing tradhisi jiyarah nyadran ora ngoyot marang piwulang agama. Ora ana agama sing diugemi wong Jawa sing ngandhut piwulang yen ing sasi Ruwah iku kudu nggelar laku jiyarah awujud upacara nyadran. Ing agama Islam, miturut Bani, sing ana hamung andharan bab jiyarah ing kuburan sing bisa dilakoni ing wektu kapan wae, ora kudu ing sasi Ruwah. Lan jiyarah ing piwulang agama Islam iku werdine sakmadya banget, yaiku supaya wong sing isih urip tansah kelingan yen samengkone uga bakal nemahi pati. Mula ing uripe kudu tansah tumindak sing becik, ora nerak angger-angger agama. Tradhisi nyadran sing ora liya laku jiyarah iku, yen ditlisik pranyata ngoyot marang tradhisi sing lumaku ing jaman Majapahit, yaiku pacara sradha. Upacara sradha iki werdine ora liya kanggo ngabekti marang wong tuwa. Tradhisi iki ora ngoyot marang tradhisi agama tinamtu, ananging ing jaman saiki tansah kawengku ing kapercayan agama. Lire, yen sing jiyarah ing tradhisi nyadran iku wong sing ngrasuk agama Islam, laku jiyarahe ya diwernani tradhisi Islam kayadene dongane nganggo basa Arab. Mangkono uga yen sing jiyarah ing tradhisi nyadran iku wong sing ngrasuk agama Kristen, Hindu, Buddha lan agama liyane, anggone ndonga ya manut piwulang agamane dhewe-dhewe. Kasunyatan mangkene iki, miturut Bani, nuduhake yen tradhisi ing kabudayan Jawa iku duwe sipat gampang manjing ajur-ajer kalawan budaya liyane utawa adaptif. Kasunyatan mangkene iki uga gegayutan kalawan sipate wong Jawa sing tansah ngudi kawujude mamayu hayuning bawana, kaanan kang sarwa harmonis ing wewengkon papan dununge. Mligi bab laku jiyarah dhewe, miturut sawetara nimpuna kabudayan, kaya sing diandharake ing sawetara kapustakan, yen dipindeng saka antropologi, teologi, sosiologi agama lan sujarah agama-agama mesthi didunungake minangka agama kerakyatan. Lan nalika ngrembug tembung agama kerakyatan iki, miturut budayawan Solo, Winarso Kalinggo, tundhone bakal nuwuhake panganggep lan pambiji sing asipat negatip. Laku jiyarah minangka agama kerakyatan ing wacan agama-agama kabiji minangka laku “agama” sing sakmadya lan sinkretis. Wusana dianggep nyebal saka piwulang agama sing resmi. Lan sabanjure wacan agama rakyat iki bakal tansah adhep-adhepan kalawan wacan agama sing diugemi para ulama, nimpuna teologi lan wong-wong liyane sing rumangsa wus nganggep pribadine nguwasani, ngrasuk lan nglakoni piwulang agama sing bener lan pener dhewe. Saka iki banjur tuwuh pambiji yen jiyarah kanggo nenepi, nyadran lan tradhisi spiritual jiyarah liyane dianggep dudu piwulang agama, kepara dianggep ngregeti piwulang agama sing saktemene. Budaya spiritual Jawa tansah bisa manjing ajur-ajer kalawan kahanan kang dumadi. Lan umume tradhisi spiritual Jawa ora asipat homogen. ::Prof Dr Bani Sudardi, Pangarsa Program Studi S2 Kajian Budaya UNS:: | |
|
0 Response for the "Tradhisi spiritual sing ngoyot ing kabudayan"
Posting Komentar