Gendon Humardani sing asma asline Sedyono Djojokartika (SD) Humardani lair tanggal 30 Juni 1923 ing Kutha Solo. Jeneng cilike Sedyono, nanging wiwit isih cilik kondhang kanthi sesebutan Gendon.
Dene jeneng SD Humardani mung digunakake ing kabutuhan sing asipat resmi.
Jeneng Humardani iku dijupuk saka jeneng bapake, Humardani Djojosoedarmo, sing digunakake minangka jeneng resmine wiwit bapake iku tilar donya. Jeneng Djojokartika dijupuk saka jeneng salah siji simbahe lan jeneng iku wus digunakake wiwit isih dadi siswa sekolah MULO taun 1937-an.
Miturut andharan ing buku Gendhon Humardhani, Sang Gladiator Arsitek Kehidupan Seni Tradisi Modern, karyane Rustopo, weton Yayasan Mahavhira, 2001, Gendon iku anak ragil saka papat sedulur sing lair saka pasangan Humardadi Djojosoedarmo lan Soenarti. Sedulure Gendon yaiku Sardjono (tilar donya taun 1980), Soedjono (tilar donya taun 1986) lan Sri Kajatinah.
Humardani Djojosoedarmo iku sawijining juragan sugih ing Kutha Solo. Dene Soenarti kalebu anak turune abdi dalem Karaton Kasunanan Surakarta. Ibune, Nyai Tumenunggung Setjapura dadi abdidalem Bupati Putri Lebet Karaton Kasunanan Surakarta.
Gendon ora suwe diesuh bapak lan ibune, amarga wong tuwane sakloron pisahan sawise bapake ningkah maneh karo Soeharti. Nalika bapak ibune pisahan, Gendon nembe umur pitung taun. Kawitane Gendon manut bapake yaiku tetep manggon ing omahe bapake bareng sedulure lan ibu kuwalone.
Nanging suwening suwe Gendon ora betah amarga tuwuh lan ngrembakane rasa kangen marang ibune dhewe lan rasa gething marang bapake lan ibu tirine. Wusana Gendon metu saka omahe bapake lan banjur manggon bareng ibune, Soenarti. Lan wiwit umur pitung taun iku Gendon wus ngrasakake urip lara lapa bareng ibune.
Nalika Soenarti tilar donya, Gendon wus umur 15 taun. Sawise ibune seda Gendon tetep ora gelem urip saomah bareng bapake, sedulur lan ibu kuwalone. Gendon milih urip bareng bapak cilike, Mangkukartika. Taun 1943 Gendon pindhah menyang Kutha Yogyakarta amarga mlebu sekolah sing disumadhiyakake dening pamarentah penjajah Jepang. Sawise setaun ing Yogyakarta, Gendon pindhah menyang Jakarta sekolah ing sekolah dokter Ika Dai Gaku.
Sasi Desember 1948 Gendon teka ing omahe Mangkukartika. Nalika iku Gendon nandhang lara. Sawise awake waras, Gendon lunga maneh lan nembe taun 1950 dheweke teka maneh ing omahe Mangkukartika. Lan nganti wektu kuwi Gendon isih jothakan kalawan bapake. Nanging yektine bapake tetep mikirake Gendon lan Gendon dhewe uga tansah ngurmati bapake.
Ing taun 1952 Gendon mbangun bale somah kalawan kenya pilihane, Berta. Arepa sesambungan antarane Gendon lan bapake ora apik, nanging Gendon kasil ngrampungake sekolahe wiwit Neutrale HIS Mangkubumen Solo (lulus taun 1937), MULO Surakarta suwene rong taun lan dibacutake ing MULO Bandung taun 1940. Sabanjure kelas IV lan V dilakoni ing LYCEUM Bandung lan lulus taun 1942.
Gendon banjur pindhah sekolah ing Yogyakarta, yaiku ing SMT lan lulus taun 1943. Lulus saka SMT banjur mlebu ing sekolah kedokteran Ika Daigaku ing Jakarta nganti taun 1944/1945 nalika sekolah iku ditutup. Sekolah dhoktere iki dibacutake sawise perang kemerdekaan kapindho, yaiku ing UGM Yogyakarta lan kasil nggayuh gelar docotorandus medicus taun 1959.
Taun 1960/1961 Gendon antuk kalodhangan sinau anatomi ing Inggris.
Wiwit iki ana owah-owahan karep amarga sinaune ora rampung. Gendon banjur sinau joged ing Amerika (1961/1962). Lan yektine wiwit umur 11 taun Gendhon pancen wus gladhen njoged. Nalika sekolah ing Jakarta Gendon nate melu kaimpun ing pepanthan joged Kridha Beksa Wirama. Ing taun 1952 Gendon sakancane ngedegake Himpunan Siswa Budaya (HSB).
Taun 1970/1971 Gendon antuk jejibahan mimpin Proyek Pengembangan Kesenian Jawa Tengah (PKJT) lan ing taun 1975 ditetepake dadi Ketua Akademi Seni Karawitan Indonesia (ASKI) Solo.
Wiwit isih enom nganti mimpin PKJT lan ASKI, Gendon tansah ngasilake pamikiran kanggo ngrembakakake seni tradhisi. Tumrap para cantrike, Gendon mujudake guru sing galak, nanging temen-temen yen mulang. Kacihna uga tetep seneng guyon. Gendon tilar donya tanggal 7 Agustus 1983. ::praBondet Wrahatnala Dosen Etnomusikologi ISI Solo::
-
SUGENG RAWUH
SUGENG RAWUH DUMATHENG SEDHEREK SEDANTEN..
Categories:
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
0 Response for the "Gendon Humardani, saka dhokter dadi seniman"
Posting Komentar