• SUGENG RAWUH

    SUGENG RAWUH DUMATHENG SEDHEREK SEDANTEN..

Jatidhiri Jawi ingkang sejati

Posted by ninkw1dya ( alve Dya Aurelia Latifa) On 0 komentar

Jatidhiri Jawi menika nyakup tuwin ngukup perangan ingkang tebanipun jembar sanget.
Underaning prekawis kawengku ing jagad Jawi ingkang arupi tradhisi, filsafat, aksara, basa, susastra, tuwin budaya Jawi. Jatidhiri Jawi saget dipundhudhah saking sujarah Jawi ing jaman purwanipun. Tukipun wonten ing susastra Jawi ingkang kaserat dening mpu tuwin pujangga minangka pandam pandoming dumadi.
Gumelaring jagad Jawi wonten ing wayang purwa (ingkang amurwa kandha) wonten ing lampahan Manikmaya. Lampahan Manikmaya hanggelar bebadranipun Hyang Antaga, Hyang Ismaya, miwah Hyang Manikmaya minangka caraka ingkang badhe nindakaken darma memayu hayuning bawana. Ciri-ciri Jawi kathah pinanggih wonten ing susastra Jawi ingkang dipungelar wonten ing jagad pewayangan. Kajawi menika jatidhiri Jawi mboten saget uwal saking gegebengan utawi kapitadosan ing tlatah kejawen. Ing jagad kejawen dipunpitados wonten-ipun Sang Pamomong ingkang tansah momong lan ngemong tanah Jawi. Wonten ing jagad pewayangan paraga Semar kapiji minangka pamonging satriya hambeg utami anggenipun badhe merangi watak-watak durangkara.
Ciri-ciri tuwin jatidhiri Jawi kathah pinanggih wonten ing filsafat Jawi. Filosofi Jawi nuntun dhateng ngelmu sangkan paraning dumadi. Pramila lajeng mbabar pangawikan ingkang sambet kaliyan Gusti-kawula utawi kawula-Gusti. Jejering kawula kedah eling, kumawula, ngabekti tuwin manembah dhateng Gustinipun. Kanthi menika jatidhiri Jawi ingkang sejati sambet kaliyan alam hakekat ing jagad kejawen. Pramila lajeng wonten wos utawi suraos wonten ing ngelmu pangawikan manunggaling kawula-Gusti. Jatidhiri Jawi ugi nyakup perangan ingkang kasat mata wiwit tlatah Banten, Pasundan, pesisir kilen dumugi pesisir wetan, tlatah Kedu, Magelang, Banyumas, Ngayogyakarta, Surakarta, dumugi tlatah Blambangan. Kalebet ing ngriki ardi Tidar minangka pakuning Tanah Jawi. Tlatah Ngayogyakarta lan Surakarta sinebat negari gung amargi wontenipun karaton minangka punjering budaya Jawi ingkang adi luhung miwah adi luhur.
Budaya Jawi kasebat adi luhung amargi mengku perangan budaya ingkang nuntun dhateng kaendahaning bebrayan. Pramila lajeng mbabar prasetya wonten ing sesanti: Memayu hayuning bawana, memayu hayuning jagad, memayu hayuning nusa bangsa, miwah memayu hayuning sasama. Budaya Jawi hanggadhahi ciri-ciri adi luhung amargi mengku pangawikan ingkang tumuju dhateng kawaskithan, kawiryan, kawicaksanan, kaluhuran tuwin kasampurnaning gesang.
Kathah sanget wedharan susastra Jawi ingkang caket tuwin raket kaliyan ingkang murba lan masesa jagad. Kalebet ing ngriki jagad cilik (mikro kosmos) tuwin jagad gedhe (makro kosmos). Filsafat Jawi dipunngendikakaken langkung jangkep katimbang filsafat kilen (Barat) ingkang underanipun wonten ing kawicaksanan.
Jatidhiri Jawi ugi katingal saking filsafat Jawi ingkang langkung onja katimbang filsafat ing tlatah sanesipun. Menapa kemawon ingkang dumados ing tanah Jawi wiwit brang kilen dumugi tlatah brang wetan saget dados titikan minangka Jatidhiri Jawi ingkang maneka warni. Ing saben tlatah pinanggih ciri-ciri budaya ingkang mboten sami kaliyan tlatah sanesipun. Sesanti adikaryanipun Mpu Tantular wonten ing kitab Sutasoma inggih menika: Bhinneka Tunggal Ika saget dipunwastani minangka jatidhiri Jawi ingkang sejati.
Samangke, sesanti Bhinneka Tunggal Ika sampun manunggal minangka jatidhiri Nuswantara tuwin inukir wonten lambang nagari peksi Garudha. Kanthi menika, Pancasila ingkang nyawiji kaliyan peksi Garudha saget dipunwastani minangka jatidhiri Jawi ingkang lajeng dipunkukuhaken minangka dhasar miwah falsafah negari.



Categories:

0 Response for the "Jatidhiri Jawi ingkang sejati"

Posting Komentar