Wiwit anapaki surya 1 Ruwah Tahun Jimawal 1941 ingkang dhawah ing dinten Senin Wage surya 4 Agustus 2008, limrahipun brayat ageng kejawen sami nindakaken tradhisi leluhur nglurekaken ritual ingkang sampun kelampahan wiwit kina makina inggih menika jiyarah kubur, utawi nyekar dhateng pasareyanipun leluhuripun piyambak-piyambak.
Prastawa ngaten jamak winastanan nyadran utawi sadranan. Dene katelah sadranan inggih awit saking ukara Sangsekerta, saking tembung sadra ingkang ngemu suraos sesaji.
Pancen sampun tradhisi tumrapipun tiyang Jawi, bilih ing sasi Ruwah utawi wulan arwah, tradisi nyadran kados-kados sampun kalebet situs ritual kangge mapak sasi Ramadan, utawi sasi Pasa dumugi Riyaya Idul Fitri. Menawi kita telatos ngonceki werdinipun sadranan, kathah bab-bab ingkang minangka ajaran luhur tumrap gesang ing masyarakat. Sanesipun tata-tata mapak Sasi Suci lan Riyadi Idul Fitri, nyadran ugi caos piwucal, bilih enggal lawasipun tiyang tertamtu badhe nglampahi surut ing kasedan jati, lan ing mriku mboten mbeta banda donya, dlajat pangkat inggih namung sangu ngamal sae nalika sugengipun ingkang saged kabeta minangka sangu marak ing pangayunaning Gusti Ingkang Maha Kuwaos.
Kanthi pemut lumantar tradisi nyadran, tiyang badhe nggadhahi pengatos-atos, mboten ngegungaken bandha, donya, dlajat, pangkat ingkang wekdal sugengipun sanget anggenipun ngudi.
Ingkang angka kalih, piwucal saking prastawa sadranan, inggih menika nuntun dhumateng kita tiyang gesang ingkang tansah remen nengenaken gesang bebrayan utaminipun ingkang nunggil trah, sampun ngantos cutel utawi kepaten obor sesambetan kadang waris ing trah kasebat. Menika saged kita uningani bilih ngancik sasi Ruwah, sedherek-sedherek ingkang sumebar ing perantauan sami nyelakaken wangsul, makempal, sesarengan kintun donga dhumateng para-para ingkang sampun sumare. Ing mriku sesambetan ing antawisipun kadang kadyan nunggil trah badhe sangsaya rumaket.
Kanthi sami ngrawuhi pasareyan makamipun para leluhur, lajeng sami reresik sak derengipun ngintun donga; prastawa menika saged adamel swasana ing makam mboten ketingal rungkut, angker, ngajrih-ajrihi, kanthi tansah karukti ing saben-saben, badhe njalari kawontenan makam kados asri, resik gumrining, saged adamel ayem ing manah ingkang badhe tumus ayemipun para leluhur ingkang sumare.
Nyadran pancen sanes ajaraning satunggaling agami, ananging sampun wiwit zaman sumebaripun agama Hindu, Buddha ngantos agami Islam, Kristen, Katholik marambah ing Bumi Nuswantara, utaminipun ing tlatah Jawadwipa. Tradhisi ngintun donga leluhur ingkang sampun sumare kasebat sampun kados dene kewajiban menggahing tiyang Jawi, awit ing mriku mengku werdi minangka dharma bhaktinipun putra wayah tumrap leluhur ingkang semare.
Kados-kados sedaya tradhisi sesaji, menawi kita tlatos ngonceki, badhe mujudaken ujubing pandonga. Pramila, miturut pamawas kawula minangka pamedhar wartos menika, tradhisi nyadran sinaosa ngantos mbenjingipun badhe tetep pantes utawi tetep taksih relevan pun tindakaken lan pun lestarekaken; awit pranyata ngemu piwucal luhur ingkang leres-leres adiluhung. Nuwun. ::Dening: Ki KRMHT Djoko Pandjihamidjoyo BA::
-
SUGENG RAWUH
SUGENG RAWUH DUMATHENG SEDHEREK SEDANTEN..
Categories:
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
0 Response for the "Kathah ajaran tumrap masarakat"
Posting Komentar