Michael Everson, nimpuna unicoding saka Unicode Consortium, Amerika Serikat, ndalem taun 2007, nelakake rasa mongkog lan gumune nalika meruhi sawetara papan ing Kutha Solo nggunakake aksara Jawa kanggo nulis jenenge papan iku.
Mbokmenawa, miturut panemune Ketua Persatuan Pedalangan Indonesia (Pepadi) Jateng, Ki Sutadi, sawetara dina kapungkur ing Griya Solopos, yen Michael teka maneh ing Kutha Solo ing dina-dina pungkasan iki, dheweke bakal sansaya mongkog lan gumun amarge wus sansaya akeh papan utawa wangunan kang nggunakake aksara Jawa kanggo nulis jenenge papan utawa wangunan iku.
Kutha Solo pancen sansaya adreng ndhudhah maneka kaskayane kabudayan Jawa kanggo ngrerengga swasana kutha. Ancase, miturut Walikota Solo, Joko Widodo, murih Kutha Solo kang duwe slogan kutha budaya iku temen-temen duwe ciri mligi asumber oyot kabudayane, yaiku kabudayan Jawa.
Lan kasunyatane, nalika Walikota Solo netepake kawicaksanan ngetrapake kasakayane budaya Jawa ing samubarang kegiyatan mbangun lan mekarake Kutha Solo, akeh pehak kang aweh panjurung, kalebu ing kalangane kegiyatan bisnis lan pariwisata.
Kayadene kuwajiban nulis jeneng papan nggunakake aksara Jawa, yektine ora mung wates kanggo aweh tetenger yen Kutha Solo iku oyot kabudayane ya kabudayan Jawa, ananging uga kanggo ”ngedol” Kutha Solo.
Yen Kutha Solo duwe ciri mligi kang ngoyot marang kabudayane, miturut budayawan Jawa, Winarso Kalinggo, samengkone Kutha Solo bisa duwe ciri mligi kang beda yen katandhingake karo kutha-kutha liyane, ing tlatah regional, nasional apadene internasional.
Pawadan ciri kang mligi iku, yaiku ciri asumber oyot kabudayan Jawa, samengkone Kutha Solo bakal narik kawigatene wong-wong saka sanjabane Kutha Solo. Yen wus mangkono, yekti Kutha Solo bakal payu ing madyaning bisnis lan pariwisata. Tebane, bakal akeh wong saka sanjabane Kutha Solo kang mblanjakake dhuwite ing Kutha Solo. Warga Solo akeh kang kepayon dodolane lan tundhone ekonomi Kutha Solo uga ningkat.
Pralambang
Lan kasunyatan mangkono iku, uga bisa dadi bukti, yektine budaya Jawa bisa ditrepake ing madyaning bisnis lan pariwisata. Budaya Jawa kang dikarepake nglimputi bab pralambang-pralambang kabudayan kayadene aksara Jawa lan maneka rupa seni asumber budaya Jawa, lan uga bab filosofi utawa kandhutan tapsiran kang tebane amba banget.
Pembantu Rektor I UNS, Prof Dr Ravik Karsidi, nalika mbuka seminar nasional Reaktualisasi Nilai-Nilai Luhur Budaya Jawa, ing Fakultas Sastra dan Seni Rupa (FSSR) UNS, dina Senen (7/4), ngandharake madyaning bisnis tansah nengenake bab daya saing. Budaya yektine uga duwe kaskayane tapsiran, sikep lan filosofi kang bisa njurung tuwuh lan ngrembakane daya saing iku.
Sing dibutuhake ora liya upaya kanggo ndhudhah kaskayane budaya Jawa murih bisa ditrep-ake supaya njurung tuwuh lan ngrembakane daya saing. Kayadene filosofi alon-alon waton kelakon, yekti kudu didhudhah murih bisa jumbuh karo kabutuhan nuwuhake lan ngrembakakake daya saing iku.
Madyaning bisnis, uga pariwisata, tansah mbutuhake trep-trepane efisiensi, efektivitas pelayanan, cepete ngrampungi gaweyan kanthi asil optimal lan bisa nututi lakune jaman lan owah-owahan ing madyaning bebrayan internasional.
Lamun wong Jawa bisa ndhudhah kaskayane kabudayane dhewe, miturut Ravik, lan bisa njumbuhake karo kabutuhan-kabutuhan ing madyaning bebrayan jaman modheren, kalebu kabutuhan ing madyaning bisnis kaya mangkono iku, samengkone budaya Jawa lan bebrayan Jawa bakal menjila, duwe daya saing kang ngedab-edabi saengga bisa ngadhepi ombyaking kabudayan global.
-
SUGENG RAWUH
SUGENG RAWUH DUMATHENG SEDHEREK SEDANTEN..
Categories:
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
0 Response for the "Budaya Jawa ing jagad bisnis"
Posting Komentar