Seni tradhisi lan seni modhern tumrap saperangan warga bebrayan ing wanci-wanci pungkasan iki dianggep rong bab kang ora bisa dijumbuhake. Seni tradhisi duwe papan lan kalodhangan sarta sutresnane dhewe. Mangkono uga seni modhern.
Ananging ana uga saperangan warga bebrayan sing duwe panemu lan panganggep yen antarane seni tradhisi lan seni modhern iki bisa nyawiji lan tansah ana sesambungan. Seni modhern sing apik racake tansah lelandhesan tapsiran asil karya seni tradhisi.
Utawa, sakorane pangriptane duwe kawasisan, kaprigelan lan kawegigan pinunjul ing ulah seni tradhisi saengga kasil ngripa asil karya seni modhern sing pinunjul uga. Panemu lan panganggep kang beda bab jejering seni tradhisi lan seni modhern ini wola-wali nuwuhake pradondi.
Mligine tumrap saperangan generasi mudha jaman saiki, sing wus kadayan budaya nyejagat utawa globalisasi, ana sing nganggep yen seni tradhisi iku kuna, ora njamani, ora jumbuh kalawan budaya urip jaman modhern lan panganggep sajinis.
Lan ana uga sing nganggep yen seni tradhisi iku yektine mujudake jati dhirine bangsa, jati dhiri budaya. Seni tradhisi mujudake asil karya leluhur sing asipat edi peni lan adiluhung, ngandhut tapsiran-tapsiran sing gegayutan kalawan lakuning urip lan panguripan saengga kudu dileluri nganti kapan wae.
Prof Dr Sri Hastanto, sing nate nyantrik marang Gendon Humardani, ing satengahing acara mengeti 25 taun sedane seniman Sedyono Djojokartiko Humardani sing kondhang kanthi sesebutan Gendon Humardani, sawetara dina kapungkur, nelakake, bab jejering seni tradhisi lan seni modhern yektine ora prelu nuwuhake pradondi.
Asil karya seni modhern sing apik kudune ngandhut tapsiran sing luwih sakabehe yen katandhingake kalawan asil karya seni tradhisi. Yen ana sawijining asil karya seni modhern pranyata kandhutan estetis-e, tapsirane lan maneka bab liyane isih luwih ala tinimbang seni tradhisi, ateges asil karya kasebut durung bisa dibiji pinunjul.
“Nalika isih nyantrik marang swargi Gendon Humardani, ana wewaler aja pisan-pisan mbiji yen seni tradhisi iku underane sarwa bab kang kawuri, bab kang gegayutan urip lan panguripan jaman biyen. Yen nganti ana wong, apamaneh cantrik, sing ngungelake panemu mangkono kuwi bakal antuk sesorah saka Pak Gendon sing padha karo kudu kuliyah sing bobote 2 SKS,” piterange Hastanto.
Mendem
Gendon Humardani sing nate mangarsani Proyek Pengembangan Kesenian Jawa Tengah (PKJT) sing mapan ing Sasanamulya lan uga nate mangarsani Akademi Seni Karawitan Indonesia (ASKI) Solo, saiki dadi ISI Solo, pancen mujudake salah sijine seniman pinunjul sing kasil medharake werdine ngleluri seni tradhisi gegayutan kalawan tuwuh lan ngrembakane seni modhern.
Gendon Humardani nalika sugenge pancen tansah nengenake upaya nggegulang para cantrike ing ulah seni tradhisi lan duwe sikep kaya-kaya ora preduli marang seni-seni modhern. Kanyatan kang lumaku ing PKJT lan ASKI iki, miturut Hastanto, ora amarga Gendon nganggep yen seni modhern iku luwih ala ajine tinimbang seni modhern, lan suwalike.
Pamikirane Gendon ing bab seni tradhisi iki, miturut Hastanto nganti saiki panggah isih dadi cekelane ISI Solo. Miturut Gendon, seni modhern ora pati digape ing kridhane ngesuhi PKJT lan ASKI amarga seni modhern lan para senimane wus duwe arah sing cetha, duwe gegebengan sing cetha lan uga duwe sikep manteb ing ati. Ananging jagad seni tradhisi ora kaya mangkono. Para seniman seni tradhisi rata-rata isih mendem mring jayane jaman kawuri, saengga prelu digugah saka ngimpine iku.
Bab iki gegayutan rapet kalawan kaanan seni tradhisi sing miturut Gendon duwe telu tapsiran pinunjul. Katelune yaiku, repertoar lan garapane mrelokake virtuositas dhuwur lan eksplisit saengga asipat kompetitif, ngandhut cakepan-cakepan seni sing bisa dikrembakakakane dadi ilmu seni sing ora kalah kalawan seni-seni bangsa liya lan ngandhut tapsiran jari dhiri bangsa.
“Kanthi mangkono, seni tradhisi mujudake pawitan sing ngedab-edabi tumrap daya sanggit, upaya ngrembakakake ilmu mligi lan jati dhiri bangsa. Telu kapinunjulan seni tradhisi iki kuwu dikuwasani dening generasi panerus bangsa, digarap lan ditrapake tumrap kapentingan saiki lan wektu kang bakal teka. Karya-karya sing lelandhesan seni tradhisi ing wektu saiki kudu luwih apik lan luwih mupangati tumrap urip lan panguripan jasmani lan rohani warga bebrayan jaman saiki,” tandhese Hastanto.
-
SUGENG RAWUH
SUGENG RAWUH DUMATHENG SEDHEREK SEDANTEN..
Categories:
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
0 Response for the "Ngrembug seni tradhisi lan modhern"
Posting Komentar