• SUGENG RAWUH

    SUGENG RAWUH DUMATHENG SEDHEREK SEDANTEN..

Ramalan jaman edan

Posted by ninkw1dya ( alve Dya Aurelia Latifa) On 0 komentar



Kuncarane pujangga Ranggawarsita nembus laladan lan wektu nganti taun 2008 iki. Kawentare amarga sujarah utawa lelabuhane ana ing jagad kasusastran Jawa.
Tulisane ngumandhang lan merbawani para parampara, nimpuna, ilmuwan, sastrawan lan bebrayan ing alam global wektu iki.
Mula ora aneh menawa tumeka dina iki, akeh banget ayahan pengetan, jiyarah, sarasehan, seminar ngenani adikaryane pujangga Ranggawarsita. Ndhudhah buku-buku anggitane pujangga Ranggawarsita pepak banget. Akeh kang nyakup lan ngukup babagan, kasusastran, kabudayan, babad utawa dongeng, panggula wenthah (pendhidhikan), paramasastra, bausastra, tatacara, primbon, kawruh lepasing jiwa, filsafat, jangka lan liya-liyane. Mindeng buku-buku karyane pujangga Ranggawarsita akeh tinemu tembung (term), gegaran utawa konsep ngenani wulang wuruk, kahanan praja, tatacara, panguripan, ciri-ciri, watak, jangka utawa ramalan.
Manut andharane Darusuprapta (sawargi) ana ing Almanak Dewi Sri taun 1974 udakara ana 60 buku sing tinulis dening pujangga Ranggawarsita. Serat Jayengbaya dianggit rikala umur 24 taun bisa dadi titikan menawa Bagus Burham (asma timure pujangga Ranggawarsita) duweni bakat ngarang utawa nulis sing ngedab-edabi. Nyinau Serat Jayengbaya tinemu konsep panguripan kanggo nggayuh katentreman lan kabagyan. Gagasan lan imaginasi-ne ngrembaka ngandharake patang puluh pitu jinis pakaryan. Kabeh pakaryan ora ana kang dipilih amarga sarwa akeh kekurangane. Putusane banjur bali marang pilihane sakawit amarga diantepi bakal bisa urip lestari.
Minangka dudutan, kanggo sangu jaya ing bebaya (jayengbaya) prelu taberi anggone makarya, andhap asor, wicaksana, lan tansah syukur marang Gusti Ingkang Maha Kawasa. Serat Jayengbaya dadi titikan menawa pujangga Ranggawarsita mumpuni lan lantip panggrahitane mindeng rupa-rupa kahanan wektu iku. Kajaba saka iku pujangga Ranggawarsita duweni watak seneng lelana brata lan taberi maguru tekan tlatah Bali. Karana iku pujangga Ranggawarsita nguwasani sakehing ngelmu adhedhasar kanyatan, referensi utawa wewaton agama Islam, Kejawen, Budha lan Hindhu. Buku-buku kang ndudut ati lan banjur kawentar yaiku Kalatidha minangka titikan anane Jaman Edan. Buku Jakalodhang ngemot ramalan arep tekane jaman apik (kamardikan) lan buku Sabdajati ngenani ramalan nganti tumekane pujangga Ranggawarsita arep murut ing kasedan jati. Wewaton buku-buku kasebut ana sing ngarani menawa pujangga Ranggawarsita duweni kawaskithan utawa ngerti sadurunge winarah.
Ramalan arep anane Jaman Edan dadi kembang lambe lan wiwit kesuwur rikala Bung Karno pidhato ana peresmian patung Ranggawarsita ing museum Radya Pustaka tanggal 11 November 1953. Sinebut ana ing Serat Kalatidha ngenani arep anane jaman edan ewuh aya ing pambudi. Ana ing jaman edan lakuning pranatan rusak, ora ana patuladhan, akeh wong pinter padha melu, kelu, lan katut ombyaking jaman. Menawa melu ngedan ora tahan, menawa ora melu nglakoni ora bakal oleh panduman, wekasane bisa kaliren. Nanging manut takdir Allah, begja begjane kang lali luwih begja kang eling lan waspada. Kahanan kang sinebut ing wektu iku kaya-kaya akeh sing cocok karo kahanan wektu iki. Ing babagan hukum utawa pranatan akeh sing padha nglanggar. Tumindak korupsi lan kolusi mrambah ana ngendi-endi. Kahanan ekonomi mrihatinake amarga rega-rega padha mundhak lan kehe wong nganggur lan mlarat.
Serat Kalatidha menehi piwulang ngadhepi jaman edan, yaiku supaya padha mawas dhiri, eling lan waspada. ::Ki Sutadi, Pangarsa Pepadi Jawa Tengah::



Categories:

0 Response for the "Ramalan jaman edan"

Posting Komentar