Sawetara karya sastra Jawa ana kang mbabar andharan mligi bab wanita.
Antarane, Serat Centhini, Serat Yadnyasusila, Serat Candrarini, Serat Wulang Putri lan liyane.
Serat-serat kasebut ngandhut piwulang bab etika lan moral tumrap wanita. Anane serat-serat piwulang kang mligi ngrembug bab wanita iki nuduhake yen prekara wanita mujudake bab kang narik kawigaten tumrap para pujangga lan raja ing tanah Jawa jaman biyen.
Ancase para pujangga ngripta serat-serat piwulang bab wanita jumbuh karo kabutuhan pulitik jaman iku. Dene ancase, miturut andharan ing sawetara pustaka, ora liya kanggo njaga murih tetep tentreme sesambungan lan pasrawungan ing antarane warga karaton kang saperangan dumadi saka para wanita. Ana kapentingan pulitik nyata kang njurung dumadine serta-serta piwulang kasebut, yaiku kanggo ngawekani tuwuhe dredah ing antarane warga karaton kanthi cara mikukuhi tatanan sosial lelandhesan budaya Jawa kang patriarkhi.
Wusana, wanita didunungake minangka titah kang wewenange hamung ing bab ngreksa bale somah utawa wewengkon domestik, iki kang banjur nuwuhake unen-unen wanita iku minangka kanca wingkinge priya lan wanita iku kudu wani ditata. Dene priya didunungake minangka titah pinunjul lan nguwasani wewengkon publik.
Riptan tatanan sosial kang ndunungake wanita ing wewengkon domestik iki uga lelandhesan panganggep kang gegayutan karo raga lan batine wanita kang ringkih, luwih nengenake rasa (emosi), kurang pikir (irasional) lan uga ora duwe rasa manteb marang dhiri pribadine.
Panganggep ngene iki banjur nuwuhake pambiji yen wanita iku ora duwe hak kanggo netepake putusan utawa kawicaksanan, kalebu tumrap dhiri pribadine. Panganggep kang banjur menjila dadi perangane budaya iki tetep lumaku engga gumantine abad XX lan nganti kawitan abad XXI iki. Jumbuh karo kanyatan yen budaya iku tansah ngalami owah-owahan nut lakune jaman, panganggep marang wanita asumber serat-serat piwulang iku saiki wus ngalami owah-owahan. Akeh wanita Jawa kang saiki mbangun kridha ing wewengkon publik. Kacihna wujude isih wates retorika politis.
Pancen wus akeh wanita kang nyekel panguwasa, wenang ngatur lan wenang gawe aturan, ananging durung ndayani banget marang upaya ngowahi panganggep budaya bab wanita Jawa kang asumber serat piwulang asiling kabudayan Jawa punjer karaton iku.
Nalika bebrayan Jawa akeh sing wus ngiwakake oyot kabudayane lan milih ngugemi piwulang agama, pranyata piwulang agama bab dununge wanita tetep isih diwernani panganggep manawa wanita iku titah nomer loro, nomer sijine tetep priya.
Riffat Hasan, guru besar Religious Studies Universitas Lousville, Kentucky, AS, nelakake panganggep lelandhesan piwulang agama kang ndunungake wanita iku luwih asor tinimbang priya nganti saiki isih urip ing bebrayan.
Miturut Riffat, kahanan mangkene iki dumadi amarga piwulang agama iku tetep diwadhahi dening wangunan budaya lan sosial kang asipat patriarkhi. Lan kabudayan Jawa kang asumber karaton nyata-nyata mikukuhi ”kawicaksanan sosial” ndunungake wanita ing papan kang luwih asor tinimbang priya.
Ing jaman modhern, globalisasi, lan informasi iki tumrap wanita Jawa tetep isih mbutuhake perjuwangane kanggo mujudake urip kang bisa ndunungake wanita lan priya minangka titah kang padha-padha kalungguhane minangka manungsa
-
SUGENG RAWUH
SUGENG RAWUH DUMATHENG SEDHEREK SEDANTEN..
Categories:
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
0 Response for the "Wanita, budaya lan agama"
Posting Komentar