Satra lan kabudayan ora bisa dipisahake. Kabudayan maju amarga sastrane. Dene sastra ora bisa dipisahake saka pulitik. Tuwuh lan ngrembakane sastra tansah ana sesambungane kalawan kawicaksanan pulitik sing ditrepake dening panguwasa.
Mangkono pratelana Dr Oesman Arief, dwijawara Filsafat Ilmu ing Jurusan Sastra Daerah Fakultas Sastra dan Seni Rupa (FSSR) UNS, kang uga dadi dosen ing program pascasarjana UNS, sawetara dina kapungkur ing Pendhapa TBJT Solo..
Sastra Jawa nganti saiki pancen tetep urip lan ngrembaka, nanging uripe kunthing, mung winates ing wewengkon tinamtu. Bab iki, miturut Oesman ora bisa uwal saka kawicaksanan pulitik basa sing nate ditrepake ing nagara iki. Sing mligi dhewe yaiku nalika ditrepake Kurikulum 1975 sing netepake yen basa ing sekolahan, wiwit TK nganti pawiyatan luhur, mung wates basa Indonesia.
”Ing jaman Orde Baru, mligine antarane taun 1975-1998, basa Jawa pancen ora ngrembaka. Putusan-putusan kongres lan maneka patemon liyane sing ancase kanggo ndayakake basa Jawa ora ana sing dileksanakake. Ing ngendi wae, basa dhaerah, kalebu basa Jawa ora kena ngrembaka, dicures dening pulitik basa sing lumaku,” piterange Oesman.
Lan wusana, nalika kaanan pulitik wus sansaya tinarbuka, sastra Jawa ngadhepi pepalang maneka warna amarga basa Jawa mung digunakake minangka basa resmi ing wewengkon sing winates banget. Piwulang basa Jawa ing sekolahan mung wates muatan lokal. Karya sastra Jawa mung bisa diwaca ing sawetara kalawarti abasa Jawa.
Lan kepriye nasibe sastra Jawa ing tembe mburi, miturut Oesman, yektine gumantung marang awake dhewe, warga bebrayan Jawa. Oesman mrayogakake supaya pamarentah aweh panjurung temen-temen marang sansaya mratahe sanggar lan yayasan sing ngadani piwulang lan gladhen basa Jawa. Sasuwene iki racake sanggar lan yayasan kasebut urip mandhireng, saengga angel ngrembakane.
Mligi bab karya sastra Jawa, miturut Oesman, yekti bisa dadi sarana piwulang sing migunani tumrap upaya mbina bebrayan. Karya sastra sing murakabi tumrap upaya mangkene iki mesthi wae karya sastra Jawa sing apik. Karya sastra uga bisa dadi sarana panglipur, piwulang moral, crita sujarah utawa suka katrangan marang pamaos.
”Kanthi maca karya sastra Jawa sing apik, wong bakal antuk maneka pangerten lan ilmu sing migunani tumrap uripe. Dene apik lan orane karya sastra Jawa gumantung marang panganggite. Karya sastra Jawa sing apik uga bakal ngrekam kawicaksanan lokal sing bisa suka patuladhan sing migunani tumrap warga bebrayan sing maca,” piterange Oesman.
Kepriye supaya sastra Jawa bisa ngrembaka temen-temen, ora mung wates urip nanging kunthing? Oesman suka pamrayoga supaya kabeh pehak kang gegayutan kalawan urip lan ngrembakane sastra Jawa ora wigah-wigih nggunakake ilmu sing sasuwene iki ndadekake kadheseke sastra Jawa. Ilmu sing dikarepake kora liya ilmu asumber ideologi kapitalisme sing mindeng samubarang iku saka petungan bathi lan tuna.
Dhalang Wayang Kampung Sebelah kang uga sutresna budaya Jawa, Ki Jlitheng Suparman, sarujuk kalawan pamrayogane Oesman iku.
”Kanggo ngrembakakake sastra Jawa prayogane kabeh pehak kang gegayutan, ya sastrawane, ya pandhemene lan liyane, ora prelu alergi marang budaya industri sing yektine asumber saka kapitalisme. Ing budaya industri kabeh dipindeng kanthi petungan tuna apa bathi. Jagad sastra Jawa kudune uga ngetrapake bab iki,” pratelane Suparman.
Kacihna mesthi wae budaya industri asumber kapitalisme sing kudu ditrepake iku luwih dhisik dijumbuhake kalawan budaya asline wong Jawa. Suparman nandhesake industri mupangatake sastra iku mesthi kedaden. Ananging arang banget, kepara ora ana, sastrawan Jawa sing gelem mupangatake industri kanggo kapentingane sastra. ::Yan Tohari, sastrawan Jawa::
-
SUGENG RAWUH
SUGENG RAWUH DUMATHENG SEDHEREK SEDANTEN..
Categories:
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
0 Response for the "Sastrawan Jawa kudu lumebu ing budaya industri"
Posting Komentar