Njenengi bayi tumrap bebrayan Jawa kalebu laku asipat ritual.
Sepasar utawa limang dina sawise laire si bayi dadi dina mligi tumrap wong tuwane bayi kanggo mbiwarakake jeneng marang kulawarga liyane lan tangga teparo. Tata carane nganggo bancakan kang ditekani kabeh kulawarga, sesepuh lan tangga teparo. Jeneng sing wus dicawisake adoh dina sadurunge si bayi lair ing kalodhangan iku bakal ditetepake minangka jenenge si bayi.
Jeneng sing diparingake marang bayi iku, miturut andharan ing sawetara kapustakan kang ngrembug bab budaya uripe wong Jawa lan tradhisi kang diugemi, biyasane nuduhake urutan laire, tingkat sosial kulawarga wong tuwane, lanang utawa wadon, prastawa tinamtu kang mbarengi laire si bayi, gegayuhan lan pangarep-arepe wong tuwa lan sapiturute. Jeneng kang mratandhani urutan laire kayadene eka, dwi, tri, catur, panca lan sapiturute.
Dene yen jenenge iku mratandhani tingkat sosial kulawarga utawa wong tuwane, racake nggunakake tembung-tembung saka basa Sanskerta lan tembung liyane kang dadi pratandha dununge tingkat sosial ing madyaning bebrayan. Tuladhane kaya mandalaputra, gusti, dewi, sri, kusuma, ratna, adi, bhaskara, bayu lan sapiturute.
Prastawa tinamtu kang mbarengi utawa dadi pangeling-eling marang laire si bayi dening bebrayan Jawa uga kerep didadekake dhasar ngracik jeneng. Tuladhane kaya jeneng anggana kang nuduhake yen dheweke lair ing dina Slasa, ngadina kang nuduhake yen dheweke lair ing dina Minggu (Ahad utawa Ngad) lan sapiturute. Lan jeneng kang gegayutan karo gegayuhan lan pangarep-arepe wong tuwa racake arupa tembung-tembung kang ngemu teges sarwa apik. Tuladhane kaya budiman kang ngandhut donga panyuwunan murih di bayi ing dewasane menjila dadi wong kang migunani tumrap wong liya lan bebrayan.
Amarga jeneng tumrap bayi ing madyaning bebrayan iku ora mung wates dadi tetenger, ananging uga ngandhut tapsiran-tapsiran jero, mula ing bebrayan Jawa lumrah tinemu ana bocah kang ganti jeneng nganti wola-wali amarga dibiji kabotan jeneng. Tandhane bocah kang kabotan jeneng, miturut panemu kang lumrah ing bebrayan Jawa, arupa bocah kang tansah nandhang lelara, bocah kang tansah nandhang kacilakan utawa bocah kang tuwuh lan mekare pisik lan mentale dibiji ora jumbuh karo umure.
Jarwo Setiyo, 33, warga asli saka tlatah Wukirsari, Cangkringan, Sleman, Yogyakarta, nalika wawangunem kalawan Espos, ing tlatah Kartasura, sawetara dina kapungkur, nelakake duwe pengalaman ganti jeneng amarga nalika cilik dibiji kabotan jeneng. Miturut Jarwo, ora kurang saka kaping papat dheweke ganti jeneng. Lan tujune nalika dheweke cilik nganti umur udakara wolung taun durung ana kawicaksanan bab akta kelairan. Lan nalika dheweke ganti jeneng kang kaping papat iku kang sabanjure dadi jeneng sing dicathet ing akta kelairan.
”Aku mung kelingan jenengku sing sepisanan, yaiku Subagyo Widodo. Jarene bapakku, nganti umur setaun luwih aku tansah lara-laranen saengga jenengku diganti. Bubar kuwi udakara telung taun aku isih tansah lara-laranen, banjur jenengku diganti maneh. Sawise iku jarene bapak, aku kerep kacilakan. Mula jenengku diganti maneh. Pungkasan nalika aku mlebu SD kelas I jenengku diganti Jarwo Setiyo nganti saiki,”piterange Jarwo.
Kahanan kabotan jeneng iki, ing jaman saiki wus arang tinemu amarga nalika bayi lair lan dijenengi wus kudu enggal didaptarake marang sing kawogan ing paprentahan lan banjur digawekake akta kelairan.
Miturut pamawase Jarwo, jan-jane dheweke nalika cilik tansah lara-laranen ora amarga kabotan jeneng, ananging amarga gizi sing kurang apik. Bapake mung among tani sing anake cacah sanga, dene ibune mung ibu rumah tangga. Dene nalika kerep nandhang kacilakan, amarga nalika iku, miturut Jarwo, dheweke pancen kalebu bocah sing ndhridhis, rada nakal lan seneng sakarepe dhewe
-
SUGENG RAWUH
SUGENG RAWUH DUMATHENG SEDHEREK SEDANTEN..
Categories:
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
0 Response for the "Kabotan jeneng"
Posting Komentar