Ngenger mujudake laku ing budaya Jawa sing jaman biyen dadi dalane para ngaluhur nggayuh kamulyan. Ing maneka kapustakan akeh crita bab laku ngenger sing wusana ndadekake sing ngenger bisa dadi wong, cekel panguwasa, duwe kalungguhan lan kajen keringan.
Laku ngenger iki, miturut paraga Presidium Pusat Lembaga Kabudayan Jawi (PLKJ) Surakarta, Widijatno Sontodipuro, dadi sarana nggegulang jiwa. Wong sing ngenger bisa sinau marang sing dingengeri. Amarga racake wong sing dingengeri iku wong sing luwih pinter, jembar kawruhe, ana uga sing luwih sugih, kalungguhane luwih dhuwur lan drajat pangkat liyane sing sarwa luwih.
Saka laku ngenger iku, wong sing ngenger ateges ngiras pantes dadi siswane sing dingengeri. Dene wong sing dingengeri kanthi sadhar uga tansah ngupaya nggegulang sing ngenger supaya ing tembe mburine bisa menjila dadi wong sing pinter, luhur bebudene, ngerti tatakrama lan subasita, bisa ngregani liyan, taberi lan sipat-sipat pinuji liyane.
Ing jaman biyen, miturut Widijatno, wong ngenger iku racake asale saka tlatah karang pradesan. Sing dingengeri dumunung ing tlatah kutha. Antarane wong tuwane sing ngenger lan sing dingengeri racake isih ana sesambungan sedulur. Akeh uga kanyatan antarane sing ngenger lan sing dingengeri ora ana sesambungan sedulur, ananging biyasane antarane wong tuwa sing ngenger lan sing dingegeri wus tepung suwe utawa malah memitran pindha sedulur.
Ana uga laku ngenger iku antarane wong pidak pedarakan marang sawijining priyayi. Ananging dening priyayi kasebut, wong sing ngenger ora dianggep abdi utawa batur. Sing ngenger, kacihna drajate luwih asor, tetep dianggep minangka perangane kulawarga. Sing ngenger tetep digegulang dening priyayi iku. Saengga ing tembe mburine sing ngenger iku bisa ngangkat drajate dhewe engga padha kalawan priyayi sing dingengeri ing bab kapinteran, bebuden, lan sok-sok uga ing bab kalungguhan lan panguwasa.
“Jaman biyen, bocah utawa kanoman saka karang pradesan ngenger menyang pamane utawa pakdhene sing dedunung ing kutha. Ancase yektine supaya bisa sekolah luwih dhuwur amarga ing tlatah karang pradesan sekolahan iku mung wates SD. Yen pengin mbacutake ing SMP, SMA utawa kuliyah ing pawiyatan luhur ya kudu pindhah menyang kutha. Carane kanthi ngenger iku mau,” piterange Widijatno.
Nggulawenthah
Ing laku ngenger, wong sing ngenger duwe kuwajiban mbiyantu samubarang gawe ing omahe sing dingengeri. Sing ngenger ora wajib asok prabeya lan uga ora antuk bayaran saka sing dingengeri. Dene sing dingengeri wajib nggulawenthah sing ngenger murih sekolahe kasil lan uga wajib nggulawenthah ing bab budi pakerti, tatakrama lan subasita.
Widijatno sing duwe pengalaman ngenger marang bulike iki nambahake, bocah utawa kanoman sing ngenger biyasane diwenehi papan utawa kamar mligi ing perangan omahe sing dingengeri. Saben esuk duwe kuwajiban resik-resik omah lan mbiyantu samubarang gawe liyane. Yen wancine kudu sekolah ya kudu mangkat sekolah nganti rampung melu kabeh kegiyatan ing sekolahan.
Laku ngenger iki biyasane lumaku nganti bocah utawa kanoman sing ngenger mentas uripe. Ana sing ngenger wiwit mlebu SMP, dibacutake mlebu SMA, lan wusana bisa lulus saka pawiyatan luhur lan omah-omah. Lan sabanjure antarane sing ngenger lan sing dingengeri tansah ana sesambungan kadidene antarane anak lan wong tuwa.
Yen bocah utawa kanoman sing ngenger iku asale saka kulawarga sing kesrakat uripe, biyasane kabutuhan prabeya kanggo sekolahe dicukupi dening sing dingengeri. Dadine sing ngenger pindha anake sing dingengeri. Ananging akeh uga kanyatan yen sing ngenger iku asale saka kulawarga sing kacukupan, ora beda karo sing dingengeri. Yen mangkene kanyatane, kabeh prabeya lan kabutuhan sekolahe tetep disumadhiyakake lan dicukupi dening wong tuwane dhewe.
Antarane sing dingengeri lan wong tuwane sing ngenger biyasane ana rembugan sadurunge. Wong tuwane sing bakal ngenger masrahake panggulawenthah padinane marang sing dingengeri. Dene sing dingengeri uga nyatakake bakal sumadhiya nggulawenthah lan ndhidhik bocah utawa kanoman sing bakal ngenger.
-
SUGENG RAWUH
SUGENG RAWUH DUMATHENG SEDHEREK SEDANTEN..
Categories:
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
0 Response for the "Ngenger, nggayuh kamulyan"
Posting Komentar