• SUGENG RAWUH

    SUGENG RAWUH DUMATHENG SEDHEREK SEDANTEN..

Akeh wong Jawa isin kalawan jawane

Posted by ninkw1dya ( alve Dya Aurelia Latifa) On 0 komentar

Pengetan dina Kebangkitan Nasional ora uwal saka bab ngleluri rasa nasionalisme. Miturut sejarahwan saka UNS kang uga budayawan, Soedarmono SU, bab nasionalisme iki ing wektu-wektu pungkasan iki pancen wus ngalami owah-owahan.
Pawadan iku, nalika hamicara ing sawijining pirembugan sawetara dina kapungkur, Soedarmono mrayogakake supaya pendhidhikan kabangsan diwulangake ing sekolahan. Iki kanggo ngawekani dayane owah-owahan jaman kang ing nagara iki uga nuwuhake bab kang ora becik ing bab nyawijine bangsa Indonesia.
Malah sawetara sarjana sujana mbiji, ing wektu-wektu pungkasan iki rasa kabangsan ing kalangane generasi mudha sansaya nipis. Kamangka yen sing aran rasa kabangsan iku sansaya nipis, tundhone bakal ndadekake bubrahe urip bebrayan minangka sawijining bangsa.
Miturut andharan ing buku Nasionalisme, Arti dan Sejarahnya, karyane Hans Kohn, yektine nasionalisme iku bisa ditegesi minangka panemu kang ndunungake kasetyane saben wong marang nagara utawa kabangsan.
Tuwuhe kasetyan iki kawiwitan saka rasa nyawiji lan gumantung marang tanah wutah getihe, marang tradhisi-tradhisi lan panguwasa resmi. Nasionalisme iki saya suwe saya dadi perangan lan ubarampe mligi kanggo mbangun urip lan panguripan kang asipat umum apadene kang asipat katumrapake marang dhiri pribadi.
Miturut andharane Kohn, bangsa-bangsa ing alam donya iki mujudake wohing daya uriping sujarah. Pawadan iku kahanane uga tansah ngalami owah gingsir, ora baku lan gumathok.
Jati dhiri
Bangsa mujudake kaimpune maneka warna golongan lan ora bisa ditegesi kanthi teges kang gumathok. Lan racake bangsa-bangsa, kalebu bangsa Indonesia, duwe ciri mligi kang ndadekake beda kalawan bangsa liyane. Bab bedane iki upamane amarga garis teturun, basa, tlatah dedununge, nyawijine ing bab pulitik, adat tradhisi, agama lan bab liyane.
Saka kahanan mangkene iki ora nggumunake yen sawijining bangsa bisa pecah amarga daya kanggo nyawijekake kabeh wargane wus ngalami owah-owahan. Mangkono uga bisa wae dadi sansaya kuwat amarga kabeh perangan lan ubarampe kang nuwuhake sikep kabangsan lan nasionalisme tansah dikuwati.
Miturut Goenawan Mohamad, rasa nyawiji minangka sawijining bangsa kawitane pancen tuwuh sithik mbaka sithik. Kridhane Budi Utomo, uwal saka pradondi kang ngrembaka ing wektu-wektu pungkasan iki, sithik apa akeh tetep aweh panjurung marang tuwuh lan ngrembakane rasa nduweni jati dhiri tumrap bangsa Indonesia. Kawitane pancen ing tlatah Jawa lan Madura lan banjur sumrambah ing tlatah liyane.
Emane, miturut budayan Jawa, Winarso Kalinggo, jaman saiki malah akeh wong Jawa sing isin kalawan Jawane. Tundhone akeh wong Jawa kang milih ngiwakake oyot kabudayane lan banjur milih nggilut kabudayan kang asale saka nagara manca.
Lan nalika ninggalake kabudayane, kamangka budaya anyar sing luwih narik kawigatene durung kasil direngkuh, wusana nuwuhake kahanan bebrayan kang prasasat ora duwe jati dhiri.
Kahanan bebrayan kang prasasat ora duwe jati dhiri iki kang saiki dumadi ing bangsa Indonesia, kalebu ing bebrayan Jawa.



Categories:

0 Response for the "Akeh wong Jawa isin kalawan jawane"

Posting Komentar