Ing bebrayan Jawa sing aran pangenger utawa wong ngenger mono beda yen katandhingake santri utawa siswa ing pesantren. Pangenger ing kene duwe teges wong ngenger utawa suwita. Ngenger duwe sedya golek ilmu utawa kawruh kang bisa migunani ing tembe uripe. Sokur bage bisa kasandhangan drajat pangkat kaya dene wong sing disuwitani. Ing desaku biyen, tlatah Wonogiri, wong sing sugih raja kaya mesthi duwe pangenger. Pangenger mau ibarate sekolah lelahanan bab kepriye cara-carane ngrumat raja kaya. Pegaweyane saben dina angon, ngarit, lan ngguyang ingon-ingon. Minangka pituwase yen ana raja kaya manak, biyasane antuk jatah seprapat utawa saprotelon, gumantung prajanjen utawa palilah saka bendarane. Pangenger ngene iki akeh-akehe dumadi saka wong biyasa kang duwe gegayuhan sakmadya uga. Ing pewayangan ana crita Sumantri ngenger. Bocah saka gunung sing duwe gegayuhan dhuwur. Kanthi sangu ngelmu lan jaya kawijayan, tembene Sumantri kasil nggayuh apa sing dadi kekarepane. Dheweke kasengkakake ngaluhur mingangka patih, aran Patih Suwanda. Semono uga crita lelakone Damarwulan. Bocah desa iki miwiti ngenger ing praja Majapahit kanthi dadi pekathik ing dalem kepatihan. Damarwulan kasil anggone melu ngleboni patembaya. Dheweke bisa migas janggane Hurubisma, klilip praja Majapahit. Sabanjure bisa lungguh dhampar kencana Majapahit. Jaman terus lumaku. Bab ngenger uga ana owah-owahan. Apa dinane iki isih ana wong ngenger? Isih! Mung wae wujud lan tujuwane wus beda. Wong ngenger mono duwe tujuwan kanggo golek panguripan. Mung wae, ngenger ing dinane iki ora cukup udhu tenaga, kepinteran, lan sregep anggone nyambut gawe. Wong kang arep ngenger saiki kudu duwe sangu kang pawitane ora sethithik. Wong ngenger kudu duwe ijasah sing bisa ditebus ana sekolahan kang suwene welasan taun. Prabeya wektu semono kuwi yen dikerta aji mesthine ya akeh banget. Sapa wae ngerti yen wragat sekolah tansaya ndedel sundhul langit. Tenaga honorer utawa wiyata bakti bisa diarani ngenger modhern. Dadi pangenger modhern utawa magang duwe pengarep-arep lamun besuke yen ana begjane awak bisa nggayuh apa sing digadhang. Sing dadi honorer ana dhinas ya dadi pegawe dhinas, sing wiyata bakti mulang ana sekolahan ya dadi guru, lan sapiturute. Kabeh panjangka kudu kanthi sarana. Kajaba ijasah sing wis diduweni, pranyata ana wewaton liyane amrih bisa ngenger ana instansi. Ora saben panglamar dadi pangenger modhern mau bisa ditampa ing salah sijine dhinas utawa sekolahan. Awit miturut sawetara gotheke wong akeh, ana saweneh pawongan sing panglamare ditulak. Kamangka ing wektu kang padha ana panglamar seje kang ditampa. Apa amarga ijasah sing diduweni penglamar sepisanan mau ora dibutuhake ing instansi utawa sekolahan mau? Semono uga apa panglamar sijine maneh ijasahe cocok lan dibutuhake? Pranyata ora kabeh mangkono. Gotheke kandha, panglamar bisa kasil dadi tenaga honorer utawa wiyata bakti kudu ana sing “nggawa”. Sing nggawa mesthine ya wong sing duwe pengaruh. Wong sing duwe panguwasa. Buntute bisa ditebak, ta? Apa maneh yen dudu D2? Yaiku dhekeng lan dhuwit. Dhekeng lan dhuwit mujudake perangane panguwasa. Tanpa dhekeng lan dhuwit najan duwe kepinteran lan ijasah dhuwur aja ngimpi bisa dadi pangenger modhern! ::Dening: Parno Parpal Poerwanto, sastrawan Jawa:: | |
|
0 Response for the "Ngenger ing jaman modhern"
Posting Komentar