• SUGENG RAWUH

    SUGENG RAWUH DUMATHENG SEDHEREK SEDANTEN..

Jiyarah, laku batin ngudi katentreman

Posted by ninkw1dya ( alve Dya Aurelia Latifa) On 0 komentar



Tumrap bebrayan Jawa laku jiyarah mujudake perangan kabudayane. Sasi Ruwah ing pananggalan Jawa dadi sasi kang mligi gegayutan kalawan tradhisi laku jiyarah iki.
Jiyarah ing kene ateges jiyarah ing kuburan leluhure, wong tuwane lan kulawarga liyane. Uga ateges jiyarah ing kuburane wong-wong sing nalika uripe dadi panutan, kayadene cikal bakale desa, para wali, para priyagung jaman krajan lan pawongan liya sing nalika uripe kabiji minangka wong sing pinunjul, pinundhi-pundhi lan dadi panutan.
Malah ing madyaning bebrayan Jawa uga ana laku jiyarah sing mligi tumuju papan-papan sing dianggep wingit, ngandhut perbawa supranatural lan keyakinan asipat batin liyane.
Tuladhane kayata Alas Krendhawahana ing Gondangrejo, Karanganyar, saben malem Jemuah Kliwon lan Slasa Kliwon mesthi akeh wong sing jiyarah sinambi nenepi. Kayangan Ndlepih, tempuran kali, pasareyan Imogiri, pasareyan Mangadeg lan papan-papan liyane sing dianggep wingit, ngandhut perbawa supranatural utawa daya gaib, wiwit mataun-taun kapungkur uga tansah dadi papan tujuwan jiyarah.
Maneka warna ancase wong-wong sing padha jiyarah. Tumrap wong sing tansah ngudi dalan kanggo nyedhak marang Sing Maha Kawasa, jiyarah saka kuburane wong agung siji tumuju kuburan wong agung liyane kanthi pangajab ngudi sansaya tentreme ati, ngudi ningkate uripe ing perangan batin. Jiyarah dadi sarana nyaketake dhirine mring Gusti Sing Maha Asih.
Pengin luwar
Tumrap among dedagangan utawa pengusaha, jiyarah dadi upaya kanggo ngudhari lan ngrampungi sakehing prekara kayadene utang, pawitan sing cekak lan pepenginan supaya rejekine mbanyu mili. Pengangguran nglodhakange wektu kanggo jiyarah, ngudi supaya enggal cekel gaweyan.
Ana uga sing jiyarah amarga pengin luwar saka ancaman paukuman ing pengadilan, pengin menang ing pamilihan lurah, pamilihan bupati, pamilihan gubernur lan pamilihan presiden. Ana uga sing amarga pengin rukun maneh kalawan sisihane sing wus sawetara wektu purik lan maneka warna prekara, panjaluk, pepenginan lan gegayuhan liyane sing ana ing urip padinan.
Tumrap wanita sing dimaru dening sisihan ana sing banjur nglakoni jiyarah ing papan tinamtu, kayadene kuburane Nyai Mas Gandasari ing Cirebon. Wanita sing wus suwe omah-omah nanging durung pinaringan putra ana sing keraya-raya jiyarah ing situs Watu Celek ing Cirebon.
Wong sing pengin menang lotre jiyarah ing kuburane Eyang Buda ing Yogyakarta utawa kuburan patilasan Krajan Banyusumurup. Dene kuburane wali sanga racake adoh saka bab-bab mangkono kuwi. Kuburane walisanga biyasane dadi tujuwan jiyarah sing ancase pancen mligi kanggo nyedhak marang Gusti Kang Maha Kuwasa.
Tradhisi jiyarah yektine ora mung wates gegayutan kalawan agama sing diugemi utawa kapercayan sing diantebi. Kabukten ing madyaning bebrayan Jawa sing aran laku jiyarah iku nglimputi kabeh warga sing kapercayan lan agamane beda-beda.
Miturut andharane juru kunci situs Alas Krendhawahana ing Gondangrejo, Karanganyar, Mbah Lurah Wiryono, warga sing padha tumeka ing situs kasebut pancen wong sing ngrasuk maneka agama. Ana sing ngugemi agama Islam, agama Hindu, agama Budha, agama Kristen lan ana uga sing ngugemi kapitayan kejawen.
“Dene ancase jiyarah lan nenepi ya maneka warna, ana sing pengin usaha bakulane sansaya laris, ana sing pengin luwar saka sanggan utang, ana uga sing amarga pengin enggal cekel gaweyan sing gumathok,” piterange Wiryono, sawetara dina kapungkur.
Bab kang kurang luwih padha uga dumadi ing pasareyane RNg Ranggawarsita ing Desa Palar, Kecamatan Trucuk, Klaten. Miturut Ngadimin, salah sijine warga sing dedunung ora adoh saka pasareyane RNg Ranggawarsita, saben ana pamilihan lurah utawa kepala desa, pamilihan kepala daerah, pamilihan umum lan hajatan pulitik liyane, mesthi akeh wong-wong sing gegayutan kalawan hajatan pulitik iku sing padha jiyarah ing makame pujangga Jawa pungkasan iku.
Ora beda kaanane ing pasareyane Ki Ageng Rogosasi ing tlatah Gunungsari, Desa Tumang, Kecamatan Cepogo, Boyolali. Pasareyan leluhure Desa Tumang sing dumunung ing sawijining gumuk iku tansah dadi tujuwan jiyarah.

Ancase jiyarah lan nenepi maneka warna, ana sing pengin usaha bakulane sansaya laris, luwar saka sanggan utang, ana uga sing amarga pengin enggal cekel gaweyan sing gumathok

Categories:

0 Response for the "Jiyarah, laku batin ngudi katentreman"

Posting Komentar