Tembung seni tradhisi utawa tradhisional biyasane katumrapake kanggo nyebut wujud-wujud seni sing tuwuh lan ngrembaka ing tlatah-tlatah kang disengkuyung dening bebrayan ing tlatah kasebut.
Tembung seni tradhisi, miturut Prof Dr Rustopo, guru besar ing Institut Seni Indonesia (ISI) Solo, biyasane uga kanggo mbedakake kalawan wujud-wujud seni kutha sing dianggep minangka seni nasional, arepa sumbere saka kabudayan manca.
“Pangerten mangkene iki isih asipat umum banget. Saengga angel yen kanggo nemtokake sawijining karya seni kalebu tradhisi utawa modhern,” piterange Rustopo, uga ing acara pengetan 25 taun tilar donyane Gendon Humardani ing ISI Solo, sawetara dina kapungkur.
Yektine, miturut Rustopo nalika methik andharane swargi Umar Kayam lan Gendon Humardani, seni tradhisi iku tansah kawengku ing swasana sosial budaya bebrayan papan tuwuh lan ngrembakane seni kasebut.
Seni tradhisi tuwuh lan ngrembake minangka perangane kabudayan bebrayan tradhisional ing tlatahe dhewe-dhewe. Kanthi mangkono seni tradhisi ngandhut ciri sing mligi saka bebrayan tradhisional kasebut. Ngrembakane uga kapetung alon.
Kabeh apa sing kawujud ing karya seni tradhisi iku dadi gegambaran kapentingan kosmos kang nglimputi kabeh perangan urip lan panguripane warga bebrayan.
Lan sabanjure, seni tradhisi sing sakawit apunjer kabudayan urip padinan ing sawijining bebrayan banjur alihan apunjer raja sing nyekel panguwasa. Kedadeyan iki gegayutan kaprecayan kosmos sing punjere ngarah marang raja sing pinitaya dadi punjering kabeh daya kosmos sing merbawani uripe bebrayan.
Miturut Umar Kayam, seni tradhisi karaton iku minangka seni tradhisi lisan, dene seni tradhisi rakyat minangka seni tradhisi kerakyatan. Kekarone yektine uga tetep minangka seni fungsional sing asipat anonim.
Seni tradhisi apunjer karaton ngrembaka lan diwarisi dening generasi sabanjure, nganti saiki. Yen ana owah-owahan ing seni tradhisi iki sipate evolutif, alon-alon, saengga prasasat bebrayan ora mangerteni dumadine owah-owahan kasebut.
Kanggo nemtokake wates pangerten seni tradhisi, swargi Gendon Humardani tansah lelandhesan seni rakyat lan uga seni modhern. Seni tradhisi lelandhesan karya-karya seni jaman kawuri. Sipat iki pancen kosok balen kalawan seni modhern sing ora lelandhesan asil karya seni jaman kawuri.
Lan sing ora kalah wigatine nalika ngrembug seni tradhisi, tandhese Rustopo, Gendon Humardani tansah mindeng seni tradhisi kadidene wewangunan sing meh ambruk.
Mula sakehing daya sanggit, upaya lan rekadaya tumrap seni tradhisi katujokake supaya wewangunan kasebut ora sida ambruk ananging tetep ngadeg nggejejer salawase donya iki isih ana, aja nganti cures. Emane, saperangan gedhe warga bebrayan saiki racake duwe sikep ambruk karepmu, ora ambruk ya karepmu
-
SUGENG RAWUH
SUGENG RAWUH DUMATHENG SEDHEREK SEDANTEN..
Categories:
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
0 Response for the "Wewangunan sing arep ambruk"
Posting Komentar