• SUGENG RAWUH

    SUGENG RAWUH DUMATHENG SEDHEREK SEDANTEN..

Mardika nanging isih sengsara

Posted by ninkw1dya ( alve Dya Aurelia Latifa) On 0 komentar



Babaran beksan Bedhaya Sarpa Rodra racikane pranata beksan Saryuni Padmaningsih, dina Kemis (7/8), mapan ing Gedhong Teater Besar ISI Solo, suka gegambaran bab kaanan urip lan panguripane bangsa Indonesia sing sasi Agustus iki ngancik 63 taun mardika saka regemane penjajah.
Emane gegambaran sing dibabar ing beksan minangka rerangkene pengetan 25 taun tilar donyane seniman Sedyono Djojokartika Humardani utawa kondhang kanthi asma Gendon Humardani iku asipat gawe mirising ati.
Paraga Sarpa Kenaka sing dadi underane beksan Bedhaya Sarpa Rodra nggambarake watak sing mung nuruti hawa napsu, kalebu napsu berahi, ora tau krasa marem marang apa sing wis diduweni, nengenake lan mentingake dhiri pribadi lan ora kenal wates nalika mburu kabutuhan lan kasenengane dhewe.
Miturut Saryuni, gegambaran watak lan sipat ing paraga Sarpa Kenaka sing dibabar ing beksan Bedhaya Sarpa Rodra pancen ceples kalawan kaanan uripe bangsa Indonesia ing wektu-wektu pungkasan iki. Kanggo mburu kabutuhane dhewe lan nuruti hawa nepsune, akeh manungsa sing tumindak sakepenake dhewe.
Ana sing ing padinane tansah nuduhake ulat manis, grapyak semanak, nanging yektine ing samburine duwe ancas ngidak wong liya, kepara yen prelu mateni wong liya supaya bisa minangkani kekarepane, ya kekarepan nuruti hawa nepsune lan nuruti kabutuhan pribadine.
Kaanan kang mangkene iki, miturut Sarwono, kuli pasar ing Pasar Legi, Solo, lan Muhammad Sofyan, kanoman warga tlatah Pabelan, Kartasura, Sukoharjo, pancen dadi bab kang menjila ndalem 63 taun mardikane bangsa Indonesia saka regemane penjajah.
Sipat lan tumindak ala kaya mangkono kuwi ora mung mratah ing antarane para kang cekel panguwasa, ananging uga mratah ing bebrayan umum. Tundhone, bebrayan dadi sansaya rusak. Para pemimpin mung mburu senenge dhewe, rata-rata ora mehak rakyat sing mbiyen milih. Kelingane marang rakyat mung yen wancine Pemilu.
“Yen nggagas awake dhewe iki mardika tenan apa durung, miturutku ora bakal ketemu dudutane. Jaman biyen sadurunge mardika, jarene simbokku, lunga menyang ngendi-endi ya mung kudu mlaku. Yen saiki wus akeh tetumpakan, nanging mbayare sansaya larang. Tumrap wong pidak pedarakan kaya aku lan simbokku, kaanane dadi padha wae, tetep wae sengsara,” pratelane Sarwono.
Keponthal-ponthal
Miturut Sofyan, ing wektu-wektu pungkasan iki reregan kabutuhan pokok tansah mundhak, antri tuku lenga kedaden ing akeh papan. Tumrap dheweke, sing mung wates urip njagakake asil saka warung cilik, rasane sangganing urip tetep wae krasa abot.
Kamangka jarene wus luwih setengah abad mardika. Kanyatane, nyukupi kabutuhan mangan padinan wae kudu keponthal-ponthal, durung yen ngrembug ragad sekolah, ragad priksa yen katemben ketaman lelara lan sapiturute.
Seniman lan penyair kondhang saka Pati, Anis Sholeh Ba’asyin, malah suka gegambaran sing luwih gawe mirising ati. Miturut Anis, sing sawetara dina kapungkur mbabar musikalisasi puisi-ne ing Taman Budaya Jawa Tengah (TBJT) Solo, yektine bangsa Indonesia iki urip ing tlatah sing sugih tanpa wates. Sumber alam gemlethek ing ngendi-endi papan, mung kari ngolah.
Emane, ing sugih kang tanpa wates iku bangsa Indonesia dadi “pakewuh” marang bangsa liya. Tundhone pamarentah banjur suka kalodhangan mirunggan marang bebadan-bebadan usaha saka nagara manca sing pengin ngemonah maneka sumber alam sing prasasat tanpa wates iku. Sapa wae pehak saka nagara manca kaya-kaya dijurung sakabehe kanggo ndhudhah sakehing sumber alam kasebut lan sabanjure ngolah lan mumpangatake.
Dene awake dhewe, bangsa Indonesia, cukup kumanan limbah-e wae. Kaskayane alam kabeh dikeruk lan digawa mlayu menyang nagara manca. Lan nganti saiki pamarentah ya mung sedhakep wae.
Lan tambah taun, kaskayane bangsa Indonesia sansaya tambah akeh. Miturut Anis, saiki bangsa Indonesia uga sugih koruptor. Saking sugih koruptor, yen ana 100 utawa 200 jenenge koruptor sing dibusak saka daptar, jarene Anis, durung bakal bisa nuwuhake bab kang beda tumrap bangsa iki.
Saliyane iku, isih ana sawetara bab kang kudune wus ilang saka madyaning bebrayan agung bangsa iki minangka bangsa sing wus mardika 63 taun. Miturut Sahid Teguh Widodo saka Fakultas Sastra dan Seni Rupa (FSSR) UNS, sing saiki sinau ing sawijining universitas ing Malaysia, ing jagad pendhidhikan Indonesia kapetung kalah yen katandhingake nagara liya sing jan-jane mardikane saka regemane penjajah kapetung luwih telat tinimbang bangsa Indonesia.

Categories:

0 Response for the "Mardika nanging isih sengsara"

Posting Komentar