Sansaya akehe wanita (Jawa) jaman modhern kang kridha ing madyaning bebrayan, kepara ora sithik kang nyekel panguwasa utawa dadi pangarsa, yektine ora cengkah kalawan filosofi budaya Jawa.
Miturut budayawan kang uga sutresna budaya Jawa, Mufti Raharjo, nalika wawangunem kalawan Espos ing kantor Dinas Pariwisata Seni dan Budaya (Disparsenbud) Kota Solo, sawetara dina kapungkur, budaya Jawa yektine ndunungake wanita ing kalungguhan kang luhur. Mligine tumrap wanita kang dadi jejering ibu, budaya Jawa paring pangaji-aji kang prasasat tanpa winates. Kayadene nalika ngetrapake sesebutan ibu marang punjere paprentahan nagara, yaiku ibu kota.
Saliyane iku ing tata administrasi uga ana sesebutan buku induk, tumrap tanah wutah getih papan lair lan dumunung sebutane ibu pertiwi. Ing tangan lan sikile manungsa uga ana panganggone sebutan ibu, yaiku ibu jari.
”Sesebutan kaya mangkono iku yektine ora mung wates sesebutan ngono wae. Iki nuduhake yen yektine ing kabudayan Jawa, kang diakoni utawa ora sasuwene iki kasil dadi werna menjila ing kabudayan nasional Indonesia, jejering ibu, tebane kang luwih amba ateges wanita, pancen duwe kalungguhan luhur, kalungguhan mligi lan pinuji banget,” piterange Mufti.
Dene bab kanyatan akeh wanita kang banjur katelah mung kanca wingking, miturut Mufti, ora uwal saka tatanan sosial kang banjur diugemi dadi kabudayan ing bebrayan. Lan ing tatanan iku, para wanita ora kuwawa nuntut hake kang yektine duwe kalungguhan luhur iku, amarga ana wewaler kang ngalang-alangi.
Filosofi-ne yekti ndunungake wanita ing kalungguhan kang luhur, dene nalika lumaku ing bebrayan akeh wanita kang ditindhes, ora bisa nggayuh pamulangan kang dhuwur kayadene priya lan sawetara bab liyane kang ndadekake wanita kalah maju tinimbang priya sejatine asil tatanan sosial kang diracik dening masarakat dhewe. Ing kalodhangan liya, sastrawan kang uga paraga pangurus Dewan Kesenian Kota Solo (DKKS), Joko Sumantri, ngandharake akehe wanita (Jawa) jaman saiki kang kasil ngowahi jarwadhosok ”wani ditata” dadi ”wani nata” ora liya uga asil owah-owahan jaman.
Kawiwitan nalika ideologi kapitalisme kasil nguwasani kabeh perangan uripe manungsa ing donya iki. Salah siji wujude nalika akeh wanita kang dadi buruh ing maneka industri. Mula bukane mung buruh kang gampang diatur, ananging wusana dadi balungane ekonomi kulawarga amarga priya minangka pangarsa kulawarga ora duwe pakaryan lan pametu kang gumathok.
”Saka kahanan mangkene iki suwening suwe para wanita kang mula bukane mung buruh iku banjur menjila dadi saka gurune ekonomi kulawarga lan sumrambahe uga dadi saka gurune ekonomi bebrayan. Lan nalika sansaya akeh wanita kang nyekel saka guru ekonomi, mesthi wae kadidene banyu mili sabanjure bakal ngrembaka dadi saka guru ing bab liyane. Kapitalisme dhewe jan-jane uga mbutuhake kridhane wanita, ora nyukupi yen mung nengenake priya,” piterange Joko.
Ing tlatah utawa wewengkon kang kabudayane luwih asipat tinarbuka lan egaliter, sansaya akehe wanita kang dadi saka guru ekonomi iku banjur nuwuhake kalodhangan mirunggan kanggo ngrembakakake kawasisan lan kaprigelan ing bab liyane. Wusana para wanita ora mung wates dadi buruh, ananging uga menjila dadi pengusaha, dadi bos, dadi pangarsa lan nyekel panguwasa kang wenang ngatur lan uga wenang gawe aturan.
-
SUGENG RAWUH
SUGENG RAWUH DUMATHENG SEDHEREK SEDANTEN..
Categories:
Langganan:
Posting Komentar (Atom)
0 Response for the "Duwe kalungguhan luhur"
Posting Komentar