ana wiku medhar ananing hyang agung
kang nglimputi dhiri
wayangan nya dumumung neng netranira
bunder nguwung lir sunaring surya nrawung
aran nur muhammad.
weneh muwus jatining kang murbeng idhup
yaiku pramana
kang misesa ing sakalir
dumuning neng utyaka guruloka.
iya iku tembung arab baitul makmur
tandane kang nyata
aneng gebyaring pangeksi
lwih waspada wruh gumlaring alam donya.
mung pramana kang bisa nuntun marang swarga
ana rupa kadya rupanta priyangga
kang akonus saking kamungsangta wus
saplak nora siwah.
amung mawa caya putih
yaiku aran mayangga seta
ana cahya seta prapta geng sabda
iya iku nur muhammad kang satuhu.
cahya maya maya
jumeneng munggwing unggyaning
tuntung driya anartani triloka
baitul makmur baitul mukharam tetelu.
ing baitul muqadas
sumanar prapteng pangeksi
liyepena katon ponang cahya maya
anarawung warna warna wor dumunung.
nuksmeng cahya kang sajati
ingkang padhang gumilang tanpa wayangan
langgeng nguwung angebeki buwana gung
mulih purwanira.
duk durung tumurun maring
ngarcapada awarna warana raga
cahyanipun gumilang gilang nelawung
tanpa wewayangan.
nelahi sesining bumi
gya tumurun dadya manungsa
marma temtu yen prapta antareng layu
ana cahya prapta.
gumilang pindhah angganing
tirta munggwing ron lumbu amaya maya
dyan puniku ciptanen dadya sawujud
lawan sabdanira.
kang sinedyan samadyaning
ngen ngenta yekti waluya sampurna
mulya wangsul mring salira numuhun
sabda gaib babar bali angebaki bumi
tribuwana kebak bangkit megat nyawa.
-
SUGENG RAWUH
SUGENG RAWUH DUMATHENG SEDHEREK SEDANTEN..
Pupuh Asmaradana
1.
Asmareng tyas nawung kingkin
nurat serat anglingdarma
kagungan dalem sang katong
kang jumeneng ping sadasa
ing nagri surakarta
kapareng karsa kaklumpuk
serat baabd miwah wulang
2.
Sadaya rinuwat mungging
jro kamar sana pustaka
duk miwarni panitrane
ri soma kaping sadasa
ing wulan dulkangidah
jumakir sangkaleng taun
luhur tata ngesthi nata.
3.
Sanadyan crita puniki
carita ing jaman buda
pulo jawa pituture
nadyan budha kang utama
linuri kang carita
duk jenengira sang prabu
anglingdarma ing malawa
4.
Tan ana kang nyenyiringi
jenegira sang pamasa
tribuwana kekes kabeh
ratu winong ing jawata
kinatujon sakarsa
tuhu kalamun pinunjul
sinebut sri bathara
16.
Sang retna angandikaris
sarwi kumembeng kang waspa
biyang inya karsaninong
saupama nora prapta
sang nata sore mangkya
patren ngong pasthi cumandhuk
biyang ing jaja manira
Piwulang nem prakawis kasebut ing Serat Agutara Nikaya punika nyimpen wewados ingkang kadhapur kalimpadaning basa ingkang pikajenganipun asung piwulang dhateng kita, yen sadaya pandamel punika sayogi katindhakna kanthi papadhanging angen-angen. Menggah piwulang kalawau badhe kawedharaken kados ing ngandhap punika:
1. Aja ngandel pituturing wong. Menggah pikajenganipun kita sampun ngandel dhateng pituturing tiyang ingkang boten kaseksen tuwin ingkang boten miturut dhateng gumela ring akal sarta ingkang boten saged kaseksen dening papadhanging nalar.
2. Aja ngandel marang wirayat kuna amarga saka lawase. Pikajenganipun tembung lawas = luwas = lawas = suwe = tebih = memet = lebet. Artosipun punika sagedipun kita ngandel, inggih manawi kita sampun saged njajagi maksudipun wirayat wau.
3. Aja ngandel pawarta amarga akeh kang ngandhaake. Pikajenganipun sampun ngantos ngandel dhateng pawartosipun tiyang ingkang sampun misuwur, cidra, sanadyan maneka warni kasagahanipun prayogi boten kapaelu.
4. Aja ngandel thok waton layang karangane wong wicaksana ing jaman kina.
5. Pikajenganipun sampun ngantos ngandel kemawon dhateng sadaya serat-serat kina. Awit serat-serat wau upami mungela abrit saged ugi maksudipun cemeng. Inggih serat makaten punika ingkang kedah kita jinggleng maksud suraosipun. Sadaya serat piwulang punika sami dinapur pralampita , dene badharing pralampita wau muhung saking pangertosan kita pribadi.
6. Aja ngandel waton saka kira-kira. Wus matuh lawas koanggep bener.
7. Pikajenganipun sakathahing pandamel punika esahipun manawi sampun wonten cihnanipun. Kita prayogi manuta lan anglenggahana kawontenaning jaman ingkang saweg dipun alami. Sanadyan kaanggep sae, luhur tuwin mulya tumrap ing jaman ingkang sampun kapengker, ananging yen ing samangke sampun boten njamani, inggih kedah kaberat ingkang rila. Awit yen boten makaten, tangeh sagedipun kita manggih karaharjan lan kamulyan.
8. Aja ngandel marang gurumu lan para pandhita amarga saka panguasane. Pikajenganipun mrayitnani dhateng pratingkahing para ingkang ngaken dados guru ingkang sami papacak; kudu manut miturut lan kudu asih tresna marang gurumu lan marang pandhuwuranmu sabab kadhudhuwuranmu iku dadi wakile Kang Maha Kuwasa. Lha inggih makaten wau manawi boten kita prayitnani, temah saged ugi dhumawah ing kasangsaran. Dene sanyatanipun ingkang wajib asih tresna punika ratu tumrap ing kawula, bapa biyung tumrap ing anak, guru tumrap murid. Yen sanyata asih trus ing lahir batos sampun tamtu kawula sami amangsul sih katresnan ingkang boten mawi pinarentah.
Dhandhanggula
1. (14)
Wuwusira Dewa Suksma Ruci,
payo Wêrkudhara dipun-enggal,
manjinga garbengong kene,
Wrêkudhara gumuyu,
pan angguguk turira aris,
dene paduka bajang,
kawula gêng luhur,
inggih pangawak parbata,
saking pundi margine kawula manjing,
jênthik mangsa sêdhênga.
2. (15)
Angandika malih Dewa Ruci,
gêdhe êndi sira lawan jagad,
kabeh iki saisine,
kalawan gunungipun,
samodrane alase sami,
tan sêsak lumêbuwa,
guwa garbaningsun,
Wrêkodhara duk miyarsa,
êsmu ajrih kumêl sandika turneki,
mengleng sang Ruci Dewa.
3. (16)
Iki dalan talingan ngong kering,
Wrêkodhara manjing sigra-sigra,
wus prapteng sajro garbane,
andulu samodra gung,
tanpa têpi nglangut lumaris,
lêyêp adoh katingal,
Dewa Ruci nguwuh,
heh apa katon ing sira,
dyan sumahur sang Sena aturna têbih,
tan wontên katingalan.
4. (17)
Awang-awang kang kula-lampahi,
uwung-uwung têbih tan kantênan,
ulun saparan-parane,
tan mulat ing lor kidul,
wetan kilen datan udani,
ngandhap nginggil ing ngarsa,
kalawan ing pungkur,
kawula botên uninga,
langkung bingung ngandika sang Dewa Ruci,
aja maras tyasira.
5. (18)
Byar katingal ngadhêp Dewa Ruci,
Wêrkodhara sang wiku kawangwang,
umancur katon cahyane,
nuli wruh ing lor kidul,
wetan kilen sampun kaeksi,
nginggil miwah ing ngandhap,
pan sampun kadulu,
lawan andulu baskara,
eca tyase miwah sang wiku kaeksi,
aneng jagad walikan.
6. (19)
Dewa Ruci Suksma angling malih,
aywa lumaku anduduluwa,
apa katon ing dheweke,
Wrêkodhara umatur,
wontên warni kawan prakawis,
katingal ing kawula,
sadaya kang wau,
sampun datan katingalan,
amung kawan prakawis ingkang kaeksi,
irêng bang kuning pêthak.
7. (20)
Dewa Ruci Suksma ngandika ris,
ingkang dhingin sira anon cahya,
gumawang tan wruh arane,
pancamaya puniku,
sajatine ing tyas sayêkti,
panguriping sarira,
têgêse tyas iku,
ingaranan mukasipat,
kang anuntun marang sipat kang linuwih,
kang sajatining sipat.
8. (21)
Mangka tinula aywa lumaris,
awasêna rupa aja samar,
kawasaning tyas êmpane,
tingale tyas puniku,
anêngêri maring sajati,
enak sang Wrêkodhara,
amiyarsa wuwus,
lagya mesêm tyas sumringah,
dene ingkang irêng abang kuning putih,
iku durgamaning tyas
9. (22)
pan isining jagad amêpêki,
iya ati kang têlung prakara,
pamurunging laku dene,
kang bisa pisah iku,
pasthi bisa amor ing gaib,
iku mungsuhing tapa,
ati kang têtêlu,
irêng abang kuning samya,
ingkang nyêgah cipta karsa kang lêstari,
pamoring suksma mulya.
10. (23)
Lamun nora kawilêt ing katri,
yêkti sida pamoring kawula,
lêstari ing panunggale,
poma den-awas emut,
durgama kang munggeng ing ati,
pangwasane wêruha,
siji-sijinipun,
kang irêng lêwih prakoswa,.
panggawene asrêngêng sabarang runtik,
andadra ngambra-ambra.
11. (24)
Iya iku ati kang ngadhangi,
ambuntoni maring kabêcikan,
kang irêng iku gawene,
dene kang abang iku,
iya tuduh nêpsu tan bêcik,
sakehing pipinginan,
mêtu sangking iku,
panasten panasbaranan,
ambuntoni maring ati ingkang eling,
maring ing kawaspadan.
12. (25)
Dene iya kang arupa kuning,
kuwasane nanggulang sabarang,
cipta kang bêcik dadine,
panggawe amrih tulus,
ati kuning ingkang ngandhêgi,
mung panggawe pangrusak,
binanjur jinurung,
mung kang putih iku nyata,
ati antêng mung suci tan ika-iki,
prawira karaharjan.
13. (26)
Amung iku kang bisa nampani
ing sasmita sajatining rupa,
nampani nugraha gone,
ingkang bisa tumanduk,
kalêstaren pamoring gaib,
iku mungsuh titiga,
tur samya gung agung,
balane ingkang titiga,
ingkang putih tanpa rowang amung siji,
mila anggung kasoran.
14. (27)
Lamun bisa iya nêmbadani,
marang susukêr têlung prakara,
sida ing kono pamore,
tanpa tuduhan iku,
ing pamoring kawula Gusti,
Wêrkudhara miyarsa,
sêngkud pamrihipun,
sangsaya birahenira,
kacaryan ing kauwusaning ngaurip,
sampurnaning panunggal.
15. (28)
Sirna patang prakara na malih,
urub siji wêwolu warnanya,
sang Wêrkudhara ature,
punapa wastanipun,
urub siji wolu warni,
pundi ingkang sanyata,
rupa kang satuhu,
wontên kadi rêtna muncar,
wontên kadi maya-maya angebati,
wêneh abra markata.
16.(29)
Marbudengrat Dewa Ruci angling,
iya iku kêjatining tunggal,
saliring warna têgêse,
iya na ing sireku,
tuwin iya isining bumi,
ginambar angganira,
lawan jagad agung,
jagad cilik tanpa beda,
purwa ana lor kidul wetan puniki,
kilen ing luhur ngandhap.
17. (30)
Miwah irêng abang kuning putih,
iya panguripe ing buwana,.
jagad cilik jagad gêdhe,
pan padha isinipun,
tinimbangkên ing sira iki,
yen ilang warnaning kang,
kabeh jagad iku,
saliring reka tan ana,
kinumpulkên ana rupa kang sawiji,
tan kakung tan wanudya.
18. (31)
Kadya tawon gumana puniki,
ingkang asawang puputran dênta,
lah payo dulunên kuwe,
Wêrkudhara andulu,
ingkang kadya puputran gadhing,
cahya mancur kumilat,
tumeja ngunguwung,
punapa inggih punika,
warnaning dat kang pinrih dipun-ulati,
kang sayêktining rupa,
19. (32)
Anauri aris Dewa Ruci,
dudu iku ingkang sira-sêdya,
kang mumpuni ambêk kabeh,
tan kêna sira-dulu,
tanpa rupa datanpa warni,
tan gatra tan satmata,
iya tanpa dunung,
mung dumunung mring kang awas,
mung sasmita aneng ing jagad ngêbêki,
dinumuk datan ana.
20. (33)
Dene iku kang sira-tingali
kang asawang puputran mutyara,
ingkang kumilat cahyane,
angkara-kara murub,
pan pêrmana arane iki,
uripe kang sarira,
pêrmana puniku,
tunggal aneng ing sarira,
nanging datan milu suka lan prihatin,
ênggone aneng raga.
21. (34)
Datan milu turu mangan nênggih,
iya nora milu lara lapa,
yen iku pisah ênggone,
raga kari ngalumpruk,
yêkti lungkrah badanereki,
yaiku kang kuwasa,
nandhang rahsa iku,
inguripan dening suksma,
iya iku sinung sih anandhang urip,
ingakên rahsaning dat.
22. (35)
Iku sinandhangakên sireki,
nanging kadya simbar neng kakaywan,
aneng ing raga ênggone,
uriping pêrmaneku,
inguripan ing suksma nênggih,
misesa ing sarira,
pêrmana puniki,
yen mati milu kalêswan,
lamun ilang suksmane sarira nuli,
uriping suksma ana.
23. (36)
Sirna iku iya kang pinanggih,
uriping suksma ingkang sanyata,
kaliwat tan upamane,
lir rahsaning kamumu,
kang pramana anêrsandhani,
tuhu tunggal pinangka,
jinatên puniku,
umatur sang Wêrkudhara,
inggih pundi warnine dat kang sayêkti,
Dewa Ruci ngandika.
24. (37)
Nora kêna iku yen sira-prih,
lawan kahanan sêmata-mata,
gampang-angel pirantine,
Wêrkudhara umatur,
kula nuwun pamêjang malih,
inggih kêdah uninga,
babar pisanipun,
pun patik ngaturken pêjah,
ambêbana anggen-anggen kang sayêkti,
sampun tuwas kangelan.
25. (38)
Yen mêkatên kula botên mijil,
sampun eca neng ngriki kewala,
botên wontên sangsarane,
tan niyat mangan turu,
botên arip botên angêlih,
botên ngraos kangelan,
botên ngêrês linu,
amung nikmat lan manpangat,
Dewa Ruci lingira iku tan kêni,
yen nora lan antaka.
26. (39)
Sangsaya sihira Dewa Ruci,
marang kang kaswasih ing panêdha,
lah iya den-awas bae,
mring pamuruning laku,
aywa ana karêmireki,
den-bênêr den-waspada,
pênganggêpireku,
yen wus kasikêp ing sira,
aja umung den-nganggo parah yen angling,
yeku reh pipingitan.
27. (40)
Nora kêna yen sira-rasani,
lan sêsama-samaning manungsa,
kang nora lan nugrahane,
yen ana nêdya padu,
angrasani rêrasan iki,
ya têka kalahana,
ywa kongsi kabanjur,
aywa ngadekkên sarira,
yen karakêt marang wisaning ngaurip,
balik sikêpên uga.
28. (41)
Datan waneh sangkanira nguni,
tunggal sapakêrtining buwana,.
pandulu pamiyarsane,
wus aneng ing sireku,
pamyarsane yang suksma jati,
iya tan lawan karna,
ing pandulunipun,
iya tan kalawan netra,
karnanira netranira kang kinardi,
anane aneng sira.
29. (42)
Lairing suksma aneng sireku,
batinira kang ana ing suksma,
kaya mangkene patrape,
kadya wrêksa tinunu,
ananing kang kukusing gêni,
iya kalawan wrêksa,
lir toya lan alun,.
kadya menyak lawan puhan,
raganira ing reh mobah lawan mosik,
sarta lawan nugraha,
30. (43)
Yen wruh pamore kawula gusti,
sarta suksma kang sinêdya ana,
de warna neng sira gone,
lir wayang sarireku,
saking dhalang solahing ringgit,
mangka panggung kang jagad,
liring badan iku,
amolah lamun pinolah,
sapolahe kumêdhep myarsa ningali,
tumindak lan pangucap.
31. (44)
Kawisesa amisesa sami,
datan antara pamoring karsa,
jêr tanpa rupa rupane,
wus aneng ing sireku,
upamane paesan jati,
ingkang ngilo ywang suksma,
wayangan puniku,
kang ana sajroning kaca,
iya sira jênênge manusa iki,
rupa sajroning kaca.
32. (45)
Luwih gêngnya kalêpasan iki,
lawan jagad agêng kalêpasan,
kalawan luwih lêmbute,
salêmbutaning banyu,
mapan lêmbut kamuksan ugi,
luwih alit kamuksan,
saaliting têngu,
pan maksih alit kamuksan,
liring luwih amisesa ing sêkalir,
liring lêmbut alitnya.
Bisa nuksma ing agal myang alit,
kalimputan kabeh kang rumangkang,
kang gumêrmêt ya tan pae,
kaluwihan satuhu,
iya luwih dera nampani,
tan kêna ngandêlêna,
ing warah lan wuruk,
den-sangêt panguswanira,
badanira wasuhên pragnyana ngungkih,
wruha rungsiding tingkah.
34. (47)
Wuruk iku pan minangka wiji,
kang winuruk upamane papan,
pama kacang lan kêdhêle,
sinêbarna ing watu,
yen watune datanpa siti,
kodanan kêpanasan,
yêkti nora thukul,
lamun sira bijaksana,
tingalira sirnana ananireki,
dadi tingaling suksma.
35. (48)
Rupanira swaranira nuli,
ulihêna mring kang duwe swara,
jêr sira ingakên,
sisilih kang satuhu,
nanging aja duwe sireki,
pakarêman kang liya,
marang sang ywang luhur,
dadi sarira bêthara,
obah osikira wus sah dadi siji,
ja roro anggêpira.
36. (49)
Yen duweya anggêp sira kaki,
If you, my boy, have any notion
ngrasa roro dadi maksih uwas,
kêna ing rêngu yêktine,
yen wis siji sawujud,
sakarêntêging tyasereki,
apa cinipta ana,
kang sinêdya rawuh,
wus kawêngku aneng sira,
jagad kabeh jêr sira kinarya yêkti,
gêgênti den-asagah.
37. (50)
Yen wus mudhêng pratingkah kang iki,
den-awingit sarta den-asasab,
ngandhap-asor pênganggone,
nanging ing batinipun,
sakarêntêg tan kêna lali,
laire sasabana,
kawruh patang dhapur,
padha anggêpên sadaya,
kalimane kang siji iku pêrmati,
kanggo ing kene kana.
38. (51)
Liring mati sajroning ngaurip,
iya urip ing sajroning pêjah,
urip bae salawase,
kang mati iku nêpsu,
badan lair kang anampani,
kêtampan badan nyata,
pamore sawujud,
pa gene ngrasa matiya,
Wêrkudhara tyasira padhang nampani,
wahyu prapta nugraha.
39. (52)
Lir sasangka katawêngan riris,
praptaning wahyu ngima nirmala,
sumilak ilang rêgêde,
angling malih turnya rum,
Dewa Ruci manis aririh,
tan ana aji paran,
kabeh wus kawêngku,
tan ana ingulatana,
kaprawiran kadigdayan wus kawingking,
kabeh rehing ngayuda.
40. (53)
Têlas wulangira Dewa Ruci,
Wêrkudhara ing tyas wus tan kewran,
wus wruh ing anane dhewe,
ardaning swara muluk,
tanpa êlar anjajah bangkit,
sawêngkon jagad raya,
angga wus kawêngku,
pantês prêmatining basa,
saenggane sêkar maksih kudhup lami,
mangke mêkar ambabar,
41. (54)
Wuwuh warnane lan gandaneki,
wus kêna kang panca-rêtna mêdal,
wus salin alamipun,
angulihi alame lami,
Dewa Ruci wus sirna,
mêngkana winuwus,
tyasira Sang Wêrkudhara,
lulus saking gandane kêsturi jati,
pêpanasing tyas sirna.
42. (55)
Wus lêksana salêkêring bumi,
ujar bae wruh patakanira,
nir ing wardaya malane,
mung panarima mungguh,
kadyanggane nganggo sutradi,
maya-maya kang sarira,
rehnya kang saryalus,
sinukma mas ingêmasan,
arja sotya-sinutya manik-minanik,
wruh pakenaking tingkah.
43. (56)
Mila sumping bra puspa krêna di,
winarnendah kinteki sumêkar,
kêsturi jati namane,
pratandha datan korup,
kang pangwikan kênaka lungid;
angungkabi kabisan,
kawruh tan kaliru,
poleng bang bintulu lima,
pan winarna uraga milêt tulyasri,
lancingan kampuhira.
44. (57)
Mangka pangemut katon ing nguni,
titiga duk sajroning kang garba,
Dewa Ruci pamengête,
bang kuning irêng iku,
pamurunge laku ngadhangi,
mung kang putih ing têngah,
sidaning pêngangkuh,
kalimeku kang ginambar,
wus kaasta sanalika aywa lali,
ulun tuhu ambêknya.
45. (58)
Saking sangête karya ling-aling,
pambengkase sumêngah jubriya,
kaesthi siyang dalune,
pan kathah gennya ngrungu,
pratingkahe para maharsi,
kang sami kaluputan,
ing pangangkuhipun,
pangancabing kawruhira,
wus abênêr wêkasan mati tan dadi,
kawilêt ing tatrapan.
46. (59)
Ana ingkang mati dadi pêksi,
amung milih pencokan kewala,
kayu kang bêcik warnane,
angsana naga-santun,
tanjung ana bulu waringin,
kang ana pinggir pasar,
êngkuk mangruk-mangkruk,
angungkuli wong sêpasar,
mindha-mindha kamukten sapele pinrih,
kêsasar kabêlasar.
47. (60)
Ana ingkang anitis para ji,
sugih raja-brana miwah garwa,
ana kang milih putrane,
putra kang arsa mêngku,
karêmane wong siji-siji,
samyantuk kaluwihan,
ing panitisipun,
yen mungguh sang Wêrkudhara,
dêrêng arsa amung amrih ing pribadi,
sêdayeku ingaran.
48. (61)
Titaning kang wadaka kang pêsthi,
durung jumênêng jalma utama,
ingkang mêngkono anggêpe,
pêngrasane anêmu,
suka sugih tan wruh ing yêkti,
yen uga nêmu duka,
kêbanjur kalantur,
saênggon nitis kewala,
tanpa wêkas kangelan tan nêmu hasil,
tan bisa babar pisan.
49. (62)
Karêmane wong sawiji-wiji,
durung wêruh sampurnaning tunggal,
ing pati sanggon-ênggone,
anitis dadi kuwuk,
kuru gudhig pilêrên mising,
matane karo wuta,
tan wêruh dêlanggung,
ngrungu ana pitik sata,
pinaranan kang duwe ayam ningali,
ginitikan ing doran.
50. (63)
Ana ingkang anyakrabawani,
iya pakarêman duk ing donya,
ing pati maring tibane,
ing kono karêmanipun,
nora kuwat parêng ing pati,
keron pan kêsamaran,
mangsah wowor sambu,
abote ulah kamuksan,
nora kêna toleh anak lawan rabi,
sajrone mrih wêkasan.
51. (64)
Yen luputa patakaning bumi,
lêhêng siyeng aja dadi jalma,
sato gampang pratikêle,
sirnane tanpa tutur,
yen wis aris bênêr ing kapti,
langgêng tanpa kêrana,
angga buwaneku,
umênêng tan kadi sela,
ênêngira apan ora kadi warih,
wrata tanpa tuduhan.
52. (65)
Len ing pandhita ana nganggêpi,
ing kamuksan nênggih pêksanira,
anjungkung kasutapane,
nyana kêna den-angkuh,
tanpa tuduh mung tapaneki,
tanpa wit puruhita,
suwung anyaruwung,
mung têmên kaciptanira.
durung antuk wuruk pratikêl sayêkti,
pêngangkuh lalawora.
53. (66)
Tapanira kongsi ngraga runting,.
wus mangkana gennya mrih kamuksan,
datanpa tutur sirnane,
kêmatêngên tapa wuk,
den-pratikêl ingkang lêstari,
tapa iku minangka,
rêragi pan amung,
ngelmu kang minangka ulam,
tapa tanpa ngelmu iku nora dadi,
yen ngelmu tanpa tapa.
54. (67)
Cêmplang-cêmplang nora wurung dadi,
angsal sampun wudhar ing tatrapan,
kêcagak sagung bekane,
sayêkti dadosipun,
apan akeh pandhita sandi,
wuruke sinatêngah,
marang sabatipun,
sabate landhêp priyangga,
kang linêmpit winudhar raose nuli,
ngaturkên gurunira.
55. (68)
Pamudhare sung graitaneki,
nguni-uni durung mambu warah,
saking tan eca manahe,
katur ing gurunipun,
langkung ngungun milu nganggêpi,
sinêmantakkên lawan,
pandhita gung-agung,
wus pasthi anggêp kang nyata,
iku wahyu nugraha dhawuh pribadi,
sabat ingakên anak.
56. (69)
Sinunga-sunga anggung tinari,
maring guru yen arsa mêmêjang,
tan têbih sinandhing gone,
sabat kang têmah guru,
guru dadya sabat ing batin,
lêpas ing panggraita,
nanduk sarta wahyu,
iku utama kalihnya,
kang satêngah pandhita durung sayêkti,
kasêlak piyangkuhnya.
57. (70)
Kudu tinut saujarereki,
dene akeh lumaku sinêmbah,
neng pucaking gunung gone,
swaranira manguwuh,
angêbêki patapaneki,
yen ana wong amarak,
wêkase abikut,
lir gubar-beri tinêmbang,
kumêrampyang binubak datanpa isi,
tuna kang puruhita.
58. (71)
Aja kaya mêngkono ngaurip,
badan iku dipun-kadi wayang,
kinudang neng panggung gone,
arja têtali bayu,
padhanging kang panggungereki,
damar aditya wulan,
kêlir ngalam suwung,
kang anangga-nangga cipta,
gêbog bumi têtêpe adêging ringgit,
sinangga ingkang nanggap.
59. (72)
Kang ananggap aneng jroning puri,
datan mosik pangulah sakarsa,
ywang pramana dêdhalange,
wayang pênggadêgipun,
ana ngidul angalor tuwin,
mangkana kang sarira,
ing sapolahipun,
pinolahakên ki dhalang,
lumaku yen linakokkên lembyaneki,
linembehkên ing dhalang.
60. (73)
Pangucape ingucapkên nênggih,
yen kumilat kinilatkên iya,
tinutur anuturake,
sakarsa-karsanipun,
kang anonton pinolah sami,
tinonakên ing dhalang,
kang ananggap iku,
sajagad mangsa na wruh,
tanpa rupa kang nanggap aneng jro puri,
tanpa warna ywang suksma.
61. (74)
Sang pêrmana denira angringgit,
ngucapakên ing sariranira,
tanpa aji sêsanane,
wibuh pan ora tumut,
ing sarira upamaneki,
kang menyak munggeng puhan,
gêni munggeng kayu,
andrêpati tan katêdah,
sang pêrmana lir gêsênging kayu panggrit,
landhêsan sami wreksa..
62. (75)
Panggritane polah dening angin,
gêsênging kayu kukuse mêdal,
datan antara gênine,
gêni kalawan kukus,
saking kayu wijile sami,
wruha eling duk kala,
mula-mulanipun,
kabeh iki kang gumêlar,
pan saking heb manusa tinitah luwih,
apan ingakên rahsa.
63. (76)
Mulya dhewe saking kang dumadi,
aja mengeng ciptanira tunggal,
tunggal saparibawane,
isining buwaneku,
anggêp siji manungsa jati,
mêngku sagung kaanan,
ing manusa iku,
den-wruh wisesaning tunggal,
anuksmani saliring jagad dumadi,
tekad kang wus sampurna.
64. (77)
Wus mangkana Wêrkudhara mulih,
datan mengeng ing batin gumawang,
nora pangling sarirane,
panuksmaning sawujud,
nanging lair sasab piningit,
reh-sareh kasatriyan,
linakon winêngku,
pamurwaning jagad raya,
kalairan batine nora kasilib,
satu menggeng rimbagan.
65. (78)
Wêrkudhara lampahira,
jroning kitha Ngamartadipura,
wus panggih kadange kabeh,
langkung sukaning kalbu,
Darmaputra lan para ari,
ngluwari punaginya,
bujana anayub,
tanbuh sukane tyasira,
dene ingkang rayi praptane basuki,
sirna subrangtanira.
Anênggih punika pituduh ingkang sanyata, anggêlarakên dunung lan pangkating kawruh kasampurnan, winiwih saking pamêjangipun para wicaksana ing Nungsa Jawi, karsa ambuka pitêdah kasajatining kawruh kasampurnan, tutuladhan saking Kitab Tasawuf, panggêlaring wêjangan wau thukul saking kawêningan raosing panggalih, inggih cipta sasmitaning Pangeran, rinilan ambuka wêdharing pangandikaning Pangeran dhatêng N. Musa, Kalamolah, ingkang suraosipun makatên: Ing sabênêr-bênêre manungsa iku kanyatahaning Pangeran, lan Pangeran iku mung sawiji.
Pangandikaning Pangeran ingkang makatên wau, inggih punika ingkang kawêdharakên dening para gurunadi dhatêng para ingkang sami katarimah puruitanipun. Dene wontên kawruh wau, lajêng kadhapuk 8 papangkatan, sarta pamêjanganipun sarana kawisikakên ing talingan kiwa. Mangêrtosipun asung pêpengêt bilih wêdharing kawruh kasampurnan, punika botên kenging kawêjangakên dhatêng sok tiyanga, dene kengingipun kawêjangakên, namung dhatêng tiyang ingkang sampun pinaringan ilhaming Pangeran, têgêsipun tiyang ingkang sampun tinarbuka papadhanging budi pangangên-angênipun (ciptanipun).
Awit saking punika, pramila ingkang sami kasdu maos sêrat punika sayuginipun sinêmbuha nunuwun ing Pangeran, murih tinarbuka ciptaning sagêd anampeni saha angêcupi suraosing wejangan punika, awit suraosipun pancen kapara nyata yen saklangkung gawat. Mila kasêmbadanipun sagêd angêcupi punapa suraosing wêjangan punika, inggih muhung dumunung ing ndalêm raosing cipta kemawon. Mila inggih botên kenging kangge wiraosan kaliyan tiyang ingkang dereng nunggil raos, inggih ingkang dereng kêparêng angsal ilhaming Pangeran. Hewa dene sanadyana kangge wiraosing kaliyan tiyang ingkang dereng nunggil raos, wêdaling pangandika ugi mawia dudugi lan pramayogi, mangêrtosipun kêdah angen mangsa lan êmpan papan saha sinamun ing lulungidaning basa.
Mênggah wontêning wêwêjangan 8 pangkat wau, kados ing ngandhap punika:
I. 1. Wêwêjangan ingkang rumiyin, dipun wastani: pitêdahan wahananing Pangeran, sasadan pangandikanipun Pangeran dhatêng N. Mohammad s.a.w. Makatên pangandikanipun: Sajatine ora ana apa-apa, awit duk maksih awang-uwung durung ana sawiji-wiji, kang ana dhihin iku ingsun, ora ana Pangeran anging ingsun sajatine kang urip luwih suci, anartani warna aran lan pakartiningsun (dat, sipat, asma, afngal).
2. Mênggah dunungipun makatên: kang binasakake angandika ora ana Pangeran anging ingsun, sajatine urip kang luwih suci, sajatosipun inggih gêsang kita punika rinasuk dening Pangeran kita, mênggahing warna nama lan pakarti kita, punika sadaya saking purbawisesaning Pangeran kita, inggih kang sinuksma, têtêp tintêtêpan, inggih kang misesa, inggih kang manuksma, umpami surya lan sunaripun, mabên lan manisipun, sayêkti botên sagêd den pisaha.
II. 1. Wêwêjangan ingkang kaping kalih, dipun wastani: Pambuka kahananing Pangeran, pamêjangipun amarahakên papangkatan adêging gêsang kita dumunung ing dalêm 7 kahanan, sasadan pangandikanipun Pangeran dhatêng N. Mohammad s.a.w. Makatên pangandikanipun: Satuhune ingsun Pangeran sajati, lan kawasan anitahakên sawiji-wiji, dadi padha sanalika saka karsa lan pêpêsteningsun, ing kono kanyatahane gumêlaring karsa lan pakartiningsun, kang dadi pratandha.
2. Kang dhihin, ingsun gumana ing dalêm awang-uwung kang tanpa wiwitan tanpa wêkasan, iya iku alam ingsun kang maksih piningit.
3. Kapindho, ingsun anganakake cahya minangka panuksmaningsun dumunung ana ing alam pasênêdaningsun.
4. Kaping têlu, ingsun anganakake wawayangan minangka panuksma lan dadi rahsaningsun, dumunung ana ing alam pambabaraning wiji.
5. Kaping pat, ingsun anganakake suksma minangka dadi pratandha kauripaningsun, dumunung ana ing alaming gêtih.
6. Kaping lima, ingsun anganakake angên-angên kang uga dadi warnaningsun, ana ing dalêm alam kang lagi kêna kaumpamaake bae.
7. Kaping ênêm, ingsun anganakake budi, kang minangka kanyatahan pêncaring angên-angên kang dumunung ana ing dalêm alaming badan alus.
8. Kaping pitu, ingsun anggêlar warana kang minangka kakandhangan sakabehing paserenaningsun. Kasêbut nêm prakara ing dhuwur mau tumitah ana ing donya iya iku sajatining manungsa.
AJARAN LUHUR SERAT DARMO WASITO
Karya : Mangku Negara IV
Nenek moyang kita banyak mewariskan ajaran leluhur yang diturunkan dalam tradisi lisan seperti ungkapan dan dongeng, tapi ada pula yang dituangkan dalam karya tulis berbentuk “tembang mecapat”. Ajaran luhur tersebut pada zamannya banyak dikaji, dihayati dan diamalkan sebagai pedoman hidup.
Dewasa ini karena arus modernisasi dan globalisasi, tradisi lisan dan macapat sudah banyak dilupakan orang, padahal ajaran-ajaran terkandung merupakan ciri khas kepribadian bangsa. Dalam rangka pembangunan manusia seutuhnya yang seraba modern dan global ini, agar bangsa Indonesia tidak kehilangan jati dirinya atau ciri khas kepribadiannya, kiranya ajaran luhur peninggalan nenek moyang kita tersebut perlu dikaji dan diinformasikan kepada masyarakat sebagai bahan alternatif pilihan pembangunan manusia Indonesia seutuhnya.
Kali ini kami diinformasikan ajaran luhur: Serat Darmo Wasito: karangan KGPAA Mangku Negara IV tahun 1978 M, dalam bentuk tembang macapat, terdiri dari 12 pada (baik) Dhandhanggula, 10 pada Kinanthi, dan 20 pada Mijil, pernah diterbitkan oleh Nurhopkolep Jakarta 1953 dengan huruf Jawa.
Darma berarti ayah, wasita berarti ajaran. Darma Wasita ajaran untuk anak/remaja. “Serat Darma Wasita” sebagai ajaran dalam baris terakhir bait pertama:…mring iki wasitaning wang, marang sira putraningsun jalu lan estri, muga padha ngestokna. (…inilah nasehat saya, kepadamu anakku laki dan perempuan semoga kamu laksanakan). Adapun inti sari ini “Serat Darmo Warsito” selengkapnya dapat dikelompokkan menjadi tiga: (a) Ajaran agar hidup sukses; (b) Ajaran menjadi abdi (pegawai) yang baik; (c) Ajaran sebagai isteri yang baik.
Uraian masing-masing secara rinci seperti pemaparan berikut ini.
Ajaran Agar Hidup Sukses
1. Menikah. Orang laki-laki dan perempuan keberadaannya bersamaan, dan menurut aturan yang umum menikah, sebagai sarana untuk kelestarian kehidupan manusia.
2. Melaksanakan asthagina (delapan hal); Pertama nut ing jaman kelakone, harus pandai menyesuaikan diri dengan situasi dan kondisi sesuai dengan jamannya. Kedua, rigen, pandai bekerja dengan efisien dan efektif. Ketiga, gemi, hemat agar selalu kecukupan hidupnya. Keempat. Kelima, weuh etung, tahu perhitungan dalam memanfaatkan penghasilannya tidak hanya untuk waktu sekarang, tetapi juga memperhitungkan waktu mendatang. Keenam, taberi tatanya, rajin bertanya sehingga tidak tersesat dan pengetahuannya selalu bertambah, Ketujuh, nyengah kayun, dapat mengendalikan diri sehingga tidak banyak berbuat kesalahan dan dapat hidup hemat. Kedelapan, nemen ing sedya, bila mempunyai niat dengan sungguh-sungguh tidak hanya setengah-setengah.
3. Jangan suka utang. Orang yang suka utang akan turun wibawanya, oleh karena itu bila tidak terpaksa sekali jangan sekali-kali utang kepada seseorang.
4. Jangan menjadi orang miskin: Orang yang miskin banyak mengalami kesusahan, hanya kalau sedang tidur terlupa, kurang dihargai dalam pergaulan, dan bila imannya kurang kuat menyalahkan dirinya sendiri lalu ingin bunuh diri.
5. Jangan malas bekerja. Untuk dapat hidup yang cukup harus rajin bekerja, meskipun sudah berkecukupan jangan lalu malas bekerja agar dijauhkan dari kesusahan.
6. melaksanakan sikap utama antara lauh: Luruh, pandangan mata tidak liar, hanya melihat seperlunya agar tidak diterima salah oleh orang lain. Trapsila, selalu bersikap sopan santun, sehingga orang lain menjadi senang tidak marah. Mardawa, bersuara dan berbicara yang halus, lemah lembut dan ramah sehingga enak dirasakan oleh orang lain. Manut mring caraning bangsa, tindakannya harus berwawasan kebangsaan, tidak hanya berdasarkan wawasan suku bangsanya sendiri yang sempit. Andhap asor, berikap rendah hati jauh dari kesombongan dan tinggi hati. Meneng, tidak mengobral bualan tetapi berbicara seperlunya sehingga banyak yang percaya. Prasaja, penampilan wajar-wajar saja, tidak berlebihan sehingga orang lain tidak penasaran. Tepa Selira, selalu mawas diri dan memiliki tenggang rasa yang tinggi. Eling, Selalu ingat akan hukum baik dan buruk, ingat kepada kedudukannya, iangat kepada dirinya sebagai makhluk Tuhan. Ulah batin, melakukan kegiatan, pembinaan rohani agar mendapatkan jalan keutamaan.
7. Melakukan catur upaya (empat usaha); Pertama anirua kang becik, tirulah hal-hal yang baik, jauhkan yang buruk. Kedua nuruta nggugua kang nyata, percayalah kepada kenyataan. Keempat miliha kang pakoleh, pilihlah hal-hal yang tepat, yang menguntungkan.
Ajaran Sebagai Abdi (Negara) yang baik
Untuk menjadi abdi (negara) yang baik, seseorang harus memiliki sifat-sifat antara lain: Pertama sregep, rajin dan tidak membuat kecewa yang memberi tugas. Kedua pethel, suka bekerja sehingga tidak menimbulkan kemarahan yang memberi tugas. Ketiga tegen, ulat bekerja dan telaten sehingga membuat puas yang menyuruh. Keempat wekel, bekerja dengan sungguh-sungguh penuh tanggungjawab dapat dipercaya. Kelima ngati-ati, bekerja dengan hati-hati menjauhkan dari kesalahan agar tetap lestari.
Ajaran Sebagai Isteri yang Baik
Pertama, agar dihargai dan dicintai oleh suami seorang isteri hendaknya memiliki sifat-sifat: nurut, apa yang dikehendaki oleh suami dilakukan penuh kesabaran dan dapat menyelesaikan dengan baik. Condhong, apa yang menjadi kehendak suami didukung, merawat apa kesukaannya dan tidak membicarakan kejelekannya. Rumeksa, menjaga segala milik suami dan tahu jumlah serta rinciannya. Nastiti, segala barang tahu asal dan kegunaannya, nafkah dari suami dirawat dengan baik dan hemat penggunaannya. Nyimpen wadi, pandai menyimpan rahasia suami dan keluarga.Kedua, seorang isteri sebagai ibu rumah tangga agar berhasil hendaknya memiliki sikap dan pengetahuan tugas seorang isteri antara lain: Bersikap hati-hati dalam segala hal. Mengenal sifat-sifat keluarga dan famili sehingga dapat menyesuaikan diri. Mengerti akan acara suami sehari-hari dan dapat membantu yang diperlukan.Jika memberi saran atau mengemukakan pendapat harus mencari waktu yang tepat. Mengerti waktu yang tepat. Mengerti tugas-tugas isteri dengan jelas dan jika belum mengerti mintalah penjelasan kepada suami. Jangan mempergunakan atau memanfaatkan barang-barang milik suami tanpa izinnya. Pandai merawat barang-barang milik suami. Meskipun suami memberi keleluasaan, tetapi tetap melakukan segala hal sesuai dengan ketentuan yang berlaku. Pengeluaran biaya hidup hendaknya disesuaikan dengan besar penghasilan yang diperoleh. Jika terjadi perceraian, harta bawaan isteri tetap menjadi milik isteri, harta gono-gini (yang diperoleh selama berkeluarga) sepertinya milik isteri dan biaya hidup anak-anak menjadi tanggung jawab suami.
Sumber:
Tim Koordinasi Siaran Direktorat Jenderal Kebudayaan. 1995. Aneka Ragam Khasanah Budaya Nusantara VI. Jakarta: Departemen Pendidikan dan Kebudayaan.
Sawetara dina kapungkur, kanggo mengeti 40 taun hadege Akademi Teknik Mesin Industri (ATMI) Solo, digelar acara ”nganeh-anehi”, yaiku ngikir kanthi pasarta akeh dhewe.
Acarane pancen diisi ngikir bebarengan kanthi pasarta para mahasiswa ATMI, para siswa saka SMK St Michael, SMK Muhammadiyah 1 Solo, SMK Kristen, SMK Warga lan sawetara sekolah kejuruan liyane.
Ing acara kasebut ora kurang saka 1.500 siswa sing padha sengkut ngikir bebarengan ing wewengkon city walk sacedhake Loji Gandrung. Ana 50 meja lan 100 mesin kikir. Saben meja diisi 300 wong. Lan saben pasarta, antuk jatah ngikir sasuwene nenem menit. Yen wus entek jatah wektune, kudu digenteni siswa liyane.
Tumrap wong awam, sing ora ngerti jagading pawiyatan kejuruan, mligine teknik mesin, bakal nganggep yen acara kasebut kapetung nganeh-anehi saengga lumrah yen bakal kacathet ing Museum Rekor Dunia Indonesia (Muri). Nanging tumrap para siswa seolah kejuruan, mahasiswa teknik mesin lan para dwija ing pamulangan teknik mesin, laku ngikir mujudake perangan baku saka laku pamulangan kejuruan teknik mesin.
Direktur ATMI, BB Triatmoko SJ, nelakake, acara ngikir bebarengan dipilih kanggo mengeti 40 taun hadege ATMI amarga laku ngikir mujudake kaprigelan dhasar sing kudu dikuwasani para siswa SMK. Ngikir mbutuhake sikep tliti lan tlaten. Tanpa sikep loro iku, asil ngikir mesthi ora apik. Ngikir dhewe uga mbutuhake teknik sing mligi, kayadene carane ngadeg, carane nyekel wesi sing arep dikikir lan sapiturute.
”Ketoke pancen mung ngikir, laku sing sakmadya banget. Lan ketoke kabeh wong bisa ngikir. Nanging yektine ngikir iku butuh laku lair batin murih asile bener lan pener, uga apik. Lan ing laku ngikir, yen sikepe ora tliti, ora tlaten lan ora ngati-ati, bisa kelaran. Ing laku ngikir iki siswa digladhi murih dadi manungsa sing seneng nyambut gawe kanthi temen-temen, tliti, pinter lan tansah nengenake petung sing memet lan mateng yen arep ngawiti samubarang gawe,” piterange Triatmoko.
Pangawikan pribadi
Laku ngikir minangka sarana nggladhi siswa yektine jumbuh banget karo piwulang luhur kabudayan Jawa ing bab meper hawa napsu. Laku meper hawa napsu utawa ngendhaleni dhiri mbutuhake laku kang kawiwitan saka bab kang cilik-cilik. Kaya andha-rane Ki Ageng Suryomentaraman ing piwulang kajiwane, laku meper hawa napsu sing kawiwitan saka laku sakmadya, tundhone bakal nuwuhake bab kang nemtokake jantraning urip.
Ing andharane bab kawruh mawas dhiri, Ki Ageng Suryomentaraman nelakake, wong iku kadhangkala kangelen amarga ora ngerti marang awake dhewe.
Wong bakal bisa ngawekani kabeh reridhu utawa sing ngengel-ngeli uripe yen dheweke bisa mangerteni pribadine. Pangerten marang pribadine iku lumrah sinebut pangawikan pribadi.
Nggayuh pangawikan pribadi kudu kawiwitan saka bab-bab sing cilik, sing sabanjure dadi pakulinan saengga bisa kanthi gampang ningkat ing bab-bab kang luwih gedhe.
Yen wus ngerti apa iku pangawikan pribadi, samengkone, manungsa bakal bisa nggunakake pikirane kanggo mikir. Kanthi laku mikir dheweke bakal antuk pangerten.
Maneka warna pangerten sing kaimpun bakal dadi ilmu. Kabeh tumindake manungsa kanggo nyukupi kabutuhen uripe tansah lelandhesan ilmu. Ing ukara liya, tanpa ilmu, manungsa ora bakal bisa nyukupi kabutuhan uripe. Suwalike, tumindake manungsa sing tanpa lelandhesan ilmu tangeh lamun bisa kanggo nyukupi kabutuhan uripe.
Miturut BB Triatmoko, laku ngikir kudu lelandhesan ilmu ngikir. Ing pamulangan kejuruan, laku ngikir iki kapetung angel. Jarene Rudy, salah sijine siswa SMK sing melu ing acara ngikir bebarengan kasebut, kanggo nguwasani ilmu ngikir iki mbutuhake wektu ora sedhela. Mbutuhake wektu sing mirunggan kanggo praktik ngikir supaya temen-temen bisa nguwa-sani ilmune. Yen ta anggone sinau ngikir sakkarepe dhewe, tundhone ilmu teknik mesin sing dikuwasani uga ora paripurna.
”Lumantar laku ngikir, yektine para siswa digegulang murih ngrembaka dadi manungsa sing sregep lan pinter, lantip. Laku ngikir iki bisa dadi kawitan kanggo mangun manungsa Indonesia,” tandhese Triatmoko. Kanthi mangkono acara ngikir bebarengan iku pancen ora mung wates acara ”nganeh-anehi”, nanging kanyata mujudake laku pamulangan sing tundhone nggegulang jiwa supaya bisa nguwasani ilmu kanthi temen-temen.
Tembung pasa, tapa, ngurang-ngurangi mujudake laku kang mligi tumrap upaya ningkatake drajat kajiwan utawa spiritual sing wus lumrah ing madyaning bebrayan Jawa.
Pawadan iku, miturut dosen seni joged ing Institut Seni Indonesia (ISI) Solo, Darsono SKar MHum, nalika hamicara ing sawijining pirembugan budaya ing Dalem Purwohadiningratan, Triyagan, Sukoharjo, sawetara dina kapungkur, ing jagad seni joged uga ana laku pasa.
Sing wus lumrah dimangerteni bebrayan Jawa yaiku laku pasa tumrap para pambeksa bedhayan sawetara dina sadurunge mbabar beksan bedhayane. Pasa minangka wewaton arep mbabar beksan bedhayan, kayadene Bedhaya Ketawang, Bedhaya Surya Sumirat, Bedhaya Dirada Metha lan liyane ora liya laku kanggo ningkatake drajat spiritual murih kalis saka sambikala nalika ngayahi kuwajiban mbeksa bedhayan sing sakral iku.
Lan ing kabeh piwulang agama lan kaprecayan yekti ana piwulang bab laku pasa iki kanthi cakrik sing beda-beda. Yen dipindeng saka spiritual metafisik, miturut andharan ing sawetara kapustakan sing ngrembug religi-ne wong Jawa, pasa iku nuwuhake perbawa sing apik banget tumrap raja lan jiwa.
Pasa yen dipindeng saka jagad supranatural nuwuhake perbawa ngowahi sistem molekul raga, badan wadhag, lan eterik bakal ningkat getere saengga ndadekake raga luwih tanggap marang samubarang kedadeyan ing sakiwa tengene. Ing ukara liya, ragane manungsa ora mung kasinungan pancadriya ananging ana sing kaping nenem.
Yen sawijining wong iku kulina nglakoni pasa, geter raga lan eterik-e bakal sansaya mundhak, tundhone kabeh racun, daya negatip lan titah eterik negatip sing manjing ing raga lan jiwane bakal metu. Raga lan jiwane bakal luwar saka maneka warna daya lan perbawa negatip.
Nalika raga lan jiwane resik utawa suci, samengkone kabeh roh suci (pralambang Gusti Sing Maha Kawasa) bakal tumeka lan nyawiji. Iki bakal ndadekake jiwane tentrem, urip lan panguripane tansah kepenak lan sakebing reridhu kang diadhepi bisa diawekani kanthi gampang.
Kanggo ngulinakake laku pasa iku ing tradhisi ritual kejawen ana wewaton pasa kang dipetung dinane miturut tanggalan Jawa. Ancase laku pasa iki ora liya kanggo ningkatake drajat spiritual metafisik murih bisa raket sesambungan kalawan sedulur gaibe, yaiku sedulur papat lima pancer. Werdine ora liya supaya tansah bisa nyedhak marang Sing Maha Kawasa.
Lan kasunyatane miturut asil panaliten medis, laku pasa iku pancen nuwuhake perbawa positip tumrap raga. Kanthi pasa, organ pencernaan bisa ngaso, racun-racun ing sanjerone raga bisa diwetokake lan tundhone raga dadi sansaya kuwat, seger lan tansan waras. Kacihna apa wae jinise laku pasa iku, yen dilakoni kanthi temen-temen bakal nuwuhake perbawa positip tumrap raga lan jiwa.
Laku pasa sing ngoyot marang tradhisi lan kabudayan Jawa yaiku mutih (ora mangan apa-apa kejaba sega putih lan ngombe banyu bening), ngeruh (mung mangan janganan lan woh-wohan), ngebleng (ora mangan, ora ngombe, ora metu saka ngomah kejaba yen arep nggeguwang, nglereni kabeh pakaryan, ora turu, ora saresmi lan sapiturute), pati geni (kayadene ngebleng katambah ora kena metu saka kamar).
Saliyane iku uga ana pasa nglowong (ora kena mangan lan ngombe ndalem wektu tinamtu lan mung bisa turu suwene telung jam ndalem sedina sewengi), ngrowot (wektune wiwit mletheke srengenge nganti angslup lan mung antuk mangan bangsane pala kapendhem), nganyep (mung mangan panganan sing ora ana rasane utawa tawar), ngidang (mung mangan bangsane godhong-godhongan lan ngombe banyu bening), ngasrep (mung mangan lan ngombe sing ora ana rasane lan diwatesi kaping telu jroning sedina), ngepel (mung mangan sega sekepel jroning sedina), lan isih ana tradhisi pasa liyane.
Ing buku The History of Java sing wus dijarwakake ing Basa Indonesia dening Eko Prasetyaningrum sakancane lan dibabar dening Penerbit Narasi, Yogyakarta,
Thomas Stamford Raffles, Gubernur Jenderal Hindia Belanda taun 1811-1816, ngandharake yen wong Jawa mujudake pribumi sing anteng, arang sing mbara, luwih seneng urip ing wewengkon papan klairane lan ora gampang kepancing tumindak deksiya utawa cecongkrahan.
Gegambaran sipate wong Jawa sing ditulis dening Raffles iku yekti ana jumbuhe kalawan kansunyatan bebrayan Jawa. Miturut sutresna budaya Jawa kang uga paraga Presidium Pusat Lembaga Kabudayan Jawi (PLKJ) Surakarta, Widijatno Sontodipuro, nalika wawangunem kalawan Espos ing Reksapustaka Pura Mangkunagaran, sawetara dina kapungkur, wong Jawa sing ngugemi Jawane pancen ceples kaya andharane Raffles kasebut.
“Wong Jawa iku wiwit cilik tansah digegulang supaya ora kendhat ngudi luhuring bebuden,” piterange Widijatno.
Drajat kamanungsan kang mangkono kuwi bisa digayuh kanthi laku mesu budi, meper hawa napsu kang tundhone bakal njurung kawujude manungsa sing anteng jiwane lan ragane, narima ing pandum, uwal saka rasa rupak saengga tansah ngupaya ngedohi samubarang tumindak kang bisa ngrugekake liyan, utawa sakorane ora nglarani liyan.
Miturut Widaningsih, warga Cemani, Sukoharjo, sing wiwit cilik digegulang ing kulawarga sing kenthel ngugemi budaya Jawa, kabudayan Jawa pancen nyumadhiyakake maneka laku kanggo nggayuh kawujude jalma utama. Salah sijine yaiku laku pasa. Widaningsih sing putrane kabeh wus dewasa iku ngandharake, wiwit cilik tansah digegulang dening wong tuwane supaya seneng ngurang-ngurangi.
“Laku ngurang-ngurangi iki sing gampang dhewe ya kanthi pasa. Lan nganti saiki aku isih bisa nglakoni pasa Senen lan Kemis, katambah pasa ing dina weton lan masani anak-anakku yen katemben ngadhepi ujian ing kuliyahe, ujian ing pakaryane lan sapiturute. Lan aku dhewe ngrumangsani yen laku ngurang-ngurangi iku pancen gedhe banget mupangate tumrap jiwa lan rasa pangrasa,” pratelane Widaningsih.
Alpha-Omega
Maneka warna laku pasa sing lumrah ing budaya Jawa, yaiku pasa mutih suwene 40 dina tumrap priya lan 27 dina tumrap wanita, pasa ngrowot, pasa ngebleng sedina sewengi, pasa ing dina weton, pasa nalika nandhang rasa rupak utawa ngadhepi reridhu ing uripe lan jinis-jinis pasa liyane kabeh ngandhut ancas murih bisa luwar saka maneka warna reridhu lan panandhang saengga bisa nggayuh urip lan panguripan kang luwih apik.
Urip sing luwih apik tumrap wong Jawa iku, miturut Widijatno, dudu urip sing sarwa kacukupan kadonyane, ananging luwih ing bab ati, rasa pangrasa lan kajiwane. Wong Jawa sing ngugemi Jawane tansah nengenake sandhang lan praja, lan ngiwakake pangan. Lire, sandhang lan praja iku pralambang sikep, tumindak lan kapribaden. Dene pangan iku pralambang hawa napsu.
Sakadoh-adohe wong Jawa saka piwulang agama, kacihna ngugemi oyot budayane, mesthi duwe rasa lan pamikiran yen kabeh sing dumadi lan ana ing alam donya iki ana Sing Peparing, ana Sing Gawe lan ana Sing Kuwasa. Amarga iku, wong Jawa mesthi tansah kalimputan ing rasa yen sangkan paraning dumadi iku punjere ya ana ing Sing Maha Kawasa. Laku pasa ing tradhisi Jawa ora liya kanggo nggayuh sangkan paraning dumadi iki.
Sikep religi-ne wong Jawa kang kaya mangkene iki jumbuh kalawan panemune Pierre Teilhard de Chardine, filosof saka Perancis, sing ngandharake yen manungsa iku eling manawa Gusti Allah iku kawitan lan pungkasaning uripe manungsa, Gusti Allah iku titik kawitan evolusi (Alpha), ananging uga titik pungkasan kasampurnan (Omega). Kanthi mangkono, kabeh laku uripe manungsa, sujarahe manungsa lan evolusi donya tumuju ing siji, yaiku titik Omega.
Kurang telung dina maneh bakal lumebu sasi Pasa. Miturut agama Islam, tibane sasi Pasa racake mesthi kudu dipapag kanthi ati seneng, awit ing sasi kuwi akeh kabecikan sing bisa digayuh.
Ing tlatah Jawa sing bebrayane wus nampa piwulang Islam, sadurunge mlebu sasi Pasa warga bebrayan padha tata-tata. Padatan ing pirang-pirang panggonan, tumekane sasi Pasa dipapag kanthi laku reresik jiwa lan raga, supaya anggone mlebu sasi mulya kuwi temen-temen uwis temata.
Ing sasi Ruwah sadurunge Pasa, wong-wong kang mbara padha nglodhangake wektu mulih ing desane. Malah akeh sing rila ora mulih desane nalika dina riyaya, nanging malah mulih sing sasi Ruwah. Ragat sepira wae ora dipetung supaya bisa tilik leluhur sing wis sumare, bekti marang uwong tuwa sing isih urip, apa dene ketemu sedulur lan kanca-kanca lawas ing tradhisi mapag sasi Pasa.
Ing wektu iku padha njaluk pangapura tumrap kabeh dosa lan luput setaun kepungkur. Ancase supaya jiwane dadi resik lan suci. Awit, manungsa urip kuwi ora bisa kalis saka dosa dan kilap, wiwit saka pikiran, pangucap, nganti tumindak kang disengaja apadene sing ora.
Upamane tumindak kilap marang wong tuwa, sedulur cedhak, tangga teparo, kanca nyambut gawe, lan liya-liyane. Tumindak sing wis kepungkur sing sarwa reged kudu enggal-enggal diguwang, kayata drengki, srei, dahwen panasten, umuk, wegahan, sesongaran, lan sapiturute. Tumindak mangkono kuwi ngregeti jiwane manungsa lan kudu diresiki kanthi njaluk pangapura marang liyan.
Wong-wong padha nekani umbul, kolam renang, lan liya-liyane kanggo ngresiki awak. Saperangan tumindak mau yektine duwe ancas padha, ngresiki jiwa lan raga. Menawa dipikir-pikir, reresik tata lair lan tata batin dibutuhake ing jaman saiki. Akeh prekara kang bisa ngrusak tatanan bebrayan amarga jiwa lan raga ora tau diresiki.
Coba ditamatna prekara sing pirang-pirang dina iki kerep mlebu ing layang kabar, kayata prekara korupsi para wakil rakyat, genti-genten nutuh nampa barang haram, lan liya-liyane.
Sri Susuhunan Paku Buwono IV ing Serat Wulangreh paring pituduh supaya kita bisa meper hawa nepsu. “Padha gulangen ing kalbu, ing sasamita amrih lantip, aja pijer mangan nendra, ing kaprawiran den kaesthi, pesunen sariranira, sudanen dhahar lan guling.”
Tegese kira-kira asahen atimu supaya lantip nyawang sasmita gaib, aja kakehan mangan lan turu supaya bisa nggayuh luhuring budi. Ana ing Serat Wulangreh uga kasebut menawa ana papat nepsu sing diduweni menungsa, yaiku nepsu lawwamah, amarah, sufiyah lan nepsu muthmainnah.
Nepsu lawwamah iku panggonane ing weteng, yaiku nepsu ngelak, luwe lan ngantuk. Dene nepsu amarah yaiku nepsu sing kawujud nalika nesu, srei, lan drengki. Nepsu sufiyah, yaiku nepsu nuwuhake brahi, kangen, lan tresna marang lawan jinis. Nepsu muthmainnah, yaiku kabecikan sing kawujud ing katentreman batin, seneng marang kabecikan lan luhuring budi. Nepsu mangkene iki sing mesthine uga diduweni manungsa.
Hamula, manungsa urip kudu tansah nyaket marang Gusti Pangeran. Kanggo luwih nyaket, manungsa kudu tansah resik lan suci jiwane kanthi laku meper hawa nepsu
Petungan dina becik lan dina ala kanyatane isih diugemi dening saperangan warga bebrayan Jawa, ora mindeng apa agama kang dirasuk. Akeh wong Islam, Katholik, Protestan, Budha, Hindhu, agama liyane lan uga kang nganut kapitayan marang Gusti Allah Kang Murbeng Dumadi kang isih nyinau lan nggunakake petungan Jawa.
Miturut andharane budayawan Jawa Winarso Kalinggo, sejarahwan saka Universitas Sebelas Maret (UNS) Solo, Tunjung Wahadi Sutirto lan sawetara kapustakan bab panangggalan Jawa, tanggalan kang asipat njumbuhake kabudayan lan petungan Jawa asli kalawan agama Hindu, kaprah sinebut tahun Saka utawa tanggalan Saka, dianggo lan diugemi wong Jawa nganti taun 1633 Masehi.
Nalika Sultan Agung Hanyakrakusuma jumeneng nata ing Mataram, raja kang kenthel agama Islame iku banjur ngowahi tanggalan Jawa kanthi revolusioner. Nalika iku, miturut andharan ing buku Upacara Pengantin Jawa, anggirane Purwadi lan Enis Niken H, weton Panji Pustaka, tanggalan Saka wus lumaku nganti pungkasan taun 1554.
Angka taun Saka 1554 banjur dibacutake ing tanggalan riptane Sultan Agung kanthi angka taun 1555. Tanggalan Saka lelandhesan petungan Syamsiyah (solar system), yaiku lakune bumi ngubengi srengenge. Dene tanggalan racikane Sultan Agung lelandhesan petungan Komariyah (lunar system), yaiku lakune mbulan ngubengi bumi, kayadene petungan tanggalan Hijriyah.
”Owah-owahan tanggalan Jawa dadi tanggalan riptane Sultan Agung iku kawiwitan ing tanggal 1 Sura taun Alip 1555, mbeneri tanggal 1 Muharam taun 1043 Hijriyah, kang uga mbeneri tanggal 8 Juli taun 1633 Masehi. Dinane Jemuah Legi,” piterange Winarso.
Winarso nambahake, apa kang ditindakake Sultan Agung kanthi ngripta tanggalan kang njumbuhake petungan tanggalan Jawa lan tanggalan Hijriyah iku mujudake karya kang lelandhesan pangajab kanggo njembarake perbawane agama Islam ing tanah Jawa.
”Sultan Agung duwe pangajab ndunungake panguwasa babagan agama lan babagan politik marang panjenengane. Wusanane Sultan Agung ngupaya murih panguwasa babagan agama munjer ing panjenengane,” piterange Tunjung sawetara wektu kapungkur.
Upayane Sultan Agung ngripta tanggalan kalebu revolusioner amarga petungane beda kalawan taun Saka kang wektu iku isih dianggo lan diugemi dening warga bebrayan Jawa.
Araning sasi ing taun Hijriyah yaiku Muharam, Syafar, Rabiulawal, Rabiulakhir, Jumadilawal, Jumadilakhir, Rajab, Sya’ban, Ramadhan, Syawal, Dzulqaidah lan Dzulhijah.
Dene araning sasi ing tanggalan Jawa riptane Sultan Agung yaiku Sura, Sapar, Mulud, Bakda Mulud, Jumadilawal, Jumadilakir, Rejeb, Ruwah, Pasa, Sawal, Dulkangidah, Besar. Bedane tanggalan Hijriyah lan tanggalan Sultan Agung dumunung ing taun wastu (tegese cendhak) lan taun wantu ing petungan tanggalan Sultan Agung. Ing taun wastu sasi Besar umure 29 dina, dene ing taun wantu sasi Besar umure 30 dina
Ana beda kang cetha antarane mahargya taun anyar Masehi lan taun anyar Jawa. Yen wancine mahargya tekane taun anyar Masehi, racake warga bebrayan ing ngendi wae tansah nggelar adicara kang asipat pahargyan seneng-seneng, suka parisuka.
Nanging yen wong Jawa mahargya taun anyar Jawa, lumrahe ora kanthi nggelar adicara pahargyan seneng-seneng, suka parisuka mangkono kuwi. Wong Jawa, utamane kang isih kenthel diwernani kabudayan Jawa warisane para leluhur, mahargya tekane taun anyar kanthi laku prihatin, teteki, nenepi, olah jiwa lan olah rasa.
Ana warga bebrayan kang saben lumebu sasi Sura nggelar adicara mligi ngrumat maneka pusaka tinggalane leluhur, ana kang mligi nekani papan-papan kang dianggep sakral kanggo nenepi, ana kang nggelar laku kungkum, pasa pirang-pirang dina lan maneka laku liyane kang ancase tumuju marang olah jiwa lan olah rasa.
Pawadan kanyatan mangkono iku, miturut sutresna budaya Jawa kang uga budayawan, Mufti Raharjo, nuduhake yen yektine peradaban-e wong Jawa iku luwih maju yen katandhingake peradaban kang sinebut jaman modhern.
”Luwih majune peradaban-e wong Jawa bisa katitik saka werdine maneka laku lan tradhisi kang kagelar saben mahargya taun anyar Jawa. Kabeh laku lan tradhisi kang kagelar duwe ancas padha yaiku olah jiwa, olah rasa, mbiji diri pribadine manungsa lan ngenam-nam apa kang wus dilakoni sadawane setaun kang wus kliwat,” piterange Mufti.
Dene bebrayan jaman modhern nalika mahargya taun anyar Masehi, racake mung wates suka parisuka, seneng-seneng, mangan-mangan, njoget-njoget, jedhar-jedhor nyumet mercon utawa kembang api lan adicara-adicara sajinis kang sipate mung wates seneng-seneng sauntara. ”Dudutane, yen wong Jawa mahargya taun anyar Jawa, werdine ana ing olah jiwa lan olah rasa, kang tundhone anjog ing pangajab bisa sansaya cedhak marang Sing Gawe Urip,” pratelane Mufti.
Kanyatan iki beda banget yen katandhingake kalawan tradhisi mahargya taun anyar Masehi. Mahargya tekane taun anyar Masehi luwih kenthel dimensi pisike lan dimensi kadonyane. Titikane, akeh adicara suka parisuka, seneng-seneng kang digelar ing papan kang sarwa gumebyar lan ngentekake ragad ora sethithik. Isine adicara ya mung wates mangan-mangan, ngombe-ngombe, njoget bebarengan, pamer sandhangan anyar lan aneh lan sajinise.
Adicara mangkene iki, miturut Mufti, sejatine ora numusi utawa ora nyambung kalawan werdine mahargya tekane taun anyar. Kepriye bisa ngenam-nam pikir, ndhudhah pribadine dhewe, instropeksi lan nyepakake jiwa kanggo mecaki taun anyar yen ana ing satengahing adicara kang sipate seneng-seneng, suka parisuka, jor-joran lan sajinise? Dudutane, saperangan gedhe pahargyan mapag taun anyar Masehi luwih asipat pisik kang anjoge mung ana ing karep kanggo seneng-seneng.
Duh Gusti Pangeran kula, Sesembahan kula...
Mugi wonten kepareng Paduka...
Kula nyuwun pangapura hawit saking sedaya dosa lan kalepatan kula...
Kanthi tulusing manah, kula nyuwun pinaringan kanugrahan tumuruning welas asih Paduka, Dzat Ingkang Hamurba Hamisesa Gesang...
Mugi ing warsa enggal punika:
Ingkang sami nandhang roga utawi sakit, enggalo waluyo
Ingkang sami kekirangan, mugi enggal pinaringan kawontenan ingkang cekap
...
Mugi Negari Indonesia, sumrambahipun Kitha Solo saisinipun enggal luwar saking sakathahing reridhu lan bebendu
Mangkono unine saperangan donga panyuwunan ing adicara slametan mahargya taun anyar 1 Sura Jimawal 1941 ing Kantor Dinas Pariwisata Seni dan Budaya (Disparsenbud) Kutha Solo, Rebo (9/1) kapungkur. Adicara slametan, ngumbulake donga, iku uga dipepaki pasugatan jenang Suran kang disumadiyakake dhewe dening para karyawan Disparsenbud Kutha Solo.
Adicara slametan mahargya taun anyar 1 Sura 1941 iku ditekani kabeh karyawan Disparsenbud, kalebu Kepala Disparsenbud, Handartono. Sawise rampung anggone ngumbulake donga, pasugatan jenang Suran saubarampene banjur dirahabi bebarengan nggunakake takir saka godhong gedhang minangka gantine piring.
Jenang Suran kang arupa jenang utawa bubur beras dipepaki sambel goreng tholo, perkedel kenthang, suwiran endhog pitik digoreng dadar, krupuk lan sawetara lawuhan liyane pancen mujudake salah sijine ubarampe tradhisi mahargya taun anyar Jawa kang isih dileluri dening saperangan bebrayan Jawa.
Saliyane diadani ing Kantor Disparsenbud Kota Solo, tradhisi ngumbulake donga lan pasugatan jenang Suran, ing dina Rebo (9/1) kapungkur, uga diadani dening warga ing tlatah kampung Yosodipuro. Warga ing saperangan tlatah RW 03 iku pancen wus mataun-taun ngleluri tradhisi nyumadiyakake jenang Suran lan bebarengan ngumbulake donga marang Gusti Allah Kang Maha Asih saben mahargya tekane tanggal 1 Sura.
Jenang Suran saubarampene dimangsak bebarengan dening warga. Ubarampene uga disumadiyakake bebarengan, ana kang urun beras, urun kenthang, urun kacang tholo lan urun liyane. Sawise jenang Suran saubarampene mateng banjur didum kanggo kabeh bale somah. Anggone ngrahabi sawise ana adicara ngumbulake donga bebarengan kang mapan ing salah sijine omah warga.
Akulturasi
Raharjo, salah sijine warga, lan Kepala Disparsenbud Kutha Solo, Handartono, ngandharake, ing tradhisi nyumadiyakake jenang Suran lan ngumbulake donga bebarengan iki ana tapsiran adiluhung kang racake wus ora dimangerteni dening bebrayan jaman saiki.
Tapsiran adiluhung iku menjila saka ukara-ukara donga kang diwaca sadurunge bebarengan ngrahabi jenang Suran saubarampene. Donga kang diwaca nggunakakake Basa Jawa. Ateges ngliwati wates-wates agama. Warga kang ngrasuk agama Islam, Katholik, Kristen, Hindu, Budha, Konghucu lan kapitayan liyane bisa bebarengan ndonga amarga ukara dongane ora nggunakakake tembung-tembung kang racake winates digunakake ing agama-agama tinamtu.
”Kanthi cara mangkene iki, kabeh warga bisa bebarengan mahargya taun anyar Jawa tanpa rasa ewuh pakewuh. Ing kene ana tapsiran yen mahargya taun Jawa anyar iku kenthel werna akulturasi budaya, tapsiran vertikal transendental lan memayu hayuning bawana,” pratelane Raharjo.
Cikal bakal keris tinemu ana ing relief Candhi Borobudur. Ana ing langkan candhi tinemu pepethan rupa keris disengkelit ana sabuke prajurit.
Wujude kaya wilah sing ana ing ganja keris. Wewaton pepethan rupa keris iku, bisa dipesthekake menawa dumadine keris wus ewonan taun kapungkur.Wektu sing kalebu suwe wiwit jaman Budha lan Hindhu nganti tekan jaman iki.
Mula ora aneh menawa keris duweni prabawa lan daya pangaribawa sing ngedab-edabi. Keris wis narik kawigaten sapa wae sing kepengin sinau lan nyinau keris. Dumadine keris ora bisa dipisahake karo paraga sing sinebut empu. Akeh banget empu sing ndedonga, maladi hening, tirakat, tarak brata, kanggo lambaran anggone gawe keris. Owahing wektu kawiwitan saka jaman kawuri lumaku ana pecakan jaman sing trus gilir gumanti, para empu wus kasil mujudake karya agung sing ngedab-edabi. Puluhan ricikan inukir ana keris sing wujude alus, endah, ngrumit, mrabu, lan mrebawani.
Kridhane para empu anggone mujudake keris ora bisa dipisahake karo gelaring alam. Babagan tetuwuhan lan gegodhongan dadi inspirasi kanggo njenengi keris, dhapur, lan pamor. Mula banjur ana jeneng sing ngrenggani pamor, yakuwi sekar, kembang, soka, mayang, mlathi, ron kendhuru, blarak, lan liya-liyane. Jeneng sato kewan sing duweni daya kekuatan uga ndayani, umpamane: naga, gajah, gana, singa, mahesa, kebo, kidang, jalak, bango, banyak, lan liya-liyane.
Ana maneh sing njenengi nganggo tembung: jagad, lintang, banyu, sumur, segara, teja, watu, damar, brama, kala, pendhawa, satriya, panji, puthut lan liya-liyane. Kabeh mau dadi titikan manawa para empu sing lagi ‘murba-masesa’ keris pancen caket lan raket karo lingkungan alam lan isine. Nalisik saka sujarah keris, akeh banget bukti menawa akehing bab ana ing keris dadi obyek studi sing jembar lan komplit. Mula ora aneh manawa banjur ngrembaka anane bebadan, paguyuban, paheman, lan pandhemen sing nggilut lan nguri-uri keris.
Ayahan sing kepengin nyinau lan ngerteni bab keris nganti bebles akeh tinemu. Mulane banjur ana tata gelaring pangawikan sing sinebut kerisologi. Sawijining ilmu utawa ngelmu sing mersudi lan jingglengi keris nganti jero. Sing dipindeng lan dipandeng ora mung babagan karagan (eksoteri) nanging uga perangan njero (isoteri), lan filosofine. Tebane pasinaon ngenani keris sangsaya jembar, ana sing mlembar lan uwal saka ranah ilmiyah. Babagan sing ora tinemu nalar (irasional) uga nemahi bebrayan mligine ana tlatah padesan. Keris banjur diprecaya nduweni pangaribawa sing bisa njangkung sapa wae sing kadunungan keris. Karana iku keris banjur diurmati, dijamasi, diaji-aji, lan kadhangkala dipahargya ana ing upacara sing agung utawa mirunggan.
Kajaba saka iku akehing keris ana sing dipapanake ana gedhong pusaka (njero Karaton), ana ing museum-museum, lan papan-papan mirunggan liyane. Umur, wujud, ukiran, kaendahaning keris pranyata wus narik kawigaten bebadan UNESCO-PBB. Karana iku wiwit sasi November 2005 keris wus kasil dikukuhaken minangka warisan budaya donya (a masterpice of intangible heritage).
Jagad Jawa, budaya Jawa, lan wong Jawa prelu bombong lan mongkog duweni warisan budaya rupa keris sing cacahe, rupane, kaendahane, prebawane, guna katiyasane pranyata banjur dadi luhur lan kasuwur ana ing donya. ::Ki Sutadi, Pangarsa Pepadi Jawa Tengah::
Pasal 28I (bab hak asasi manusia) UUD 1945 asil amandemen utawa owah-owahan kaping papat nandhesake yen jati dhiri budaya lan hak bebrayan tradhisional diurmati laras kalawan owah-owahane jaman lan peradaban.
Unine pasal iku, identitas budaya dan hak masyarakat tradisional dihormati selaras dengan perkembangan jaman dan peradaban. Ing Pasal 32 ditandhesake yen nagara kudu ngrembakakake kabudayan nasional Indonesia ing satengahing peradaban donya kanthi aweh jaminan tumrap bebrayan supaya bisa bebas nguri-uri lan ngrembakakake piwulang kabudayane.
Unine Pasal 32 iki, negara memajukan kebudayaan nasional Indonesia di tengah peradaban dunia dengan menjamin kebebasan masyarakat dalam memelihara dan mengembangkan nilai-nilai budayanya.
Saka pratelan rong pasal ing UUD 1945 asil owah-owahan kaping papat iku ana dudutan yektine hake warga kanggo ngugemi kabudayan asline pancen antuk jaminan saka nagara. Malah, kepara nagara dhewe kudu duwe program kerja kang ancase kanggo ngleluri lan ngrembakakake kabeh kabudayan dhaerah minangka sumber lan identitas kabudayan nasional.
Ing pasal-pasal iku uga cetha ditandhesake yen upaya ngleluri kabudayan, mligine kang katelah kabudayan tradhisional, kudu jumbuh utawa dilarasake kalawan owah-owahaning jaman.
Lelandhesan pratelan ing rong pasal UUD 1945 iku, wus samesthine yen tuwuh lan ngrembakane krenteg lan upaya kanggo ngleluri, ngrembakakake lan ndayakake sakehing kesenian tradhisional lan tapsiran-tapsiran asumber kabudayan dhaerah lan kabudayan tradhisional kudu antuk kalodhangan kang mirunggan.
Kayadene upaya kang sawetara wektu kapungkur dilakoni para sutresna seni tradhisi Komunitas Seni Sendhang Gotan ing Dukuh Karanggotan RT 43/RWXV, Desa Mranggen, Kecamatan Jatinom, Klaten. Ing pungkasan sasi November 2008 kapungkur, Komunitas Seni Sendhang Gotan nggelar adicara Gelar Seni Budaya Kampung.
Adicara kang kagelar sedina sawengi iku mbabar maneka seni tradhisi kang urip ing tlatah Karanggotan lan sakupenge. Kanggo ngregengake ana sawetara seniman saka Kutha Solo kang diundang melu ngramekake adicara iku. Ananging punjering karamen tetep pasugatan seni tradhisi kang asli saka tlatah Karanggotan lan sakupenge.
Miturut Sugeng Widodo, pangarsa Komunitas Seni Sendhang Gotan, adicara kagelar kanthi pangajab bisa ndudut gumregute warga Karanggotan lan sakupenge kanggo nresnani seni tradhisi.
Pangarsa Paguyuban Tri Tunggal Yogyakarta, Rama Sapto, mratelakake yektine ibuning nagara iku ora liya ya desa. Werdine, desa iku dadi perangan baku saka jejege negara. Lan kanyatane ya ing desa iku papan ngemonah sakehing sumber daya alam kang bisa diolah dadi sumber pangan.
Emane, wiwit mataun-taun kapungkur pranatan paprentahan ora mehak marang upaya ngleluri urip lan panguripan sarta kabudayan bebrayan desa. Kabeh kawicaksanane pamarentah kang sinebut pemberdayaan desa, penguatan desa lan pembaharuan desa wusanane mung nuwuhake rusake kabudayan asli desa.
Filosofi desa mawa cara negara mawa tata ora ditrepake nalika pamarentah netepake pranatan lan kawicaksanan kanggo mbangun desa. Kapitalisasi ekonomi kang ditrepake pamarentahan penjajah, revolusi hijau lan upaya nguwati paprentahan desa kang dicakake paprentahan orde baru (Orba), sarta demokratisasi desa sadawane jaman reformasi iki mung ngasilake sansaya kuwate elite ekonomi lan elite politik ing desa.
Apamaneh nalika pamarentah ngetrapake pranatan kang asipat nyragamake utawa madhakake kabeh bebadan paprentahan desa, kang dumadi sabanjure ora liya ya mung sansaya menjilane kekuwatan elit politik lan elit ekonomi desa.
Dene bebrayan desa kang kudune urip, ngrembaka lan maju lelandhesan tata cara asumber kabudayane dhewe ora direwes. Malah akeh kawicaksanan lokal kang wus kabukten bisa ngleluri alaming desa, ngleluri sakehing sumber daya alam ing desa, suwe-suwe dadi cures, kalah dening program pemberdayaan desa, penguatan desa, pembaharuan desa, revolusi hijau lan kawicaksanan liyane.
Bambang Hudayana, dhosen ing Jurusan Antropologi Fakultas Ilmu Budaya UGM Yogyakarta, ing tulisane asesirah Keluar dari Involusi Agenda Pembaharuan Desa, kang kaemot ing jurnal Mudik, weton Forum Pengembangan Pembaharuan Desa (FPPD), mratelakake, yen mindeng saka sujarah ekonomi lan politik desa, yektine kawicaksanan pembaharuan desa kang ancase mujudake otonomi, demokrasi lan partisipasi cetha yen durung murakabi kanggo ngrampungi perkara kang tuwuh saka kanyatan uriping desa jaman saiki
Wolak-waliking jaman lan dayane globalisasi, modernisasi sarta sansaya majune teknologi informasi lan komunikasi sansaya ndhesek maneka rupa kearifan utawa kawicaksanan lokal kang dadi landhesane filosofi desa mawa cara negara mawa tata.
Miturut dosen Filsafat Ilmu ing Program Pascasarjana Universitas Sebelas Maret (UNS), Dr Oesman Arif, nalika wawangunem kalawan Espos sawetara dina kapungkur, kacihna unen-unen desa mawa cara negara mawa tata iku sejatine mujudake pepesthen urip, ananging kanyatane malah dikiwakake.
Sing mratah sabanjure malah sikep meksakake panemu utawa kekarepan marang liyan utawa klompok liyan supaya manut marang tata cara kang diugemi dhewe. Sing dumadi sabanjure malah cecongkrahan, dredah lan rusake bebrayan.
Oesman njupuk tuladha nalika jayane orde baru (Orba) kang dipimpin presidhen sawargi Soeharto, akeh kawicaksanan kang ancase kanggo nata negara, nata urip lan panguripane rakyat, nanging asile ora salaras kalawan ancase.
”Soeharto iku kondhang minangka presidhen Indonesia kang uripe kenthel diwernani kabudayan Jawa. Malah panjenengane uga kerep lelandhesan kawicaksanan lan kabudayan Jawa nalika bakal netepake sawijining kawicaksanan ing paprentahan. Emane cara ndunungake lan ngetrapake filosofi-filosofi kang dijupuk saka kaskayane kabudayan Jawa ora trep kalawan apa kang samesthine,” piterange Oesman.
Malah kang mratah sabanjure, dudu ngurmati filosofi desa mawa cara negara mawa tata, ananging malah ngathik lan ngetrapake tata cara dhewe kang ora lelandhesan kabudayan kang wus dadi jati dhiri.
Kang dumadi sabanjure, akeh wong kaningaya, akeh kaskayane alam kang dibroki dening kekuwatan saka nagara manca. Lan wusanane bangsa Indonesia kelangan ”kamardikane” amarga gumantung marang pambiyantu awujud utangan saka nagara manca kang luwih kuwat sakabehe.
Nalika Orba ambruk lan digenteni paprentahan orde reformasi, miturut Oesman, gegebengan desa mawa cara negara mawa tata isih dikiwakake. Kabudayan saka nagara manca sansaya gemruduk lumebu lan dadi werna kang menjila dhewe. Dene kabudayan lokal kang sejatine mujudake jati dhiri, malah dikiwakake.
Cara anyar
Nalika para wakil rakyat ing DPR lan MPR nyarujuki amandemen utawa owah-owahan UUD 1945, lan kasil kababar kaping papat, sejatine dadi pawadan laire tata cara anyar ing uriping bebrayan bangsa Indonesia.
”Sing dadi pitakonan, owah-owahan UUD 1945 kang saiki wus nganti kaping papat iku salaras kalawan filosofi desa mawa cara negara mawa tata apa ora? Yen ora, samengkone ya bakal nuwuhake dredah anyar maneh. Dene yen wus salaras, tegese mung kari njurung uripe bebrayan bangsa iki supaya bali menyang tata cara asumber kabudayane dhewe,” pratelane Oesman.
Werdine unen-unen desa mawa cara negara mawa tata bakal murakabi tumrap upaya mbangun uriping bebrayan kang tumuju marang mamayu hayuning bawana. Sarate, kabeh tata cara kudu dibalekake marang kearifan lokal, kudu dibalekake marang kaskayane kabudayan.
Kabagyane wong Jawa kang isih ngugemi kabudayane cetha yen beda banget kalawan kabagyane wong-wong ing Amerika. Saengga yen kabagyan iku mung diukur saka pemerataan ekonomi, samengkone malah bakal nuwuhake karusakan ing bebrayan.
”Pawadan iku, filosofi desa mawa cara negara mawa tata sejatine kudu lelandhesan kabudayan lokal. Nalika pamarentah netepake lan ngetrapake sawijining kawicaksanan kudu jumbuh kalawan kanyatan kang dumadi lan urip. Kayadene warga Papua kang wus kaprah mangan sagu ya kudune aja dipeksa ninggalake sagu lan kudu mangan sega saka beras,” piterange Oesman.
Kanggo njejegake maneh filosofi desa mawa cara negara mawa tata, Oesman mrayogakake supaya para intelektual ing kabeh tlatah bisa bali ndhudhah maneka rupa kawicaksanan lokal.
Unen-unen Jawa, desa mawa cara negara mawa tata, ateges sawenehing papan, bisa desa, kutha apadene negara, iku nduweni tata cara dhewe-dhewe. Tata cara iku kang ngatur urip lan panguripane warga kang dumunung ing tlatah kono.
Lan yen ana wong saka njaba kang mertamu, lumebu utawa manggon ing papan iku mau, kudu bisa manjing ajur-ajer kalawan tata cara kang diugemi. Yen tata cara ing papan anyar iku padha kalawan tata cara ing papan asale, wong mau bakal kepenak anggone srawung karo warga kono.
Dene yen tata cara ing papan anyar mau kanyatane beda kalawan tata cara kang diugemi ing papan sadurunge, mesthi wae wong mau kudu sinau lan nglakoni samubarang tata cara ing papan anyar iku. Yen dheweke ora gelem bakal dicap murang tata lan wusanane ora bisa ajur-ajer kalawan bebrayan ing papan iku mau.
Miturut budayawan Jawa, Winarso Kalinggo, nalika wawangunem kalawan Espos, sawetara dina kapungkur, ing daleme, tlatah Cemani, Sukoharjo, unen-unen iku sejatine wus menjila dadi cekelane bebrayan. Ora mung bebrayan Jawa, ananging uga bebrayan ing tlatah liyane, kacihna ukarane beda ananging werdine padha.
”Yen ing tlatah Melayu ana unen-unen di mana bumi dipijak di situ langit dijunjung. Unen-unen iki ngemu teges ana ngendi wae sawijining wong iku dumunung, dheweke kudu ngurmati tata cara kang wus kaprah, lumaku lan dadi cekelane bebrayan ing papan iku,” piterange Winarso.
Yen ngrembug unen-unen iki kanthi luwih jero, miturut Winarso, kanthi wantah pancen jumbuh kalawan kanyatan kang dumadi. Wiwit jaman kuna makuna nganti jaman saiki, racake saben desa, saben kutha lan sumrambahe saben negara, mesthi duwe tata cara dhewe-dhewe kanggo ngatur samubarang ing uripe bebrayan kang dumunung ing papan-papan iku.
Ing jaman krajan, prasasat saben desa duwe ciri dhewe-dhewe, duwe paprentahan dhewe, saengga antarane desa siji lan sijine kang sejatine cedhak lan mung winates dalan utawa iline kali wus duwe tata cara dhewe kang beda banget antarane siji lan sijine.
Kanyatan iki, miturut paraga Presidium Pusat Lembaga Kabudayan Jawi (PLKJ) Surakarta, KRHT Widijatmo Sontodipuro, jumbuh kalawan sesanti Bhinneka Tunggal Ika kang dadi jati dhirine bangsa Indonesia. Nalika wawangunem kalawan Espos ing Pura Mangkunagaran, sawetara dina kapungkur, kahanan kang Bhinneka Tunggal Ika iku mesthi wae uga kahanan kang desa mawa cara negara mawa tata.
Lire, kayadene bebrayan Jawa wae ana Jawa Surakarta, Yogyakarta, Surabaya, Banyumas, Tegal lan liyane. Kabeh bebrayan Jawa adhedhasar tlatah papan dununge iku duwe tradhisi dhewe-dhewe, duwe kesenian dhewe-dhewe, saengga mesthi wae uga duwe tata cara dhewe-dhewe kanggo ngatur bebrayan. Ananging tetep manunggal minangka bebrayan Jawa.
Tetep nyawiji
Empu Tantular ing kitab riptane, Sutasoma, kanthi pratitis madhahi kanyatan desa mawa cara negara mawa tata ing sesanti Bhinneka Tunggal Ika, sanadyan beda-beda ananging tetep siji, yaiku Nuswantara. Yen saiki ateges, sanadyan beda-beda ananging tetep nyawiji minangka bangsa Indonesia.
Miturut budayawan kang uga dosen ing Institut Seni Indonesia (ISI) Solo, Waridi, kahanan kang kawujud saka sesanti Bhinneka Tunggal Ika ora kena ditegesi kabeh kang beda-beda kudu dadi siji, seragam, lan ngilangi bedane, ananging malah kudu ditegesi tetep beda-beda, ora prelu didadekake seragam, angger bisa urmat kinurmatan antarane siji lan sijine.
Saka padha-padha njunjung rasa urmat ing antarane samubarang kang sarwa beda iku, temahane bakal nuwuhake semangat nyawiji minangka sedulur tunggal ibu pertiwi lan bapa akasa. Dadi Bhinneka Tunggal Ika iku jebles kalawan unen-unen desa mawa cara negara mawa tata. Beda panggonan mesthi beda tata carane, ananging tetep dadi sedulur tunggal ibu pertiwi bapa akasa.
Lan yen ngonceki unen-unen desa mawa cara negara mawa tata, saka tembung desa lan negara iku wae wus cetha wela-wela kanyatan kang beda. Desa iku luwih kenthel dening werna semangat nyambut gawe, budaya agraris, dene negara kang ing tetembungan Jawa bisa ditegesi kutha, luwih kenthel dening werna semangat intelektual.
Ananging antarane budaya lan semangat nyambut gawe kalawan budaya lan semangat intelektual iku, miturut Winarso, padha-padha butuhe. Para intelektual ora bisa urip yen ora ana warga desa kang sregep nyambut gawe, olah tetanen. Suwalike, wong-wong desa uga ora bakal bisa maju nut kelakone jaman yen ora ana urun rembuge para intelektual kang padha dumunung lan mbangun kridha ing kutha-kutha.
”Kanthi mangkono, unen-unen desa mawa cara negara mawa tata iku sejatine gegambaran uriping bebrayan. Ora mung bebrayan Jawa, ananging uga bebrayan kang tebane luwih amba. Dudutane, nganti kapan wae unen-unen iki kudune tetep diugemi, amarga pancen mujudake pepesthen,” pratelane Winarso
Busana pancen dadi salah sijine ciri mligi utawa identitas tumrap wong Jawa. Miturut budayawan Jawa, KRMHT Djoko Pandjihamidjoyo, busana Jawa yektine ngandhut tuntutan mungguhing urip. Wong Jawa kang sejati iku yen wus wasis micara Basa Jawa, wasis nyandhang Jawa lan wasis maca lan nulis aksara Jawa.
Kasunyatane, jaman saiki luwih akeh wong Jawa kang wus kelangan katelune. Kamangka kayadene cak-cakan busana, lamun trep kalawan prabatan bakal jumbuh kalawan filosfi ajining raga dumunung ing busana. Ngrembug bab tata busana Jawa, miturut Ki Djoko, ora bisa uwal saka budaya Jawa. Amarga busana Jawa pancen kalebu pange budaya Jawa kang asumber saka Karaton Surakarta Hadiningrat, yaiku busana Jawa kang nganti saiki adhakan padha kawuningan ing bebrayan umum.
Tata busana Jawa ing pahargyan temanten kang kaprah ing bebrayan, tata busana Jawa ing maneka adicara formal utawa informal ing paprentahan lan uga ing bebrayan umum lan uga busana Jawa kang kaprah dianggo ing padinan sumbere ora liya tata busana minangka pange kabudayan Jawa kang asumber saka Karaton Kasunanan Surakarta.
Adhedhasar andharan ing buku Kawruh Sapala Tata Busana Jawi I, anggitane S Yusdiyanto, weton Sanggar Pasinaon Pambiwara Karaton Surakarta, taun 2004, busana Jawa gagrak Surakarta, kayadene kang lestari ing Karaton, lan mratah ing masarakat, prabotane pancen akeh. Mula saka iku, sok sapaa kang arep manganggo busana Jawa saorane kudu nyumurupi wujud utawa mangerteni parabote busana lan tata cara manganggone.
Miturut Sugiyatna, nimpuna pangracik busana Jawa, filosofi busana Jawa iku jero banget. Busana Jawa kang baku iku kedadeyan saka iket blangkon, beskap lan cenela utawa selop.
”Iket blangkon iku ukurane utawa pralambang pikir, beskap iku ukurane rasa pangrasa lan cenela iku ukurane utawa pralambang tumindak. Wong manganggo busana Jawa sapangadeg, yaiku iket blangkon, beskap lan cenela, yektine dadi pralambang yen manungsa iku kudu nyalarasake antarane pikir, rasa pangrasa lan laku utawa tumindak. Yen katelune wus salaras, uripe mesthi slamet, slamet ing donya lan akerat, lan uga tansah antuk karahayon, kamulyan lan karaharjan.”
Lelandhesan filosofi mangkene iki, yektine manganggo busana Jawa pancen kudu netepi trep-trepane, supaya nges lan dhemes.
Karepe pamarentah Kutha Solo mono sedya ngleluri budaya Jawa kanthi sarana mbudayakake maneh sandhangan Jawa ing sawijining adicara upacara formal pamarentahan.
Nanging amarga kang melu upacara saperangan gedhe durung pana bab tata busana Jawa, wusana nuwuhake panyaruwe saka pirang-pirang warga amarga akeh kang kleru anggone manganggo busana Jawa.
Kacihna, krentege pamarentah Kutha Solo kang sedya nuwuhake maneh werna budaya Jawa ing tlatah Kutha Solo, mligine bab manganggo sandhangan Jawa, mujudake krenteg kang apik, kudu dijurung.
Miturut nimpuna bab sandhangan Jawa kang uga sutresna budaya Jawa, Sugiyatna, nalika wawangunem kalawan Espos ing kiyos Busana Kejawen Surakarta ing sisih wetan Alun-Alun Lor Karaton Surakarta, sawetara dina kapungkur, yen isih ana klera-klerune bab manganggo busana Jawa, ya kudu dibenerake.
”Pancen akehe panyaruwe amarga ana kang kleru anggone nyandhang Jawa nalika upacara pengetan madege Kutha Solo sawetara dina kapungkur. Nanging aja ndadekake nglokro tumrap kabeh pehak kang duwe krenteg bakal nenangi, ngleluri lan nguripake maneh budaya Jawa, mligine sandhangan Jawa, ing Kutha Solo. Klera-kleru kang dumadi bab kang lumrah, amarga saperangan gedhe warga bebrayan wus suwe ora manganggo sandhangan Jawa,” pratelane Sugiyatna.
Dene miturut salah sawijining warga, Bambang Harjanto, kanyatan yen jaman saiki luwih akeh warga kang ora mangerteni bab tata busana Jawa pancen dadi pepesthene jaman. Lire, majuning jaman, owah-owahaning jaman pancen nuwuhake maneka warna budaya anyar kang sarwa narik kawigaten, kalebu bab budaya nyenyandhang.
Apamaneh, jarene Bambang kang dumunung ing tlatah Kelurahan Kadipiro, Solo, cakrik-cakrik sandhangan asile budaya modheren racake sarwa praktis lan kepenak dianggo. Dene sandhangan Jawa pancen kudu nggunakake undha usuk kang asipat baku. Perangan sandhangan siji lan sijine ana aturane dhewe-dhewe nalika arep dianggo. Lan cara manganggone uga ana trep-trepane, ora bisa sakepenake dhewe.
Sugiyatna nambahake, krenteg kanggo mbudayakake maneh sandhangan Jawa lan isih akehe klera-kleru bab cara manganggone, kudu ditegesi minangka upaya kanggo mujudake mitos dadi etos. Sing dikarepake mitos yaiku bab tata busana Jawa kang kasunyatane pancen sansaya dikiwakake ing bebrayan umum. Dene sing dikarepake etos yaiku upaya murih warga gelem tetepungan maneh kalawan tata busana Jawa lan mratahake maneh bab tata busana Jawa ing bebrayan.
”Ngowahi mitos dadi etos utawa laku iku pancen ora gampang. Nalika puluhan taun warga ora tau tetepungan kalawan tata busana Jawa, nalika kudu nganggo ya mesthi bakal akeh klera-klerune. Nanging yen pangarsane bebrayan agung, mligine para budayawan lan sutresna budaya Jawa panggah kapriadreng lan ora mingkuh saka upaya nenangi kabudayane dhewe, samengkone tata busana Jawa bakal dadi pangerten kang kaprah maneh ing bebrayan,” piterange Sugiyatna.
Lelandhesan budaya
Kacihna ing wektu-wektu pungkasan iki ing maneka warna adicara formal utawa informal lan maneka rupa pahargyan kaprah tinemu wong kang kleru anggone nyandhang Jawa, ananging yen krenteg kanggo ngupaya murih mitos bisa menjila dadi etos lumaku tanpa kendhat, ora nganti rong taun maneh, bab tata busana Jawa wus bakal menjila dadi pangerten kang kaprah ing bebrayan umum ing Kutha Solo.
Apa kang kelakon ing adicara upacara pengetan madege Kutha Solo sawetara dina kapungkur, miturut Sugiyatna, kudu ditegesi minangka sarana ndhidhik bebrayan bab tata busana Jawa. Kanthi kedadeyan sawetara dina kapungkur iku, apamaneh dijurung dening warta ing ariwarti, bebrayan bakal bisa ndunungake kepriye cara manganggo sandhangan Jawa kang trep lan bener lan kepriye cara manganggo kang geseh kalawan trep-trepane.
Bab klera-kleru ing trep-trepane manganggo busana Jawa iku ora mung dumadi ing bebrayan umum. Ing sanjerone Karaton Kasunanan Surakarta wae Espos tau mrangguli ana abdidalem tataran adipati sepuh kang nyengeni sawetara abdi dalem lurah kang kleru anggone manganggo sandhangan pisowanan.
Kedadeyan iku dumadi sawetara wektu kapungkur ing adicara pisowanan agung pengetan jumenengan Sampeyan Dalem Sinuhun Pakubuwana XIII Hangabehi.
Kamangka, kaprahe jejer abdi dalem karaton iku mesthine wus antuk piwulang bab tata busana Jawa sadurunge winisudha minangka abdi dalem karaton. Apameh yen ing bebrayan umum, mesthi luwih akeh maneh warga kang ora pana bab tata busana Jawa.
Koentjaraningrat, lumantar bukune asesirah Kebudayaan Jawa, weton Balai Pustaka, 1984, yektine mindeng yen kabudayane ora sarwa padha, ora sragam, ora homogen.
Wong Jawa wus mangerteni yektine ana maneka warna kabudayan kang asipat regional, sadawane tlatah Jawa Tengah, Jawa Timur lan Yogyakarta, kang kondhang minangka punjere kabudayan Jawa.
Kabudayan Jawa kang tuwuh lan ngrembaka ing tlatah Solo lan Yogyakarta asumber kabudayan karaton, kabudayan Jawa kang tuwuh lan ngrembaka ing tlatah Banyumasan lan Bagelen duwe ciri mligi, kabudayan Jawa ing tlatah pasisiran (Indramayu-Cirebon) beda kalawan kabudayan Jawa ing tlatah liyane.
Mangkono uga kabudayan Jawa kang tuwuh lan ngrembaka ing tlatah Surabaya lan pasisiran Jawa Timur kenthel diwernani agama Islam. Mesthi wae kabudayan Jawa ing Surabaya lan pasisir Jawa Timur kang wus diwernani agama Islam iku beda kalawan kabudayan Jawa ing tlatah liyane.
Ananging ing tlatah Jawa Timur ana kabudayan Jawa kang oyote padha kalawan kabudayan Jawa ing negari gung (Solo lan Yogyakarta) yaiku ing tlatah Madiun, Kediri lan delta Kali Brantas. Tlatah Madiun, Kediri lan delta Kali Brantas iki kaprah sinebut tlatah mancanagari.
Dene tlatah sawetane Malang lan Kali Brantas mujudake tlatah papan tuwuh lan ngrembakane kabudayan Jawa kang wus diwernani kabudayan Madura. Wong Jawa Timur, nyebut wong-wong Jawa kang dumunung ing pesisir kidul Jawa Timur minangka ”tiyang kilenan”.
Lan ana maneh tlatah ing Jawa Timur kang duwe ciri kabudayan mligi, yaiku wong-wong Jawa kang dumunung ing tlatah Tengger. Wong-wong kang dumunung ing sakupenge Kutha Banyuwangi, kaprah sinebut ”tiyang osing” uga duwe ciri kabudayan dhewe. Kanthi mangkono, kabudayan Jawa pancen asipat maneka rupa, werna werna, ora homogen.
Kanyatan mangkene iki, miturut I Nengah Mulyana, warga Bali kang wus sawetara taun dumunung ing Kutha Solo, nuwuhake kanyatan pancen angel yen kudu nemtokake pathokan saengga sawijining wong iku bisa sinebut Jawa sejati lan Jawa kang ora sejati.
”Yen ana sesebutan Jawa sejati lan Jawa kang ora sejati, kudune ana pathokan kang asipat baku. Kanyatane, nemtokake pathokan tumrap Jawa sejati lan Jawa kang ora sejati iku kaya-kaya dadi mokal yen mindeng kanyatan kabudayan Jawa iku maneka warna. Lan nganti saiki aku dhewe durung bisa nemtokake ukuran kanggoku dhewe nalika arep mbiji sawijining wong Jawa iku kalebu Jawa sejati utawa Jawa kang ora sejati,” pratelane Mulyana
Ngenani sebutan Jawa pancen kerep dadi pradondi, akeh wong tuwa kang nyebut cah enom saiki ora Jawa, dene sing enom uga gemang yen diarani ora Jawa awit dheweke lair lan gedhe ing tanah Jawa.
Ngenani bab iku, Guru Besar Ilmu Sejarah Universitas Gadjah Mada Yogyakarta, Prof Dr Bambang Purwanto, nelakake, Jawa iku yektine ora liya ya kabudayan. Kanthi mangkono, sapa wae lan apa wae bisa ndhaku, didhaku utawa ngidentifikasi dhirine minangka Jawa, nanging yektine ya mung wates legalitas utawa formalitas.
Lan sing diarani kabudayan, mesthi wae ora asipat gumathok lan tansah owah. Kabudayan ngalami owah-owahan jumbuh lakuning jaman. Kabudayan tansah urip lan ngrembaka nut lakuning jaman.
”Saka kahanan lan kanyatan mangkono kuwi, Jawa utawa kabudayan Jawa kang tuwuh, urip lan ngrembaka ndalem 300 taun kepungkur mesthine bakal beda kalawan Jawa kang tuwuh, urip lan ngrembaka ing wektu iki. Dudutane, Jawa jaman saiki ya ora kudu padha karo Jawa 300 taun kapungkur, 400 taun kapungkur utawa kang luwih tuwa maneh,” piterange Bambang ana sawijining adicara ing ISI Solo sawetara dina kapungkur.
Pawadan kanyatan yen kabudayan iku tansah nut lakuning jaman, miturut Bambang, wus samesthine ing jagating kabudayan Jawa, jumbuh kalawan laku lan owah-owahan jaman, tansah ana owah-owahan uga. Lire, kudu ana asil-asil kabudayan anyar sajroning kabudayan Jawa nut lakuning jaman lan owah-owahaning jaman.
Generasi mudha Jawa jaman saiki ora kudu niru generasi mu-dha jaman 300 taun kapungkur. Lan asil-asil kabudayan Jawa jaman 300 taun kapungkur ora kudu kabeh ditiru ing kabudayan Jawa jaman saiki. Sing mesthi bakal lestari mung wates oyoting kabudayan, kang ora liya landhesan filosofi kang bisa madhahi sakabehing sanggit anyar kabudayan nut owah-owahane jaman.
Kanthi tansah lumintu tuwuhing kabudayan anyar sajroning kabudayan Jawa, tambahe Bambang, yektine saben generasi kang lair saka kabudayan Jawa bisa duwe identitas dhewe kang nuduhake Jawane. Bisa wae, ana wong mbiji sawijining wong dudu Jawa sejati, nanging yektine wong iku sejatine ya wong Jawa, amarga uripe kalimputan kabudayan Jawa.
Kanthi mangkono, miturut Bambang, nalika hamicara ing diskusi ngrembug Jawa sejati ing gedhong Teater Besar ISI Solo, sawetara dina kapungkur, nalika ngrembug bab Jawa sejati utawa sejatine Jawa sing baku ora liya ya karya budayane.
”Sing sinebut Jawa, ya kabudayan Jawa, miturutku tansah winengku ing lakuning jaman kang tansah njurung marang dumadine owah-owahan kabudayan kang asipat sansaya gawe gregete kabudayan iku dhewe. Ganti gumantine generasi kang winengku kabudayan Jawa, mesthine bakal nambah dinamis-e Jawa. Lan samengkone, bab Jawa sejati lan sejatine Jawa bakal bisa dimangerteni kanthi temen-temen, ora prelu dadi pradondi,” piterange Bambang.
Guru Besar ISI Solo, Prof Dr Rustopo, kang wus kasil mbabar buku karyane asesirah Jawa Sejati, Otobiografi Go Tik Swan Hardjonagoro, ing kalodhangan iku, ngandharake, yen ngrembug kepriye lan sapa wong Jawa sejati iku, pancen ora ana pathokane. Mangkono uga yen ngrembug, kepriye lan kaya ngapa kang sinebut sejatine Jawa iku, uga ora ana pathokane.
Rustopo sarujuk karo andharane Bambang, yen yektine Jawa iku mujudake kabudayan. Lan minangka kabudayan, sipate dinamis, tansah bakal tuwuh owah-owahan nut lakuning jaman. Lan saben generasi kang lair mesthi bakal duwe werna budaya dhewe, kacihna tetep ora uwal saka oyot kabudayane.
”Yen ngrembug bab Jawa sejati, miturutku luwih penting mbangun kalodhangan murih generasi Jawa jaman saiki lan jaman kang bakal teka bisa ngasilake karya-karya budaya kang luwih akeh maneh, kayadene karya budaya kang diasilake para pujangga-pujangga jaman sadurunge,” pratelane Rustopo
Putri, siswa sawijining SMPN ing Kutha Solo lan Amri, warga Palur, Karanganyar, padha-padha ora bisa guneman basa Jawa krama kanthi teteh, laras lan trep karo undha-usuke.
Bisane guneman nganggo basa Jawa mung wates basa Jawa ngoko lan basa Jawa krama kang salah kaprah.
Ananging, Putri sing saiki kelas II SMP lan Amri sing saiki dadi dwija komputer yakin yen nganti saiki tetep dadi wong Jawa kang sejati utawa sayekti.
Miturut Amri, kabeh kulawargane, bapak ibune, embah-embahe lan leluhure kabeh, miturut cathetan sarasilah cetha yen wong Jawa asli. Lire, lair, urip lan mati ing tlatah Jawa Tengah. Ana sing dumunung ing Solo, Klaten lan Karanganyar.
Putri mangkono uga. Lelandhesan pangertene nganti wektu iki, bapak ibune, embahe lan embah buyute yekti yen wong Jawa. Guneman padinan ya nganggo basa Jawa, sanajan basa Jawa kang salah kaprah. Sawetara tradhisi warisan leluhure uga isih dileluri, kayadene gawe jenang abang putih saben dina weton, padusan yen mapag tekane sasi Pasa lan sawetara tradhisi liyane.
”Nanging yen dikon maca lan nulis aksara Jawa aku pancen ora bisa. Biyen jaman isih sekolah SD pancen sinau maca lan nulis aksara Jawa. Nalika iku sithik-sithik ya bisa yen mung maca lan nulis aksara Jawa. Lah, yen saiki ya wus lali. Wong nalika anakku sing sekolah SD njaluk diwarahi nalika duwe PR (pekerjaan rumah-red) nulis aksara Jawa, dakakon takon marang embahe wae. Yen bapak ibuku pancen isih wasis maca lan nulis aksara Jawa,”pratelane Amri, nalika wawangunem kalawan Espos ing tlatah Kartasura, sawetara dina kapungkur.
Dene Putri sithik-sithik bisa maca lan nulis aksara Jawa amarga ing sekolahan pancen antuk piwulang Basa Jawa kang salah sijine nggladhi bab kawasisan maca lan nulis aksara Jawa.
Dene Amri nelakake ora bisa guneman basa Jawa kanthi netepi undha-usuking basa, ora bisa maca lan nulis aksara Jawa lan uga wus adoh saka oyot kabudayane pancen dadi jati dhirine saperangan gedhe wong Jawa jaman saiki.
Oyot kabudayan
Nanging, dheweke tetep yakin arepa ora bisa maca lan nulis aksara Jawa, ora bisa nggunakake basa Jawa trep karo undha-usuking basa lan wus adoh saka oyot kabudayan Jawa, nanging tetep dadi wong Jawa, wong Jawa asli.
”Jati dhiriku ye tetep wong Jawa. Kepriye ora? Lah bapak ibuku lan embah-embahku kabeh ya wong Jawa. Nalika aku omah-omah sisihanku ya saka kulawarga Jawa. Lire, maratuwaku lan leluhure kabeh ya wong Jawa. Dadi kanthi kahanan apa wae aku iki tetep yakin minangka wong Jawa, wong Jawa asli, dadi ya wong Jawa sejati uga,” tandhese Amri.
Dene ing kalodhangan liya, Dwi Susanto, sawijining intelektual mudha, ing kalodhangan hamicara ing sawijining adicara diskusi kang mapan ing gedhong Teater Besar ISI Solo, sawetara dina kapungkur, nelakake, kabeh wong duwe hak kanggo ndhaku yen dhirine iku wong Jawa. Kacihna ora kenal budaya bathik, keris, ora wasis maca lan nulis aksara Jawa lan uga ora prigel nyandhang cara Jawa, tetep bisa sinebut wong Jawa sejati, amarga pancen ora ana ukuran kang gumathok ngenani sapa ta wong Jawa sejati iku.
KRMHT Djoko Pandjihami-djoyo ngandharake, lamun kajarwakake, Jawa iku maknane prasaja, ngerti dunung pangetrapane. Jawi kang asale saka basa kramane Jawa ateges ndarbeni tata krama, tata basa, tata susila lan ngajeni mring sapepadha. Jiwa mengku teges tansah angatepi budaya kejawen kang nyata luhur. Dene Jiwi ateges tetep nyawiji marang Gusti Kang Maha Kuwasa.
”Lamun jejering wong kang wus ngrasuk Jawa, Jawi, Jiwa lan Jiwi, iku kang bisa sinebut sejatining wong Jawa. Dene Jawa sejati, sejene bibit, bobot, bebete nut alur Jawa uga wus nduweni sangu wasis micara basa Jawa, prigel bab tata busana Jawa lan wasis maca lan nulis aksara Jawa. Saliyane iku uga wasis ngrukti kabudayan Jawa lan ngantepi tata krama budi pakerti luhur kejawen,” piterange Ki Djoko.
Ki Djoko nambahake, wong Jawa kang bisa njawani kudu bisa meper hardaning angkara murka, ndarbeni laku brata, cegah dhahar lawan sare, lembah manah lan tansah agawe senenging liyan kang kabeh mau dadi ciri kas jati dhiri tumrap wong Jawa.
Budayawan Jawa kang uga seniman, Sugiyatna, ngandharake, yen ngrembug Jawa iku yektine ora mung wates ngrembug pulo kang sinebut pulo Jawa, uga ora mung wates aksara, basa, sandhangan lan wujud-wujud pisik liyane.
Miturut budayawan kang sasuwene iki nggilut donyaning ngathik lan ngrakit sandhangan Jawa iki, ngrembug bab Jawa, apamaneh kang sinebut Jawa sejati, yektine tebane luwih amba tinimbang wates-wates lan wujud-wujud wadhag.
”Miturutku sing sinebut Jawa iku luwih marang dununging laku. Wong Jawa sejati iku kudu bisa ndunungake laku murih kawujud salarase pikir, rasa lan tumindak. Saksapaa bisa ndunungake laku kang arupa pikir, rasa lan tumindak kang tebane bisa mujudake memayu hayuning bawana, ya iku wong Jawa,” piterange Sugiyatna, nalika wawangunem kalawan Espos ing sawetane Alun-Alun Lor Karaton Kasunanan Surakarta, sawetara dina kapungkur.
Kanthi mangkono, miturut Sugiyatna, kanggo ndhudhah sapa lan kepriye wong Jawa sejati iku, kudu bisa ndhudhah pangerten-pangerten lan tapsiran-tapsiran lelandhesan sastra cetha. Lire sastra cetha, ora mung wates ndulu wujud wadhag, wujud tulisan utawa teks, ananging kudu bisa ndhudhah apa kang dumunung ing suwalike, kang sayekti.
Sugiyatna nambahake, yektine jaman saiki kang sinebut Jawa iku kahananae nembe murca, ana nanging ora bisa didulu wujude. Jawa murca iki kang saiki mratah ing bebrayan. Wong-wonge cetha yen wong Jawa amarga dumunung ing pulo Jawa, bisa manganggo sandhangan Jawa, maca lan nulis aksara Jawa, micara basa Jawa, ananging dununging laku durung kabeh salaras kalawan laku tumuju marang memayu hayuning bawana.
”Jawane ya pancen Jawa yen dipindeng saka apa kang bisa didulu. Ananging yektine Jawane iku murca, ana nanging ora katon wujude kang sejati. Dadi ya pancen sapa wae bisa sinebut Jawa sejati yen bisa jumbuh kalawan Jawa kang nembe murca iku. Dene salah sijine ukuran Jawa kang murca iku, miturutku, ora liya ya dununging laku kang nyalarasake pikir, rasa kan tumindak kanggo memayu hayuning bawana. Lan piwulang mangkene iki anane ya mung ing kabudayan Jawa.”
Putra putri Dalem Sinuhun Pakubuwana XII, GKR Wandansari, ngandharake, ngrembug Jawa (ing basa Indonesia) lan Jawa pancen ana tapsiran kang beda. Sesebutan wong Jawa (ing basa Indonesia) yen sing mindeng wong-wong Betawi (Jakarta) ateges wong kang asale saka tlatah Yogyakarta lan Surakarta. Wong Jawa Barat lan Jakarta ora kalebu wong Jawa ing tapsiran iki.
Mangkono uga yen Jawa (ing basa Indonesia) iku sing mindeng wong Sumatera, ateges wong kang asale saka Jawa Barat, Jawa Tengah, Jawa Timur, Yogyakarta lan uga Jakarta. Jawa ing kene ateges pulo Jawa.
Dene yen sing dirembug iku Jawa (yen ditulis nganggo aksara Jawa nggunakake aksara ja lan aksara wa) miturut Wandansari, ateges tapsiran kang asipat batin. Wandansari, nelakake, salah sijine tapsiran Jawa kang asale saka aksara ja lan wa yaiku sipat prasaja (saka aksara ja) lan walaka (saka aksara wa).