• SUGENG RAWUH

    SUGENG RAWUH DUMATHENG SEDHEREK SEDANTEN..

Wiwit piwulang gotong-royong nganti paseduluran...

Posted by ninkw1dya ( alve Dya Aurelia Latifa) On 0 komentar

Saben arep digelar upacara nyadran ing Dhukuh Mendak, Desa Mendak, Kecamatan Delanggu, Klaten lan ing Dhukuh Gunungsari, Desa Tumang, Kecamatan Cepogo, Boyolali, warga sing katemben mbara utawa nyambut gawe adoh saka Mendak lan Gunungsari, saperangan gedhe mesthi nglodhangake wektu kanggo mulih desa.
Keraya-raya mulih sakulawargane saka Jakarta, Bandung, Surabaya, Kalimantan, Sumatera lan saka tlatah liyane kuwi ancase padha, yaiku supaya bisa bebarengan warga liyane ing padhukuhan nekani upacara nyadran ing kuburan desa sing dadi papan nyarekake cikal bakal utawa leluhure desa kono lan papan pasareyane wong tuwa utawa kulawarga liyane sing wis sumare.
Mbah Siswantini, salah sijine warga Desa Mendak, nalika wawangunem kalawan Espos, sawetara dina kapungkur, ngandharake menawa tradhisi mulih saka papan nyambut gawe utawa papan ngumbara pancen dadi salah sijine ciri mligi ing bebrayan kono. Semana uga kang dumadi ing tlatah Gunungsari.
Kacihna, ing taun-taun pungkasan iki sansaya akeh uga warga mbara sing ora bisa mulih nalika upacara jiyarah nyadran digelar. Ana sing amarga ora antuk prei saka papan nyambut gawene lan pepalang liyane. Nanging, miturut Wiyonodiharjo, warga Tumang, racake warga sing ngumbara tetep padha ngupaya supaya bisa mulih nalika tradhisi jiyarah nyadran digelar.
“Yen dionceki, yektine tradhisi jiyarah sadranan iku uga ngandhut piwulang bab paseduluran lan gotong royong. Warga sing sugih bakal ngedum ubarampe slametan sing digawa ing upacara sadranan marang warga liyane sing luwih kesrakat. Dene warga sing uripe kesrakat anggone ngracik ubarampe slametan ya sakkuwate lan sakanane. Tekane warga sing ngumbara uga dadi sarana ngraketake paseduluran,” pratelane Siswantini.
Ing laku jiyarah liyane, kayadene jiyarah tumuju pasareyan Walisanga, yektine uga ngandhut piwulang bab paseduluran, gotong-royong lan solidaritas. Ahmad Sajari, warga asli saka Lamongan, Jawa Timur, nalika wawangunem kalawan Espos ing Kartasura, sawetara dina kapungkur, ngandharake laku jiyarah tumuju pasareyane Walisanga biyasane katindakake bebarengan.
Warga sakdesa utawa warga sing kaimpun ing sawijining majlis pengajian sarujuk nglumpukake prabeya kanggo nyewa bis tumuju pasareyane Walisanga. Ing sadawane laku jiyarah Walisanga iki warga sing melu uga tansah mbiyantu antarane siji lan sijine yen katemben ana sing kurang, upamane ana sing sangune kurang banjur mangane dibiyantu kanca sakrombongan kuwi.
Nalika tekan ing pasareyane Wali sing dituju, biyasane banjur sapatemon kalawan rombongan saka tlatah liya. Ing kono banjur ana sing tetepungan. Saliyane mbabar solidaritas uga dadi sarana njembarake pasrawungan.
Ing laku jiyarah liyane, kayadene laku ngibadah haji utawa umrah, sing mesthi diwernani jiyarah ing pasareyane Nabi Muhammad, uga ngandhut piwulang bab solidaritas iki. Ing agama liya uga ana tradhisi jiyarah sing uga ngandhut piwulang bab solidaritas.
Laku jiyarah tumuju papan-papan wingit kayadene Parangkusuma, Gunung Gambar, Sendhang Siwani lan papan-papan sajinis racake uga ngandhut piwulang bab solidaritas. Ana sing mangkate bebarengan, ana uga sing mangkat dhewe-dhewe, wusana ing papan sing dituju tetepungan karo wong liya sing duwe ancas padha.
Ing tradhisi agama Katholik ana laku jiyarah nekani papan-papan sing dianggep suci, kayadene Nazareth, Taman Getsemani, gumuk Golgota, Basilika Santo Petrus, Guwa Maria ing Pohsarang, Kediri lan Sendangsono. Tradhisi agama Buddha uga diwernani tradhisi jiyarah, yaiku nekani papan klairane Sang Buddha ing Kapilavastu, papan nalika Sang Budha nggayuh drajat rohani sing dhuwur dhewe ing Bodh Gaya lan papan liyane.



Categories:

0 Response for the "Wiwit piwulang gotong-royong nganti paseduluran..."

Posting Komentar