• SUGENG RAWUH

    SUGENG RAWUH DUMATHENG SEDHEREK SEDANTEN..

Pancasila dadi sarana bali ngugemi budayane dhewe

Posted by ninkw1dya ( alve Dya Aurelia Latifa) On 0 komentar

Mratahe maneka warna sikep ala kaya andharane Mochtar Lubis, kang wusana ndadekake bangsa Indonesia durung bisa mentas saka urip kasangsaya, miturut budayawan Jawa, Winarso Kalinggo, lan paraga presidium Pusat Lembaga Kabudayan Jawi (PLKJ) Surakarta, Widijatno Sontodipuro, bisa diawekani kanthi sikep jati dhirine bangsa Indonesia dhewe uga kang asipat positip.
“Jejering manungsa mono pancen kasinungan sikep lan watak sing ala uga sing apik. Lah, tumrap manungsa sing ngugemi jati dhirine minangka titahing Sing Gawe Urip kanggo ngreksa bumi saisine mesthine tansah ngupaya meper hawa napsu sing ala lan tansah ngugemi sikep lan watak sing becik, sing tansah njurung kawujude karyenak tyasing sasami,” pratelane Winarso, sawetara dina kapungkur.
Sikep lan watak asipat positip sing dikarepake, miturut Widijatno, yektine uga wus menjila dadi jati dhirine bangsa Indonesia, mligine ing madyaning bebrayan Jawa sing wusana mernani bebrayan agung bangsa Indonesia.
Emane, miturut budayawan Jawa, Sugiyatno Ronggojati, sawetara wektu kapungkur, sakehing watak utama kasebut saiki mung kari wujud mitos lan ora didayakake dadi etos.
Nimpuna basa lan filsafat Jawa, suwargi Pastor Van Lith nate nelakake, wong manca (Eropa lan Amerika) ora bisa mangerteni aten-atene wong Jawa ing madyaning bebrayan. Jarene Van Lith, tumrap wong Eropa lan Amerika, wiwit bocah nganti dewasa digegulang lan diwulang sarana pitutur lieg niet, tegese aja ngapusi.
Ananging bocah-bocah Jawa wiwit cilik tansah digegulang lan diwulang kanthi pitutur grief niet, tegese aja nglarani atining liyan. Iki mujudake salah sijine sipat pinuji tumrap wong Jawa kang uga wus mratah ing bebrayan agung bangsa Indonesia. Lire, samubarang tumindak lan ujar kudu dipikir temen-temen supaya ora nglarani atining liyan.
Emane, sipat pinuji iki uga diugemi ing bab kang ora becik. Kayadene ing prekara korupsi sing sansaya mratah lan ngrembaka, ana saperangan seksi sing ora gelem blaka suta amarga kuwatir yen nglarani liyan. Bab iki, kudune diugemi kabecikane yaiku ora nglarani liyan ing samubarang ujar lan tumindak sing ora ngrugekake liyan uga.
Ing kaskayane tradhisi lisan ing Indonesia lan mligine ing bebrayan Jawa, miturut Winarso, akeh tinemu unen-unen, pitutur, tembang, naskah lan liyane sing ngandhut piwulang bab sikep lan watak pinuji. Yen sikep lan watak pinuji iki diugemi kanthi temen-temen lan dicakake ing bab-bab kang pinuji uga, temahane bakal njurung kawujude jalma utama, sarira bathara utawa insan kamil, manungsa paripurna ing sipat, watak lan tumindak.
Manungsa paripurna ora liya sejati-jatining satriya, sejati-jatining manungsa kang wus nggayuh kasampurnan lan kuwawa mujudake hamemayu hayuning bawana. Manungsa mengkene iki pratandhane harmonis lair batine, jiwa ragane, intelektual spiritual-e lan sirah dhadhane sing bakal nglairake tapsiran-tapsiran humanisme.
Ing kalodhangan liya, pangarsa Komunitas Gambus Jawa, Slamet Gundono, ngandharake, salah sijine cara ndandani rusaking bangsa iki yaiku kanthi cara bali ngugemi budayane dhewe sing wus dibabar ing dhasar nagara Pancasila.
Nalika mbabar asil karyane ing Taman Budaya Jawa Tengah (TBJT) Solo, sawetara dina kapungkur, Slamet nelakake, yektine yen kabeh warga bangsa Indonesia iki, wiwit rakyat pidak pedarakan nganti para ngaluhur sing nyekel panguwasa, bali ngugemi Pancasila kadidene tapsiran asline, bangsa iki bakal luwih gampang anggone luwar saka sakehing reridhu.
Kasunyatane, Pancasila sing yektine diracik sawise ndhudhah maneka warna kabudayan ing kabeh tlatah nagara iki, saiki sansaya dilalekake lan dikiwakake. Sikep nglalekake lan ngiwakake Pancasila iki bisa dadi kaca pengilon yen yektine warga bangsa iki pancen wus nglalekake jati dhirine, nglalekake kabudayane dhewe



Categories:

0 Response for the "Pancasila dadi sarana bali ngugemi budayane dhewe"

Poskan Komentar