• SUGENG RAWUH

    SUGENG RAWUH DUMATHENG SEDHEREK SEDANTEN..

Mupangate krasa nalika dewasa

Posted by ninkw1dya ( alve Dya Aurelia Latifa) On 0 komentar

Laku ngenger iku dadi sumber ilmu kajiwan. Wong sing duwe pengalaman ngenger, ing dewasane racake luwih tangguh ngadhepi sakehing pacoban ing urip lan panguripane. Wong sing nate ngenger uga luwih pana ing subasita lan tatakrama.
Lan sing ora kalah wigatine, wong sing ngenger biyasane luwih menep ing rasa pangrasane, luwih sabar, jujur lan disiplin. Wong sing nate ngenger uga luwih mandhireng pribadine.
Kanyatan mangkene iki dialami dhewe dening Bu Widaningsih, warga sing dedunung ing tlatah Cemani, Sukoharjo. Widaningsih nelakake nglakoni ngenger wiwit lumebu kelas I SMP, ndalem taun 1958. Nalika iku Widaningsih saksedulure cacah wolu genti genten ngenger ing daleme pamane, adhine ibune.
“Omahe wong tuwaku sing nalika iku nyambut gawe ing pabrik gula ana ing tlatah Batu Jamus. Wektu iku ing kana anane sekolahan ya mung tekan SD. Amarga aku pengin mbacutake sekolah lan bapak ibuku sakloron uga njurung kekarepanku, aku banjur ngenger ing daleme paklik sing isih kalebu putu Mangkunagara V, dedununge ing Kutha Solo,” piterange Widaningsih.
Anggone ngenger ing omahe pamane iku nganti Widaningsih ketemu bakal sisihane lan banjur omah-omah dhewe. Sasuwene ngenger iku Widaningsih ngaku digegulang kanthi temen-temen ing bab subasita, tatakrama, tatabasa, unggah-ungguh, sipat jujur, disiplin, budi pakerti lan ing bab ulah kajiwan liyane.
Apa pikolehe sasuwene ngenger iku krasa mupangatake temen-temen nalika wus dewasa, omah-omah lan wusana duwe anak. Mupangat kasebut antarane kulina ngugemi tatakrama lan subasita saengga tansah kasil njaga sesambungan rukun karo sedulur-sedulur liyane.
“Dene mupangat liyane sing bisa dakrasa nganti wektu iki yaiku ing bab rasa menep, pasrah marang Sing Maha Kuwasa lan ora wedi ngadhepi sakehing reridhu ing urip lan panguripan,” pratelane Widaningsih.
Bab kang kurang luwih padha diandharake Ningrum, 35, warga Kartasura sing nate nglakoni ngenger ndherek simbahe ing Jombang. Nalika semana, pratelane Ningrum, dheweke ndherek simbahe amarga sekolah ing sawijining SMP lan SMA ing Jombang ngiras pantes sinau agama ing papan sacedhake omahe simbahe iku.
“Nalika ndherek simbah aku kudu ngrewangi samubarang gawe ing omah sadurunge mlebu sekolah lan salebare kabeh kegiyatan ing sekolahan,” piterange Ningrum.
Ing wektu ngenger iku Ningrum ngaku antuk piwulang bab urip sakmadya, mangan sakcukupe, nrima ing pandum kang wusana nuwuhake jiwa mandhireng, tangguh, sabar lan menep ing rasa pangrasa.
Bab mangkene iki, jarene Ningrum pancen rinasa tenan nalika wus dewasa lan ngadhepi sakehing reridhu ing urip lan panguripan



Categories:

0 Response for the "Mupangate krasa nalika dewasa"

Posting Komentar