• SUGENG RAWUH

    SUGENG RAWUH DUMATHENG SEDHEREK SEDANTEN..

Kamardikan ing jiwa Jawa

Posted by ninkw1dya ( alve Dya Aurelia Latifa) On 0 komentar



“Hamemayu hayuning bawana, Mangasah mingising budi, Memasuh malaning bumi”
(Sultan Agung)

Ana ing cathetan sejarah, ngandharake yen umure Kutha Sala iki wis ngancik 263 taun. Bab iku adhedasar saka anane Boyong Kedhaton Saka Karaton Kartasura menyang Desa Sala rikala tanggal 17 Februari 1745. Ora sawetara suwe sakwuse iku, kanthi adhedhasar Perjanjen Salatiga tanggal 17 Maret 1757, Praja Pura Mangkunegaran dikepyakake. Awit saka lakune sejarah lan perjuangan Bangsa Indonesia, nalika tanggal 17 Agustus 1945 lumantar Proklamator Bung Karno lan Bung Hatta, Negara Kesatuan Republik Indonesia ngumumake kamardikane.
Kanggo mengeti ari kamardikan Indonesia kang kaping 63 taun, ora patut kanggo awake dhewe yen mung leyeh-leyeh kegandhulan rasa wegah lan yen mung ngelangut ngelamun wae. Pantese kudu nindakake darma bektine sak bisa-bisane nut kahanan lan pakaryane dhewe-dhewe; ora ngemungake akeh sithike utawa gedhe cilike darma bektine kanggo pamarentah lan bangsane.
Kayadene tetembungan ing pitutur luhur “klungsu-klungsu anggere udhu”, najan mung sak klungsu (wijine who asem) ananging tetep duweni tekad kekarepan asung pambiyantu marang liyan mligine marang negarane.
Ing taun 2008 iki wis sakmestine yen awake dhewe kudu nindakake refleksi kanthi ngleremake pikir lan ngleremake swasana batin. Refleksi kanggo apa? Ya sakwijining refleksi kanggo atur piweling kahanan dhek nalika 100 taun kepungkur. Wektu iku ndalem taun 1908 para winasis lan para ngaluhur bangsa Indonesia nancepake sejarah Kebangkitan Nasional. Mula ya mula uga ora salah yen ana paring andharan lan paring pangandikan, ing taun 2008 iki minangka tetenger taun “Kebangkitan Nasional Jilid II”.
Apa bener Kebangkitan Nasional Jilid II iki uga minangka pratandha kebangkitan budaya? Jawabane cekak aos tur yakin, why not? Ing taun 2008 iki akeh banget program lan acara kang wis dirancang dening pamarentah. Kajaba acara kang diprogramake dening pamarentah pusat, uga akeh banget kang karancang dening provinsi, lan ora sethithik daerah-daerah uga padha gawe pangeram-eram sawarnaning adicara kang adhedasar budaya.
Salah sijine wewarah Sultan Agung kang banget moncere kanggo ambangun bangsa, kayadene kang wis dingendikakake Panjenengane rikala jumeneng nata ing tanah Jawa taun 1613-1645.
Pitutur luhur minangka seserepan lan dadi sangu ing bebrayan kasebut kabagi dadi telung perangan. Sepisan, “Hamemayu hayuning bawana” kang mengku karep yen manungsa iku anggone bebrayan ing masyarakat kudu tansah sumujud ngawula dhateng Gusti Kang Maha Kawasa; kudu tansah sih sinisihan lan welas asih marang sesama uga ngajeni marang asanes; sarta wajib uga njaga amrih tentreming jagad raya sak isine. Kapindho, “Mangasah mingising budi” kang duweni ancas tujuan amrih janma manungsa iku anggone paseduluran dadi warga masyarakat, kudu tansah reresik awake dhewe tata lair lan tata batine; jiwa lan pikire uga dipigunakake kanthi sak becik-becike; sarta bebuden pakartine ditata ngaosi asanes kang migunani kanggo lingkungan masyarakate. Kaping telu, “Memasuh malaning bumi” yaitu kenceng ing karep lan kenceng ing tekad tansah njaga saka bab-bab ora becik kang bisa nyebabake rusake ekosistem biotik lan abiotik sarta rusake lingkungan bumi sak isine. ::Mufti Raharjo, sutresna budaya Jawa::


Categories:

0 Response for the "Kamardikan ing jiwa Jawa"

Posting Komentar