• SUGENG RAWUH

    SUGENG RAWUH DUMATHENG SEDHEREK SEDANTEN..

Raket karo omben-omben

Posted by ninkw1dya ( alve Dya Aurelia Latifa) On 0 komentar

Adhedhasar kamus Baoesastra Djawa (Poerwadarminta, 1939) tembung tayub ateges kasukan jejogedan nganggo dijogedi tledhek. Dene miturut kamus Kawi-Jawa (Winter lan Ranggawarsita, 1987) dijlentrehake yen tembung tayub iku raket gandheng cenenge karo tembung nayub kang ateges ngombe, sukan-sukan, yaiku ngombe omben-omben kang ndadekake mabuk utawa minuman keras (Miras).
Lelandhesan pangerten iki, miturut sutresna joged tayub ing Dukuh Gumping, Desa Blangu, Kecamatan Gesi, Sragen, Darmo Suwito, 77, pagelaran tayub ngandhut pangerten lan tapsiran minangka kesenian rakyat, mligine among tani ing Jawa.
Wujude pagelaran arupa joged sukan-sukan kang diwernani ngombe Miras. Lan iki dadi sarana tumrap warga bebrayan kanggo ngraketake paseduluran lan memitran antarane siji lan sijine, antarane tangga teparo lan antarane tlatah siji lan sijine.
”Amarga iku, miturut pangertenku lan pamawasku, pagelaran tayub mujudake kesenian rakyat kang bisa menjila minangka sarana madhahi maneka panemu, aspirasi, kabutuhan lan gagasane para warga ing tlatah urip lan ngrembakane seni tayub iku,” piterange Darmo, nalika wawangunem kalawan Espos ing Blangu, sawetara dina kapungkur.
Miturut Clifford Geertz, amarga seni tayub menjila minangka sarana madhahi sakehing panemu, aspirasi, kabutuhan lan gagasan bebrayan kang ngurip-urip seni tayub, ateges seni tayub kasil nyawiji sacara struktural lan kajiwan sajroning wangunan kabudayan kang diugemi lan diurip-urip dening bebrayan.
Kanyatan iki, miturut Darmo, mbokmenawa kang ndadekake seni tayub nganti saiki isih lestari ing tlatah Kecamatan Gesi. Lan miturut pangertene, tambahe Darmo, seni tayub pancen wus nyawiji ing madyaning bebrayan warga pitung desa ing tlatah Kecamatan Gesi.
Haryanto, 26, salah sijine generasi mudha warga Gumping, Desa Blangu, ora nampik panemune Darmo iku. Kacihna tetep luwih akeh generasi mudha kang luwih seneng marang pagelaran campursari, nanging yektine ing bebrayan warga tlatah Gesi, mligine ing Desa Blangu, seni tayub pancen luwih ngoyot.
”Luwih ngoyot amarga kepara saben omah ing tlatah Blangu kene, mligine ing tlatah Dukuh Gumping, wargane luwih seneng nyetel musik-musik kang biyasa kanggo ngiringi pagelaran seni tayub. Yen ora percaya, takaturi nglodhangake wektu ing wayah awan mlaku-mlaku ing tlatah Dukuh Gumping kene. Saka omah-omahe warga sing keprungu mesthi tembang-tembang kang biyasa kanggo ngiringi joged tayub, dudu tembang-tembang campur sari,” piterange Haryanto.
Apa kang diandharake Haryanto pancen ana buktine. Nalika Espos sowan ing griyane Danang Wijaya, Kepala Desa (Kades) Blangu, saka omah warga ing sisih wetan lan kidul keprungu swara tembang-tembang sing disetel saka kaset utawa CD kang pranyata ora liya tembang-tembang kang biyasa kanggo ngiringi joged tayub.
Miturut Haryanto, generasi mudha ing tlatah Kecamatan Gesi pancen luwih seneng marang pagelaran campursari, ananging uga tansah nekani lan ngramekake pagelaran tayub kang digelar dening warga.
Nanging, miturut Darmo, joged tayub kang isih lestari ing tlatah Gesi nganti wektu iki, 80% wus owah saka asale. Darmo isih ngugemi joged tayub sing pakem



Categories:

0 Response for the "Raket karo omben-omben"

Posting Komentar