• SUGENG RAWUH

    SUGENG RAWUH DUMATHENG SEDHEREK SEDANTEN..

Dalane para ngaluhur

Posted by ninkw1dya ( alve Dya Aurelia Latifa) On 0 komentar



Ing kaskayane kapustakan akeh tinemu wacan utawa tradhisi lisan sing ngandharake bab laku ngenger. Sing wus dikenal dening bebrayan Jawa yaiku lakon Sumantri Ngenger ing pagelaran wayang kulit.
Kangjeng Gusti Pangeran Adipati Arya (KGPAA) Mangkunagara IV nganggep yen Sumantri iku paraga wayang sing pantes dituladhani. Bab iki kaemot sing Serat Tripama. Lelabuhane Sumantri kabiji padha karo lelabuhane Karna sing mbelani nagarane, Ngastina, lan Kumbakarna saka Alengka.
Ing kapustakan liya, buku Para Priyayi karyane sawargi Umar Kayam uga suka andharan bab laku ngenger. Ing buku iki laku ngenger dilakoni dening Lantip anake Ngadiyem, saka Wanalawas. Lantip ngenger marang Ndara Guru Sastrodarsono. Ing dewasane Lantip bisa urip mulya, dadi priyayi.
Para priyagung nagara iki uga akeh sing miwiti kamulyane saka laku ngenger. Kayadene Presiden RI kapisan, Ir Soekarno, nalika timure tau nglakoni urip sing pindhane kayadene ngenger, yaiku nalika mondhok ing griyane Oemar Sahid Tjokroaminoto. Soekarno pancen mbayar marang kulawargane Oemar Sahid nalika mondhok.
Ananging laku salawase mondhok iku pindha ngenger amarga Soekarno kasil nyecep ngelmu pulitik saka Oemar Sahid. Lan kanyatane nalika sansaya dewasa, Soekarno menjila dadi politisi sing peng-pengan, bapake nagara Indonesia lan presiden kapisan tumrap Republik Indonesia.
Presiden RI kapindho, Soeharto, pranyata uga tau ngenger. Soeharto ngenger marang bulike sing asmane Bu Prawirowiharjo. Nalika iku Soeharto ngenger, ndherek bulike, kanthi ancas supaya bisa sekolah lan supaya ing tembe mburi bisa dadi wong sing mulya lan kajen keringan. Kasunyatane, Soeharto kasil nggayuh kekarepane iku, dadi presiden suwene 32 taun.
Pujangga kondhang RNg Ranggawarsita uga nate ngenger. Ranggawarsita ngenger marang Kiai Hasan Besari ing Gebang Tinatar, Jetis, Ponorogo. Saka laku ngengere iki Ranggawarsita sing timure asma Bagus Burham ngadhepi maneka warna lelakon sing tundhone ndadekake jiwane sentosa, lantip lan wusana menjila dadi pujangga sing kondhang kaloka.
Nimpuna kasusastran lan basa Jawa, RNg Poerbatjaraka uga kalebu priyagung sing nate ngenger. Penjenengane nyantrik marang Prof NJ Krom. Poerbatjaraka dhewe kawitane mung lulusan ELS (SD). Nalika nyantrik marang Krom iku Poerbatjaraka antuk kalodhangan mirunggan kanggo nyinau basa lan sastra Jawa. Amarga genture anggone njinggleng sastra Jawa Kuna, dheweke bisa pinter maca aksara Jawa Kuna lan kasil njarwakake Smaradahana.
Saka laku mangkono mau, Poerbatjaraka banjur disekolahake nganti tekan Universitas Leiden lan kasil nggayuh gelar doktor. Iku mau amarga laku ngenger.

Categories:

0 Response for the "Dalane para ngaluhur"

Posting Komentar