• SUGENG RAWUH

    SUGENG RAWUH DUMATHENG SEDHEREK SEDANTEN..

Beksa, karya jiwa raga

Posted by ninkw1dya ( alve Dya Aurelia Latifa) On 0 komentar

Beksan Bedhaya Pangkur dadi pasugatan mirunggan ing upacara pahargyan manten putri Dalem Sinuhun Pakubuwono XIII Tedjowulan, GRAj Putri Woelan Sari Dewi lan Kus Hermawan Bramasto, dina Setu (28/6), ing Dalem Wuryoningratan.
Bedhaya Pangkur diparagani pambeksa wanita cacah sanga. Bedhaya iki nggambarake swasana batine priya lan wanita kang nembe pepasihan. Obah mosiking para pambeksa kairingan gendhing Ketawang Pangkur.
Miturut paraga Humas Pakubuwono XIII Tedjowulan, KRHT Bambang Pradotonagoro, pasugatan beksan Bedhaya Pangkur dipilih dadi pasugatan ing pahargyan manten iku amarga pancen jumbuh banget kalawan werdine pikraman antarane priya lan wanita. ”Bedhaya Pangkur iku yasan Dalem Sinuhun Pakubuwono VIII sing asma timure KGPH Hangabehi. Bedhaya Pangkur nggambarake swasana batine raja sing nembe pepasihan kalawan wanita sing banget ditresnani,” piterange Bambang.
Ing kalodhangan sadurunge, nalika pahargyan pikraman antarane putra putri Dalem KGPAA Mangkunagara IX, GRAj Agung Putri Suniwati lan Sarwana Thamrin, beksan Bedhaya Surya Sumirat dadi pasugatan mligi ing acara pahargyan temu penganten sakloron, mapan ing Pendhapa Ageng Pura Mangkunagaran. Miturut andharan ing sawetara kapustakan kang kasimpen ing Reksa Pustaka Pura Mangkunagaran, lan uga andharane Rusini, dosen ing ISI Solo, beksan Bedhaya Surya Sumirat diracik taun 1990.
Bumi Pertiwi
Beksan iku ngandhut tapsiran semangate para prajurit kang makantar-kantar. Para pambeksa Bedhaya Surya Sumirat nganggo slempang kang ana gambar srengenge lan nyengkelit pistol. Gambar srengenge ing slempang iki kang dadi gegambaran surya kang nembe sumirat.
Dene pistol nuduhake gegambaran semangate para prajurit kang makantar-kantar kanggo ngrungkebi bumi pertiwi. Bedhaya Surya Sumirat dhewe ngandhut gegambaran lelakon kridhane Pangeran Sambernyawa, utawa Raden Mas Said, nalika nglawan kompeni Walanda sakwadyabalane lan banjur kasil ngedegake praja Mangkunagaran.
Bedhaya Pangkur lan Bedhaya Surya Sumirat mujudake perangan kaskayane seni beksan asumber kabudayan Jawa. Lan saben beksan sing diracik asumber kabudayan Jawa yekti ngandhut tapsiran tinamtu. Ana tapsiran kang asipat vertikal, yaiku gegambaran sesambungan antarane manungsa lan Sing Gawe Urip, lan ana tapsiran kang asipat horisontal, yaiku gegambaran sesambungan ing antarane manungsa utawa ing madyaning bebrayan.
Miturut sawargi KRT S Witoyo Tondodipuro, pangarsa Sanggar Beksan Arena Langen Budaya ing Mutihan, Laweyan, kang seda dina Kemis (29/5) kapungkur, nate ngendika marang Espos menawa beksan pancen ora mung wates obah mosiking raga kairingan unine gamelan.
Beksan tradhisi mligine, lan uga beksan modhern utawa kontemporer, racake ngandhut tapsiran-tapsiran tinamtu kang gegayutan kalawan ulah rasa, ulah jiwa lan uga kahanan urip lan panguripane manungsa. Sawargi Witoyo kang wus kasil ngracik sawetara beksan tradhisi kang dadi sarana piwulang seni tradhisi ing sekolahan-sekolahan, nambahake, racikan beksan mesthi lelandhesan krenteg, karep, tapsiran lan uga jangka kang diangkah.
Kayedene beksan racikane sing dadi sarana gladhen seni beksan tradhisi ing sekolahan-sekolahan, tansah lelandhesan swasana kajiwan lan ragane siswa sing bakal gladhen. Beksan tumrap siswa SD, SMP lan SMA utawa sing sakdrajat, apike diracik beda-beda. Beksan tumrap siswa SD kudu nengenake sipat dolanan lan seneng-seneng. Beksan tumrap siswa SMP lan SMA kudu nengenake sipat nalika bocah ngancik dewasa utawa puber



Categories:

0 Response for the "Beksa, karya jiwa raga"

Posting Komentar