• SUGENG RAWUH

    SUGENG RAWUH DUMATHENG SEDHEREK SEDANTEN..

Marisake sastra adiluhung lan kaprecayan mistik

Posted by ninkw1dya ( alve Dya Aurelia Latifa) On 0 komentar



Minangka pujangga kang antuk sesebutan pujangga panutup, RNg Ranggawarsita ninggal warisan kang ora bisa dipetung ajine. Wus udakara 135 taun pujangga iki bali ing pangayunaning Pangeran, ananging nganti wektu iki kaya-kaya isih tetep urip ing madyaning bebrayan, mligine bebrayan Jawa.
Pasareyane kang dumunung ing tlatah Desa Palar, Kecamatan Trucuk, Klaten saben dina malem Jemuah utawa Kemis wengi tansah dikebaki warga bebrayan Jawa saka ngendi-endi tlatah. Sedyane tumeka ing pasareyane iku, saliyane kanggo jiyarah uga kanggo nenepi. Dalan tumuju pasareyan iku saka ratan gedhe Solo-Yogyakarta wus arupa aspal alus.
Miturut pratelane Mbah Gino Sukarto, 77, kang wus udakara 60 taun setya nunggu pasareyane RNg Ranggawarsita, saben ana acara pilihan lurah utawa hajatan pulitik liyane uga mesthi ana rombongan warga padha nenepi ing sakupenge pasareyan.
”Warga sing tumeka mrene ancase warna-warna. Ana sing kepengin laris dedagangane, ana sing pengin kapilih ing pilihan lurah, ana sing pengin lumintu rejekine lan sapiturute. Kabeh iku miturutku bali ing niyat lan kapercayane. Lan kapercayan iku ora bisa dipeksa-peksa. Yen ana warga sing percaya yen pasareyane RNg Ranggawarsita iki duwe perbawa apik tumrap laku dedagangan ya sumangga wae, mangkono uga kang gegayutan kalawan karep lan niyat liyane,” piterange Gino.
Perbawane pujangga panutup iki, miturut Gino, pancen ora ana sudane. Emane, nalika Espos tumeka ing pasareyan ing Desa Palar iku, dina Senen (19/5) kapungkur, jobin teras ing gedhong cungkup katon reget banget. Lawange gedhong cungkup ditutup rapet. Jarene Mbah Gino, gedhong iku bakal diresiki saben dina Kemis awan. Saengga yen malem Jemuah akeh warga sing tumeka kahanane wus resik. Lan saben malem Jemuah lawang gedhong cungkup dibukak kanggo warga sing kepengin jiyarah.
Ing sacedhake ge-dhong cungkup pasareyane RNg Ranggawarsita ana pasareyane Carl Frederick Winter utawa kang kondhang kanthi jeneng CF Winter. Dheweke nate dadi juru basa ing Karaton Kasunanan Surakarta lan kerep sesambungan kalawan RNg Ranggawarsita.
Saliyane marisake perbawa asipat mistik ing pasareyane, pujangga Jawa pungkasan iki uga marisake maneka warna karya sastra kang nganti saiki isih lestari. Miturut Wahono, saka Museum Ranggawarsita Semarang, nganti sedane ing tanggal 24 Desember 1873, RNg Ranggawarsita marisake kurang luwih 99 karya sastra. Karyane pujangga Jawa pungkasan iki nglimputi maneka bab, antarane crita para dewa lan lakon wayang (Pustaka Raja Purwa), gegambaran kaanan jaman kang kondhang sinebut jaman edan (Serat Kalatidha), ramalan bakal tekane jaman kepenak tumrap bangsa Indonesia (Serat Jaka Lodhang), ramalan bab sipat jaman makmur lan tindak tanduke manungsa sing srakah (Sabdatama), ramalan jaman lan pamite RNg Ranggawarsita kang bakal bali ing ngayunaning Pangeran (Sabda Jati), crita roman (Serat Cemporet), ngelmu kasampurnan (Hidayat Jati) lan liyane.
Dene miturut budayawan Jawa RS Subalidinata, RNg Ranggawarsita kang antuk gelar/sesebutan Abdi Dalem Kaliwon Nem Kadipaten Anom, Pujangga Dalem ing Karaton Surakarta Hadiningrat ngasilake karya sastra cacah 60 kang wus dikenal dening bebrayan. Dene sing durung dikenal utawa arang dirembug ing bebrayan, isih akeh maneh. Bab kang kaemot ing karyane iku nglimputi basa lan sastra, sujarah, dongeng, roman klasik, seni budaya, crita wayang, ramalan, filsafat lan liyane

Categories:

0 Response for the "Marisake sastra adiluhung lan kaprecayan mistik"

Posting Komentar