• SUGENG RAWUH

    SUGENG RAWUH DUMATHENG SEDHEREK SEDANTEN..

Seni ing alam pikir modernitas

Posted by ninkw1dya ( alve Dya Aurelia Latifa) On 0 komentar


Yen ngrembug bab ndunungake seni tradhisi lan modhern cetha ora bisa uwal saka anane, kapentingan, selera lan cara mindenge bebrayan marang seni lan anane seni iku dhewe.
Ing satengahing peradaban jaman saiki sing ngegung-gungake modernitas, anane seni tradhisi kaya-kaya dadi asil budaya sing mung wates apunjer karaton, aneh, lawas, kuna lan ora bisa ngrembaka.
Panganggep mangkene iki pancen ora bisa dianggep kleru, amarga wong sing mindeng duwe pangerten lan panemu sing lelandhesan modernitas. Bab iki amarga dayane budaya modhern sing nglimputi kabeh perangan uripe manungsa, ngarahake, lan luwih ekstrim maneh ngrangsang cara mikir lan cara mindeng wong ngenani kabudayan, mligine seni tradhisi, sing dumunung ing alam liya saka seni modhern.
Nalika kudu mangerteni werdine seni tradhisi, ana laku meres pikiran lan kudu bisa ndhudhah pralambang kang sinandhi ing seni tradhisi. Iki sing mbedakake kalawan laku mangerteni seni modhern. Nalika kudu mangerteni seni modhern, prasasat ora mrelokake pikiran lan uga ora mbutuhake upaya ndhudhah pralambang kang sinandhi.
Seni modhern didunungake minangka bab kang ora prelu dimangerteni lan didhudhah kanthi temen-temen. Ora mrelokake daya lan pikiran kanggo mindeng. Cekake, seni modhern ngusung paugeran praktis, nglipur lan narik kawigaten.
Kanthi mangkono tapsiran sing kakandhut ing seni modhern ora bisa ditandhingake kalawan tapsiran sing kakandhut ing seni tradhisi. Tapsiran religi, pendhidhikan lan liyane pancen ana ing seni modhern kanthi eksplisit.
Dene ing seni tradhisi, tapsiran-tapsiran kasebut tansah kawujud kanthi implisit. Amarga iku, pamindeng seni tradhisi mbutuhake wektu luwih suwe kanggo negesi pralambang-pralambang sing dibabar. Ananging ing seni modhern, bisa langsunng ditegesi, amarga nyata lan cetha wela-wela utawa eksplisit.
Banjur kepriye cara ndunungake seni tradhisi lan modhern? Seni tradhisi lan modhern duwe sutresna dhewe-dhewe, ngandhut estetika dhewe-dhewe lan uga duwe cara negesi dhewe-dhewe. Kanthi mangkono, loro wujud seni iki kudu didunungake ing wewengkon sing beda, yaiku wewengkon wektu, cara negesi, ancas lan uga papan lan kalodhangane.
Para seniman seni tradhisi ora prelu ngasorake seni modhern saka cara mindeng seni tradhisi. Suwalike, seniman seni modhern ora perlu ndhaku yen genre seni sing digilut luwih apik tinimbang seni tradhisi. Prelu pangerten asipat holistik kanggo nandhingake kekarone.
Wusana, miturutku, seni tradhisi lan modhern duwe kalungguhan sing padha.Ora bisa mbiji yen sing siji luwih apik tinimbang sijine, utawa sing siji luwih ala tinimbang sijine. Dudutane, seni tradhisi lan modhern dadi perangan uripe bebrayan sing ngugemi cara mikir lan negesi sing beda-beda. Seni ora bisa dibedakake saka bab dununge. ::Bondet Wrahatnala Dosen Etnomusikologi ISI Solo::




Categories:

0 Response for the "Seni ing alam pikir modernitas"

Posting Komentar