• SUGENG RAWUH

    SUGENG RAWUH DUMATHENG SEDHEREK SEDANTEN..

SEDYAKU

Posted by ninkw1dya ( alve Dya Aurelia Latifa) On 0 komentar


Wis,kang
Aku sumeleh
nyelehake pangarep-arepku
marang katresnan lan kawigatenmu sing semu
yen nyatane among samene
cuthele lelekonku..........................
Pepenginanku tansah sumandhing
lan nresnani kowe
sing luwih wigati,kang
dongo la pangestumu wae
tansah mili kanggo ak
Wis,kang
aku pamit
becik njembarake pikir
nggayuh kebegjan
mring ati lan katresnan satuhu
tan ora binagi liyan
sempurna ing uritan
siji.....................