• SUGENG RAWUH

    SUGENG RAWUH DUMATHENG SEDHEREK SEDANTEN..
Posted by ninkw1dya ( alve Dya Aurelia Latifa) On 0 komentar

Tembúng Ngoko - Kråmå Mådyå - Kråmå Inggil
Tembung Liyane Aksara L - P

No.

Ngoko

Kråmå Madyå

Kråmå Inggil


01.
02.
03.
04.
05.
06.
07.
08.
09. 10.
11.
12.
13.
14.

L
labúh
lagi
laír
lali
lanang
lårå
larang
layang
lemah
lêmu
liwat
lungå
lêlungan
lunggúh


labêt
sawêg
lair
supé
jalêr
sakít
awís
sêrat
siti
lêma
langkúng
késah
kêkésahan
lênggah


labêt
nêmbé
miyós
kalimêngan
kakúng
gêrah, gêring
awís
nawålå
siti
lêmå
langkúng
tindak
pêparan
pinarak


01.
02.
03.
04.
05.
06.
07.
08.
09.
10.
11.
12.
13.
14.
15. 16.
17.
18.
19.
20.
21.
22.
23.
24.

M
måcå
macan
malíng
mambu
manak
mangan
mangkat
marang
mati
mayít
mêlèk
mèlu
mènèhi
mênjangan
menyang
mêtu
mikir
minggat
mlaku
mudhún
mulang
mulíh
muni
murah


måcå
macan
maling
mambêt
nglairakên
nêdhå
bidhal
dhatêng
pêjah
mayít
mêlèk
tumút
nyukani
sangsam
dhatêng
mêdal
manah
minggat
mlampah
mandhap
mucal
mantuk
mungêl
mirah


maós
simó
pandúng
nggåndå
mbabar
dhahar
tindak, jengkar
dhatêng
sedå, surúd
layón
wungu
ndhèrèk
maringi, nyaósi
sangsam
dhatêng
miyós
nggalíh
lólós
tindak
mandhap
mucal
kúndúr
mungêl
mirah


01.
02.
03.
04.
05.
06.
07.
08.
09.
10. 11.
12.
13.
14.
15.
16.
17.
18.
19.
20.
21.
22.
23.

N
nandúr
nangís
nêpsu
nóm
nunggang
ngadêg
ngaggo
ngarêp
ngaso
ngêlu
ngèngèr
ngêntèni
ngimpi
ngirím
ngisíng
ngombé
ngóngkón
nguyúh
nyambút gawé
nyêkêl
nyilíh
nyrêngêni
nyritani


nanêm
nangís, mular
nêpsu
nèm
numpak
ngadêg
nganggé
ngajêng
kèndêl
ngêlu
ngèngèr
ngêntosi
ngimpi
ngintun
bebanyu
nginum
ngèngkèn
toyan
nyambut damêl
nyêpêng
nyambut
nyrêngêni
nyriyosi


nanêm
muwún
duka
timúr
nitíh
jumênêng
ngagêm
ngarså
kèndêl
puyêng
ngabdi
ngrantós
nyupêna
ngintún
bóbótan
ngunjúk
ngutús ngaturi
turas
ngastå damêl
ngastå
ngampíl
ndukani
nyriyósi


01.
02.
03.
04.
05.

O
ómbó
obat
olèh
ómpóng
ora


wiyar
jampi
angsal
ómpóng
bótên


wiyar
usådå
pikantuk, kêparêng
dhaút bótên


01.
02.
03.
04.
05.
06.
07.
08.
09.
10. 11.
12.
13.
14.
15.
16.
17.

P
pådhå
padusan
paidón
panas
pangan
pangilón
paturón
payúng
peéan
pikír
pilís
pitík
prau
pupak
pupúr
putíh
putu


sami
padusan
paidón
bêntèr
têdhan
pangilón
patilêman
payúng
pétan
manah
pilís
ayam
kapal
pupak
pupúr
pêthak
putu


sami
pasiraman
kêcohan
bêntèr
dhaharan
paningalan
pasaréeyan
sóngsóng
ulík
penggalíh
blónyóh
ayam
baitå
dhaút
tasík
pêthak
wayah

Image

Tembúng Ngoko - Kråmå Mådyå - Kråmå Inggil

Posted by ninkw1dya ( alve Dya Aurelia Latifa) On 0 komentar

No.

Ngoko

Kråmå Madyå

Kråmå Inggil


01.
02.
03.
04.
05.
06.
07.
08.

R
rabi
rådå
råså
råtå
raúp
rekåså
rupå
rusak


émah êmah
radi
raós
radin
raúp
rêkaos
warni
risak


kråmå
radi
raós
radin
suryan
rekaós
warni
risak


01.
02.
03.
04.
05.
06.
07.
08.
09.
10.
11.
12.
13.
14.
15.

S
sabúk
sadêla
sadulúr
salín
sandhangan
sapi
sapíh
sapu
sêga
sêgårå
selír
sendhók
silíh
slamêt
suwé


sabúk
sêkêdhap
sadhèrèk
gantós
panganggé
lêmbu
sapíh
sapu
sêkul
sêgantên
selír
séndhok
sambút
wilujêng
dangu


pêningsêt
sêkêdhap
sadhèrèk
gantós
pangagêm
lêmbu
pêgêng
samparan
sêkul
sêgantên
ampil, ampéyan
lantaran
ampíl
sugêng
dangu


01.
02.
03.
04.
05.
06.
07.
08.
09.
10.

11.
12.
13.
14.
15.

T
takón
tandang gawé
tåndhå tangan
tandúr
tangi
tapihan
têka
têkên
têtak, sunat
tiba
tilík
tuku
turah
turu
turún


takèn
nyambut damêl
tåndhå tangan
tanêm
tangi
tapihan
dugi, dhatêng
têkên
têtak, sunat
dhawah
tuwi
tumbas
tirah
tilêm
turún


ndangu
ngastå damel
tapak astå
tanem
wungu
nyampingan
rawúh
lantaran
supít
dhawah
tuwi
mundhut
tirah
saré, néndrå
têdhak

Tembung Basa Kawi A - L

Posted by ninkw1dya ( alve Dya Aurelia Latifa) On 0 komentar

A
agni = gêni
agrå = pucúk
ajar = pandhitå
aji = ratu, råjå
akåså = awang awang
aldåkå = gunúng
ambå = aku, ingsun
ambeg = sipat
ancålå = gunung
andåkå = bantheng
anggå = awak
anggung = tansah
angkårå = lobå


apsårå = déwå
asurå = butå
ardi = gunúng
argå = gunúng
arís = alon, sarèh
arkå = srêngéngée
arså = arep
asthå = wólu
asthi = gajah
atmå = anak
atmajå = anak
aywå = åjå

B
badhåmå = gaman
bådrå = rembulan
bantålå = lêmah
barunå = sêgårå
basuki = slamêt
bathårå = déewå
bayu = angín

biråwå = gagah
bråmå = gêni
bramantyå = nêsu
brangtå = kasmaran
bogå = pangan
bomantårå = langít

C
cåkå = rodhå
candhålå = daksiyå
cåndrå = rêmbulan
caråkå = utusan
catúr = papat

cidrå = durjånå
ciptå = ngarang
citrå = gambaran
culikå = durjånå

D
dahånå = gêni
danåwå = butå
dhandhang = gagak
dhadhu = abang
dhatulåyå = kratón
dåså = sepuluh
datan = ora
dwipånggå = gajah
dirgantårå = awang2
dityå = butå
diyu = butå

dhingín = dhisík
driyå = ati
dúk = nalikå
dúksinå = kidul
(n)dulu = ndêlêng
dutå = utusan
dwi = loro
dwijå = guru
dhúhkitå = susah
dumadi = uríp

E
ekå = siji
eksi = måtå
erawati = blêdhèg


érnåwå = sêgårå
ésa = tunggal
èsti = karêp

G
gahånå = jurang
gapurå = lawang agúng
gåtå = laku
gåtrå = baris
gegånå = awang-awang
giri = gunúng


gitå = kêmbang
gung = gêdhé
gúntúr = jugrúg
gúrnitå = gludhúg
gurúh = blêdhèg
gyå = énggal

I
ibå = gajah
imå = mégå
imålåyå = gunúng


inå = asór
indriyå = karêp
ingsún = aku

J
jålå = banyu
jålådårå = mendhúng
jaladri = sêgårå
jalanidhi = sêgårå
jalu = lanang
jalmå = wóng

jawåtå = déwå
jarwå = têgês
jåyå = mênang
jênar = kuníng
juwitå = wanitå

K
kadyå = kåyå
kågå = manúk
kalbu = ati
kalokå = kesuwúr
kalpikå = ali - ali
kalyånå = linuwih
kapti = têngên
kapiyarså = karêp
kardi = kêprungu
kartå = aman
kartikå = lintang


karyå = gawé
kayún = karêp
kencånå = êmas
kéring = kiwå
kintåkå = layang
kismå = lêmah
kresnå = irêng
kukilå = manúk
kuncårå = misuwúr
kusumå = kêmbang
kuwåwå = kuwat

L
lalis = mati
lampús = mati
langkíng = irêng
lastri = bêngi
layu = mati
lêbda = pintêr
léna = mati


lír = kåyå
lóh jinawi = subúr
lokå = jagad
ludirå = getih
luhúr = mubyå
lumaksånå = mlaku

Tembung Basa Kawi M - Y

Posted by ninkw1dya ( alve Dya Aurelia Latifa) On 0 komentar

M
madyå = têngah
makaryå = nyambút gawe
mamèh = golèk
mami = aku
mandhala = bumi
manggala = panggêdhé
manjing = mlebu
margå = dalan
margånå = panah
martå = sabar
marutå = angín


mijíl = mêtu
minå = iwak
mitrå = kåncå
miyarså = krungu
mudhå = ênom
mulat = wêrúh
muróni = ngêndêmi
murdå = sirah
musnå = ilang
muståkå = sirah

N
nålå = ati
nalendrå = prabu
narmådå = kali
naryå = ratu
nåtå = ratu
nawålå = layang
nendrå = turu

netrå = mripat
nimpunå = pintêr
nulådhå = niru
nuswa = pulo
obar abir = kilat
orêm = sêsambat

P
pabaratan = papêrangan
pådå = sikíl
palagan = papêrangan
palastrå = mati
palupi = tulådhå
pêmbayun = pêembarep
pamulu = praèn
panca = limå
påncåkåra = pêrang
panti = omah
pangaksåmå = pangapurå
pangastuti = sêmban
pangupåjiwå= panguripan
påråmartå = luhúr
patrå = gedhóng


pawiyatan = sêkolah
payudårå = susu
pindhå = kåyå
pitå = kuning
pradånggå = gamêlan
pråjå = nêgårå
pralåyå = mati, rusak
pramukå = panggêdhé
praptå = tekå
pratålå = lemah
pratiwi = bumi
prawirå = kendel
priyanggå = dhéwé
purnå = ganep, bubar
puspitå = kêmbang

R
radyan = radèn
rahayu = slamêt
rågå = awak
ratri = bêngi,
rawi = srêngéngé


rektå = abang
rênå = ibu
riptå = ngarang
rogå = lårå
rukmi = êmas

S
saekå pråyå = rukún
sah = pisah
sakti = digdåyå
samirånå = angin
samodrå = sêgårå
samyå = pådhå
sånå = panggonan
sanggraha = cawisan
sardulå = macan
sarirå = badan
sarpå = ula
sasånå = papan
sasångkå = rêmbulan
sasmitåa = tåndhå
sastrå = tulis
såtå = satús
sato = kéwan
sawegó = sêdiyå
séta = putíh
sigrå = gelís
sila = patrap


sinudarsånå = ditiru
sirå = kowé
sirnå = ilang
siswå = murid
sitorêsmi = rembulan
siwi = anak
socå = mripat
sopanå = dalan
sonå = asu
soóg = payúng
sotyå = intên
sudarmå = bapak
sudarsånå = conto
sudirå = digdåyå
sumbågå = misuwúr
sungkåwå = susah
sunu = anak
surå = wani
suryå = srêngéngé
sutå = anak
swéda = kringêt

T
tan = ora
tanåyå = anak
taru = wít
tarunå = ênóm
tinón = katón


tirtå = banyu
tliti = turún
trusta = sênêng
turånggå = jaran
tyas = ati

U
udråså = tangís
adyånå = taman
upåyå = golêk
upikså = wêrúh


usådå = tåmbå
utåmå = bêcík
utårå = lór

W
wacånå = caturan
waluyå = waras
wånå = alas
wanårå= kêthèk
wandåwå = kadang
wardåyå = ati
waríh = banyu
warså = taun
wasånå = pungkasan
waskitå = awas
waspå = lúh
wastrå = sandhangan
wé = banyu
wibåwå = luhúr
wibi = ibu


wicårå = gunêman
widyå = kawruh, pintêr
wíl = butå
wilís = ijo
wimbå = wêtu
wirå = prajurit
winursita = dicritakaké
wismå = omah
wisudå = angkat
wiyati = awang-awang
wredhå = tuwa
wrekså = kayu
wukír = gunúng
wuntat = buri
wuyúng = kasmaran

Y
yånå = krétå
yåså = gawé
yayah = bapak
yêkti = bênêr
yitnå = ngati-ati


yogå = anak
yogyå = bêcík
yudå = pêrang
yuwånå = slamêt
ywå = åjå

Paribasan A - D

Posted by ninkw1dya ( alve Dya Aurelia Latifa) On 0 komentar

A
01. Adhang-adhang tètèsé êmbún.
Njagakaké barang mung sak olèh olèhé.
02. Adigang, adigúng, adigunå
Ngêndêlaké kakuwatané, kaluhurané lan kapintêrané
03. Aji gódhóng garíng.
Wis ora ånå ajiné/asór banget
04. Ånå catúr mungkúr.
Ora gelem ngrungókaké rêrasan kang ora bêcík
05. Ånå daulaté ora ånå bêgjané.
Arep nêmu kabêgjan, ning ora sidå.
06. Ånå gulå ånå sêmut.
Panggonan síng akèh rêjêkiné, mêsti akèh sing nêkani.
07. Anak polah båpå kêpradah.
Tingkah polahé anak dadi tanggungané wóng tuwå.
08. Anggênthóng umós.
Wóng kang ora biså nyimpen wêwadi.
09. Angón mångså.
Golèk waktu kang prayogó kanggo tumindak.
10. Angón ulat ngumbar tangan.
Ngulataké kaanan yèn limpé banjur dicólóng.
11. Arêp jamuré êmoh watangé.
Gêlêm kêpenaké ora gêlêm rêkasané.
12. Asu rêbutan balúng.
Rebutan barang kang sêpélé.
13. Asu bêlang kalúng wang.
Wóng asór nangíng sugíh.
14. Asu gêdhé mênang kêrahé.
Wóng kang dhuwúr pangkaté, mêsthi baé luwih gêdhé
panguwasané
15. Asu marani gebúk.
Njarag marani bêbaya.
16. Ati béngkong olèh óncóng.
Wóng duwé niyat ålå oléh dalan.

B
01. Bålådéwå ilang gapité.
Ilang kakuwatané/kaluhurané.
02. Banyu pinêrang ora bakal pêdhót.
Pasulayané sêdulur ora bakal medhótake pasêdulurane.
03. Bathang lêlaku.
Lunga ijèn ngambah panggonan kang mbêbayani.
04. Blåbå wudå.
Saking lomane nganti awake dhéwé ora kêduman.
05. Bèbèk mungsuh mliwís.
Wóng pintêr mungsuh pådhå wóng pintêr.
06. Bêcík kêtitík ålå kêtårå.
Bêcik lan ålå bakal kêtårå ing têmbé mburiné.
07. Bêlo mèlu sêton.
Manút grubyúk ora ngêrti karêpé.
08. Bêras wutah arang bali mênyang takêré.
Barang kang wís owah ora bakal bali kaya mauné.
09. mBidhúng api rowang.
Ethók-éthók nulúng nangíng sêjatiné arêp ngrusuhi.
10. Blilu tau pintêr durúng nglakoni.
Wóng bodho nanging sêríng nglakóni, luwih pintêr karo
wóng pintêr nanging durung tau nglakóni.
11. Bubuk olèh lèng.
Wóng duwé niyat ålå olèh dalan.
12. Búng príng petúng.
Bocah kang lónggór (gêlis gêdhé).
13. Buntêl kadút, ora kinang ora udút.
Wóng nyambút gawe bóróngan ora olèh mangan lan udut /
rokok.
14. mBuru ucêng kélangan dhêlêg.
Mburu barang sêpélé malah kélangan barang kang luwíh
gêdhé.
15. Busúk kêtêkúk, pintêr kêblingêr.
Síng bodho lan síng pintêr pådhå nêmu cilåkå.

C
01. Carang canthèl.
Ora diajak gunêman nanging mèlu-mèlu ngrêmbug.
02. Car-cór kåyå kurang janganan.
Ngómóng cêplas-cêplós ora dipikir dhisik.
03. Cathók gawèl.
Sênêng cawé cawé mêsthi ora diajak gunêman.
04. Céból nggayúh lintang.
Kêkarêpan kang mokal bakal kêlakón.
05. Cêcak nguntal cagak.
Gêgayuhan kang ora imbang kekuwatan.
06. Cêdhak cèlèng boloté.
Cêdhak karo wong ålå bakal katut ålå.
07. Cêdhak kêbo gupak.
Cêdhak karo wong ålå bakal katut ålå.
08. Ciri wanci lêlai ginawa mati.
Pakulinan ålå ora biså diowahi yèn durung nganti mati.
09. Cincing-cincing mêksa klêbus.
Karêp ngirid nanging malah êntèk akèh.
10. Criwis cawís.
Sênêng maido nanging yó sênêng mènèhi/muruki.
11. Cuplak andhêng - andhêng yèn ora pêrnah panggonan
bakal disingkiraké.
Wóng kang njalari ålå bêcík disingkiraké.

D
01. Dadiyå banyu emóh nyawuk, dadiyå gódhóng emóh
nyuwèk, dadiyå sukêt emóh nyênggút.
Wis ora gêlêm nyanak / såpa arúh.
02. Dahwèn ati opèn.
Nacad nangíng mbênêrake wong liya.
03. Dhandhang diunèkaké kuntúl, kuntúl diunèkaké dhandhang.
Ålå diunèkaké bêcí, bêcík diunèkake ålå.
04. Déså måwå cårå, negårå måwå tåtå.
Saben panggonan duwé cårå utåwå adat dhéwé dhéwé.
05. Dhêmit ora ndulít, sétan ora doyan.
Tansah diparingi slamêt ora ånå kang ngrusuhi.
06. Digarókake dilukókake.
Dikóngkón nyambút gawe abót.
07. Didhadhungå medhót, dipalangånå mlumpat.
Wóng kang kêncêng karêpé, ora kênå dipênggah manèh.
08. Diwènèhi ati ngrógóh rêmpêla.
Wis diwènèhi sêthithík, malah njaluk kang akèh.
09. Dóm sumurup ing banyu.
Laku sêsidhêman kanggo mêruhi wêwadi.
10. Dudu sanak dudu kadang, yèn mati mèlu kélangan.
Sênajan wóng liya nèk nêmoni rêkasa bakal dibélani.
11. Dukå yayah sanipi, jåjå bang mawingå wingå.
Wóng kang nêsu banget.
12. Dudutan lan anculan.
Pådhå kêthikan, síng siji éthok-éthok ora ngêrti.
13. Durúng ilang pupak lêmpuyangé.
Wóng kang dianggêp bocah cilík durung ngêrti åpå-åpå.
14. Durúng pêcus kêsêlak bêsús.
Durúng sêmbada nanging kêpingín síng ora-ora.

Paribasan E - K

Posted by ninkw1dya ( alve Dya Aurelia Latifa) On 0 komentar

E
01. Éman éman ora keduman.
Karêp éman malah awaké dhéwé ora kêduman.
02. Êmban cindé êmban siladan.
Pilíh kasíh ora adíl.
03. Êmbat êmbat cêlarat.
Wóng nyambút gawé kanthi ngati-ati bangêt.
04. Êmprít abuntút bêdhúg.
Pêrkara síng mauné sêpélé dadi gêdhé.
05. Êndhas gundhúl dikêpêti - Wís kêpénak ditambahi kêpénak manèh.
06. Êndhas péthak kêtiban êmpyak.
Wóng kang bola-bali nêmu cilaka.
07. Ênggon wêlut didoli udhèt.
Panggoné wóng pintêr dipamèri kapintêran síng ora
sêpirowå.
08. Êntèk ngamèk kurang golèk.
Olèhé, ngunèni/nyênèni sakatogé.
09. Êntèk jaraké.
Wís êntèk kasugihané.
10. Ésuk dhêlé soré témpé.
Wóng kang ora têtêp atiné (méncla - ménclé).

G
01. Gagak nganggo lar mêrak.
Wóng asór (cilík) tumindak kaya wóng luhúr (gêdhé).
02. Gajah alingan sukêt têki.
Laír lan batine ora pådhå, mêsti bakal kêtårå.
03. (ng) Gajah êlar.
Sarwå gêdhé lan dhuwur kêkarêpané.
04. Gajah ngidak rapah.
Nrajang wêwalêr dhéwé.
05. Gajah pêrang karo gajah, kancíl mati ing têngah.
Wóng gêdhe kang pådhå pasulayan, wóng cilík síng dadi
korban.
06. Garang garíng.
Wóng sêmugíh nangíng sêjatiné kêkurangan.
07. Gawé luwangan nggo ngurugi luwangan.
Golèk utangan kanggo nyaúr utang síng dhisík.
08. Gayúk-gayúk tuna, nggayúh nggayúh lupút.
Samubarang kang dikarêpaké ora bisa kêturutan.
09. Gliyak-gliyak tumindak, sarèh pakolèh.
Sênajan alon-alon anggoné tumindak, nangíng bisa
kalêksanan kêkarêpané.
10. Golèk banyu bêníng.
Mêguru golèk kawruh síng bêcík.
11. Golèk-golèk kêtêmu wóng luru-luru.
Karêpe arêp golèk utangan malah diutangi (dijaluki utang).
12. Gupak puluté ora mangan nangkané.
Mèlu rêkasa nangíng ora mèlu ngrasakaké kêpénak.
13. Idu didilat manèh.
Murungaké janji síng wís diucapaké.
14. Iwak lumêbu wuwu.
Wóng kêna apus kanthi gampang.

J
01. (n)Jagakaké êndhógé si blórók.
Njagakaké barang kang durung mêsti ånå lan orané.
02. (n)Jajah désa milang kori.
Lêlungan mênyang êndi-êndi.
03. Jalmå angkårå mati murkå.
Nemoni cilåkå jalaran angkårå murkané.
04. (n)Jalukan ora wèwèhan.
Sênêng njaluk ora gêlêm mènèhi.
05. Jati kêtlusupan ruyúng.
Kumpulané wóng bêcik klêbon wóng ålå.
06. Jaran kêrubuhan êmpyak.
Wóng wís kanji (kapók) bangêt.
07. Jarít lawas ing sampiran.
Duwé kapintêran nangíng ora digunakaké.
08. Jêr basuki måwå béa.
Samubarang gêgayuhan mbutuhaké wragat.
09. (n)Jujú muwúl.
Prakårå kang nambah-nambahi rêkåså.
10. (n)Junjúg ngêntêbaké.
Ngalêmbana nangíng duwe niyat ngasoraké.

K
01. Kacang ora ninggal lanjaran.
Kabiasané anak niru wóng tuwané.
02. Kadang konang.
Gêlêm ngakóni sêdulur mung karo síng sugíh.
03. Kalah cacak mênang cacak.
Samubarang pênggawéyan luwíh bêcík dicoba dhisík biså
lan orané.
04. Kandhang langít, bantal ombak, kêmúl mégå.
Wóng síng ora duwé papan panggonan
05. Katépang ngrangsang gunúng.
Kagêdhen karêp/panjångkå mokal biså kelakón.
06. Katón kåyå cempåkå sawakúl.
Tansah disênêngi wóng akèh.
07. Kåyå banyu karo lêngå.
Wóng kang ora bisa rukún.
08. Kakèhan gludhúg kurang udan.
Akèh omongé ora ånå nyatané.
09. Kêbanjiran sêgårå madu.
Nêmu kabêgjan kang gêdhé bangêt.
10. Kêbat kliwat, gancang pincang.
Tumindak kêsusu mêsthi ora kêbênêran.
11. Kêbo bulé mati sétra - Wóng pintêr níng ora ånå síng
mêrlókaké.
12. Kebo ilang tómbók kandhang.
Wís kélangan ngêtokaké wragat manèh kanggo nggoleki
malah ora kêtêmu pisan.
13. Kêbo kabótan sungu.
Rêkåså mergå kakèhan anak.
14. Kêbo lumumpat ing palang.
Ngadili prakårå ora nganggo watón.
15. Kêbo mulíh menyang kandhangé.
Wóng lunga adóh bali mênyang omah manèh.
16. Kêbo nusu gudèl.
Wóng tuwa jalúk wurúk wóng ênóm.
17. Kêgêdhèn êmpyak kurang cagak.
Kêgêdhèn kakêrêpan nangíng kurang sêmbada.
18. Kajugrugan gunúng mênyan.
Olèh kabêgjan kang gêdhé bangêt.
19. Kêkudhúng welulang macan.
Ngapusi nggawé jênêng wóng kang diwêdèni.
20. Kêlacak kêpathak.
Ora bisa mungkír, jalaran wís kabuktèn.
21. Kêna iwaké åjå nganti buthêg banyuné.
Síng dikarêpaké kêlakon níng åjå nganti gawée rusak/ramé.
22. Kêncana katon wingka.
Sênajan apík nangíng ora disênêngi
23. Kêndêl ngringkêl, dhadhag ora godak.
Ngaku kêndêl tur pintêr jêbu1 jiríh tur bodho.
24. Kênès ora èthès.
Wóng sugíh umúk nangíng bodho.
25. Kêplók ora tómbók.
Wóng sênêngané maido thók, ora gêlêm mélu cawé-cawé.
26. Kéré munggah balé.
Batúr dipèk bojo karo bêndarané
27. Kéré nêmoni malêm.
Wóng kang bêdhighasan / sêrakah.
28. Kêrot ora duwé untu.
Duwé kekarêpan níng ora duwé bandha/wragat.
29. Kêrubuhan gunúng.
Wóng nêmóni kêsusahan síng gêdhé bangêt.
30. Kêsandhúng ing råtå, kêbêntus ing tawang.
Oleh cilåkå síng ora dinyånå nyånå.
31. Kêtula-tula kêtali.
Wóng kang tansah nandhang sêngsara.
32. Kêthèk saranggón.
Kumpulan wóng kang tindak ålå.
33. Kléyang kabúr kanginan, ora sanak ora kadang.
Wóng síng ora duwé panggónan utåwå omah síng têtêp.
34. Klênthíng wadah masin.
Angèl ninggalaké pakulinan tumindak ålå.
35. Kongsi jambúl wanên.
Nganti tumêkan tuwå bangêt.
36. Krókót ing galêng.
Wóng kang mlarat banget.
37. Kriwikan dadi grójógan.
Prakårå kang maune cilík dadi gêdhé.
38. Kumênthus ora pêcús.
Sênêng umúk nanging ora sêmbada.
39. Kurúng munggah lumbúng.
Wóng asór/cilík didadèkaké wóng gêdhé.
40. Kuthúk nggéndhóng kêmiri.
Manganggo kang sarwå apík/aji liwat dalan kang
mbêbayani.
41. Kutúk marani sundúk ulå marani gêpúk.
Njarag marani bebåya.
42. Kuncúng nganti têmêka gêlúng.
Suwe bangêt anggoné ngêntèni.
43. Ladak kêcangklak.
Wóng kang angkúh nêmóni pakéwúh margå tumindaké
dhéwé.
44. Lahang karóban manís.
Rupané bagús/ayu túr luhúr bêbudèné.
45. Lambé satumang kari sêmêrang.
Dituturi bola-bali mêksa ora digugu.
46. Lanang kêmangi.
Wóng lanang kang jirèh.
47. Lêgan golèk mómóngan.
Wís kêpénak malah golèk rêkasa.
48. Lumpuh ngideri jagad.
Duwe kekarepan kang mokal keturutan.

Paribasan M - O

Posted by ninkw1dya ( alve Dya Aurelia Latifa) On 0 komentar

M
01. Maju tatu mundúr ajúr.
Prakårå kang sarwå pakéwúh.
02. Matang tunå numbak luput.
Tansah lupút kabèh panggayuhané.
03. Mbuang tilas.
Éthok-éthok ora ngêrti marang tumindaké kang ålå síng lagi dilakoni.
04. Mênêng widårå ulêran.
Katón antêng nanging sêjatiné ala atiné.
05. Mêntung kojå kêna sêmbaginé.
Rumangsané ngapusi, nangíng sêjatiné malah kêna apus.
06. Mêrangi tatal.
Mêntahi rêmbug kang wís matêng.
07. Mikúl dhuwúr mêndhêm jêro.
Biså njunjúng drajat wóng tuwå.
08. Milíh-milíh têbu olèh bolèng.
Kakèhan milíh, wêkasan olèh kang ora bêcík.
09. Mrójól sêlaning garu.
Wóng kang lupút såkå bêbåyå.
10. Mubra-mubru mblabar madu.
Wóng síng sarwå kêcukupan.

N
01. Nabók nyilih tangan.
Tumindak ålå kanthi kóngkónan wóng liyå.
02. Ngagar mêtu kawúl.
Ngójók-ngójóki supåyå dadi pasulayan, nanging síng
diójók-ójóki ora mêmpan.
03. Ngajari bèbèk nglangi.
Pênggawéyan síng ora ånå paédahé.
04. Ngalasake negårå.
Wóng síng ora manut pranatan negårå.
05. Ngalem lêgining gulå.
Ngalembånå kapintêran wóng kang pancèn pintêr/sugíh.
06. Ngaturake kidang lumayu.
Ngaturaké barang kang wis ora ånå.
07. Nglungguhi klåså gumelar.
Nindakaké panggawéyan kang wis tumåtå.
08. Ngóntragaké gunúng.
Wóng cilík asór biså ngalahaké wóng luhúr/gêdhé, nganti
gawé kagèt wóng akèh.
09. Nguthik-uthik macan dhédhé.
Njarag wóng kang wís lilíh nêpsuné.
10. Nguyahi segårå.
Wèwèh marang wóng sugíh kang ora ånå pituwasé.
11. Nucúk ngibêraké.
Wís disuguhi mangan mulíh isíh mbrêkat.
12. Nututi layangan pêdhót.
Nggolèki barang sêpélé síng wis ilang.
13. Nyangóni kawula minggat.
Ndandani barang kang tansah rusak.
14. Nyólóng pêthèk.
Tansah mlèsèt såkå pamèthèke/pambatang.

O
01. Obah ngarep kobèt mburi.
Tumindaké panggêdhé dadi contoné/panutané kawula alít.
02. Ópór bèbèk, mêntas awaké dhèwèk.
Rampung såkå rékadayané dhéwé.
03. Ora ånå banyu mili menduwúr.
Wataké anak biasané niru wóng tuwané.
04. Ora ånå kukús tanpå geni.
Ora ånå akibat tanpå sebab
05. Ora gonjå ora unús.
Wóng kang ålå rupane ugå atine.
06. Ora mambu énthóng irús.
Dudu sanak dudu kadang.
07. Ora tembúng ora tawúng.
Njupúk barange liyan tanpå kåndhå dhisík.
08. Ora uwúr ora sêmbúr.
Ora gêlêm cawé-cawée babar pisan.
09. Ora kinang ora udút.
Ora mangan åpå-åpå.
10. Othak athik didudút angèl.
Gunêmé sajak kêpéenak, barêeng ditêmêni jêbul angèl.

Paribasan P - Y

Posted by ninkw1dya ( alve Dya Aurelia Latifa) On 0 komentar

P
01. Palang mangan tandúr.
Diwènèhi kepercayan nangíng malah gawé kapitunan.
02. Pandêngan karo srêngéngé.
Mêmungsuhan karo panguwåså.
03. Panditanê antaké.
Lairé katon suci batine ålå.
04. Pêcrúk tunggu bårå.
Dipasrahi barang kang dadi kêsênêngané.
05. Pitík tróndhól diumbar ing padaringan.
Wóng ålå dipasrahi barang kang aji, wêkasan malah
ngêntèk-êntèki
06. Pupúr sadurúng benjút.
Ngati-ati mumpúng durúng cilaka.

R
01. Rampèk rampèk kêthèk.
Nyêdhak- nyêdhak múng arêp gawé kapitunan.
02. Rawé-rawé rantas, malang-malang putúng.
Samubarang kang ngalang alangi bakal disingkiraké.
03. Rêbút balúng tanpa isi.
Pasulayan mêrga barang kang sêpèlè.
04. Rindík asu digitík.
Dikóngkón nindakaké(pênggawéyan kang cócók karo kêkarêpané.
05. Rupå nggéndóng rêgå.
Margå barang apík mulå rêgané yå larang.
06. Rukún agawé santoså, crah agawé bubrah.
Yèn padhå rukún mêsti padhå santoså, yèn pådhå congkrah mêsti
bakal bubrah rusak.

S
01. Sabar sarèh mêsti bakal pikolèh.
Tumindak samubarang åjå kesusu.
02. Sabåyå pati, sabåyå mukti.
Kerukunan kang nganti tekan pati.
03. Sadumúk bathúk, sanyari bumi.
Pasulayan nganti dilabuhi tekan pati.
04. Sandhíng kebo gupak.
Cedhak wóng tumindak ålå, biså-biså katut ålå.
05. Satru mungging cangklakan.
Mungsuh wóng kang isih sanak sadulur.
06. Sêdhakêp awé-awé.
Wís ninggalake tumindak ålå, nanging ing batín isíh
kepingín nglakoni manèh.
07. Sêmbúr-sêmbúr adús, siram-siram bayêm.
Bisa kalêksanan margå olèh pandongàné wong akèh.
08. Sêpi ing pamrih, ramé ing gawé.
Nindakaké panggawéyan kanthi ora duwé kamélikan åpå-
åpå.
09. Síng såpå salah bakal sèlèh.
Såpå síng salah bakal konangan.
10. Sluman slumun slamêt.
Sênajan kurang ngati-ati. nangíng isíh diparingi slamêt.
11. Sumúr lumaku tinimba, góng lumaku tinabúh.
Wóng kang kumudu-kudu dijaluki piwulang/ditakóni.

T
01. Tebu tuwúh socane.
Prakårå kang wis apík, bubrah margå ånå kang durung mêsthi
salah lan bênêré.
02. Téga larané ora téga patiné.
Sênadyan néegakake rêkasané, nangíg isíh mènèhi pitulungan.
03. Têkèk mati ing ulóné.
Nêmóni cilåkå margå såkå gunêmé dhéwé.
04. Timun jinårå.
Prakårå gampang bangêt.
05. Timun mungsuh durèn.
Wóng cilík mungsúh pànguwåså, mêsthi kalah.
06. Timún wungkúk jaga imbúh.
Wóng bodho kanggone múng yèn kêkurangan baé.
07. Tinggal glanggang cólóng playu.
Ninggalaké papan pasulayan.
08. Tulúng mênthúng.
Katóné nulungi, jêbulé malah ngrusuhi.
09. Tumbak cucukan.
Wóng síng sênêng adu-adu.
10. Tuna sathak bathi sanak.
Rugi båndhå, nangíng bathi pasaduluran.
11. Tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati.
Prakårå ålå ngåmbrå åmbråa, prakårå becik kari sathithík.
12. Tembang rawat-rawat, ujare mbók bakul sunambiwårå.
Khabar kang durung mêsthi salah lan bênêré.

U
01. Ucul såkå kudangan.
Luput karo gêgayuhané.
02. Ulat madhêp ati mantêb.
Wís mantêb bangêt kêkarêpané.
03. Undaking pawartå, sudaning kiriman.
Biasané pawartå iku bédå karo kanyatakané.
04. Ungak-ungak pager arang.
Ngisin isini.
05. Welas tanpå alis.
Karêpé wêlas nangíng malah gawé kapitunan.
06. Wís kêbak sundukané.
Wís akèh bangêt kaluputané.
07. Wiwít kuncúng nganti gêlúng.
Wiwít cilík nganti gêdhé/tuwå.

Y
01. Yitnå yuwånå mati inå.
Síng ngati-ati bakal slamêt, síng sêmbrånå bakal cilåkå.
02. Yiyidan munggíng rampadan.
Biyèné wóng dúrjånå/culikå, saiki dadi wóng síng alím.
03. Yogå anyånggå yogi.
Murid nirókaké piwulangé guru.
04. Yuwånå mati lenå.
Wóng bêcík olèh cilåkå, margå kurang ati-ati.
05. Yuyu rumpúng mbaróng róngé.
Omahé magróng-magróng nanging sêjatiné mlarat.

Candraning Manungsa

Posted by ninkw1dya ( alve Dya Aurelia Latifa) On 0 komentar

01.
02.
03.
04.
05.
06.
07.
08.
09.
10.
11.
12.
13.
14.
15.
16.
17.
18.
19.
20.
21.
22.
23.
24.
25.
26.
27.
28.
29.
30.
31.
32.
33.
34.
35.
36.
37.
38.
39.
40.
41.
42.
43.
44.
45.
46.
47.
48.
49.
50.
51.
52.
53.
54.
55.
56.
57.
58.
59.
60.

alisé
astané
athi-athiné
awaké
bangkèkané
bathuké
bókóngé
bréngosé
bréngosé
cahyané
cahyané
drijiné
godhègé
guluné
guluné
èsêmé
èsêmé
idêpé
irungé
irungé
irungé
kémpólé
kémpólé
lakuné
lakuné
lèmbèhané
lambéné
lambéné
lêngêné
mripaté
mripaté
nétrané
pakulitané
pakulitané
pamuluné
pamuluné
pawakané
pawakané
pipiné
polatané
praèné
pundhaké
rambuté
rambuté
sinómé
sinómé
slirané
solahé
susuné
swarané
tangané
tungkaké
ulaté
untuné
untuné
wangé
wangé
wataké
wêntisé
wêntisê

nanggal sêpisan
nggêndhéwa
ngudhup turi
rampíng
nawon kêmít
nyêla cendhani
manjang ngilang
nglalêr ménclók
ngulêr kèkèt
sumunu/sumunar
ngalêntríh
mucuk êri
simbar rumêmbun
ngêlung gadhúng
ngolan-olan
kaya madu
pahít madu
tumênga ing tawang
kêencana pinatar
mbangír
ngudhúp mlathi
ngêmbang pudhak
nyikíl walang
macan 1uwé
magêr timun
mblarak sêmpal
manggís karêngat
nggula satêmlík
nggandhéwa pinênthang
blalak-blalak
ndamar kanginan
liyêp alindri
ngulit langsêp
irêng manís
ambênglé kiris
prada binabar
gagah pidêgsa
ramping
ndurèn sajuring
ruruh jatmika
sumunar
nraju êmas
ngandhan-andhan
ngêmbang bakúng
micís wuncah
mbibís mabúr
sidhêt singsêt
mêrak ati
nyêngkir gadhing
ngombak banyu
nggandhewa pinenthang
bunder lir jinångkå
sumèh/sumunar
miji timún
ngêlar kombang
ngungkal gênang
nyangkal putúng
andhap asór
mukang gangsír
ndamèn mêtêng

Araning Tetanduran

Posted by ninkw1dya ( alve Dya Aurelia Latifa) On 0 komentar

Araning Wít
01. wít arèn
02. wít gêdhang
03. wít jagúng
04. wít jambê
05. wít kacang
06. wít kapúk
07. wít krambíl
08. wít mlinjo
09. wít pari
10. wít póhóng
11. wít príng ênóm
12. wít príng tuwå
13. wít siwalan
14. wít téla


ruyúng
debóg
tebón
pucang
rèndèng
randhu
glugu
so, bégo
damèn
bónggól
búng
bungkilan
tal, bógór
lúng

Araning Godhong
01. gódhóng arèn
02. gódhóng asêm
03. gódhóng cócór bèbèk
04. gódhóng dhadhap
05. gódhóng gêdhang ènóm
06. gódhóng gêdhang tuwå
07. gódhóng gêdhang garíng
08. gódhóng gêbang
09. gódhóng jambé
10. gódhóng jarak
11. gódhóng jarak kêbo
12. gódhóng jati
13. gódhóng kacang bról
14. gódhóng kacang lanjaran
15. gódhóng katès
16. gódhóng kêcipír
17. gódhóng kélor
18. gódhóng kêmladhéyan
19. gódhóng kluwíh
20. gódhóng krambíl enom
21. gódhóng krambíl tuwå
22. gódhóng lêmpuyang
23. gódhóng lómbók
24. gódhóng mlinjo
25. gódhóng pari
26. gódhóng príng
27. gódhóng randhu
28. gódhóng siwalan
29. gódhóng talês (kimpúl)
30. gódhóng têbu têlês
31. gódhóng têbu garíng
32. gódhóng téla
33. gódhóng turi
34. gódhóng walúh
35. gódhóng widårå putíh
36. gódhóng wuni


dliring
sinom
tibå urip
tåwå
pupús
ujungan
klaras
kajang
pracat, dèdèl
blêdhèg
lomah-lamèh
jómpóng
rèndèng
lêmbayung
gamplèng
cêthèthèt
limaran
kumudå
kléyang
janúr
blarak
liríh
sabrang
êso
damèn
êlarmanyurå
bålådewå
lontar
lumbu
mómól
rapak
jlegór
pethúk
lomah-lamèh
trawas
mojar

Araníng Kêmbang
01. kêmbang arèn
02. kêmbang blimbíng
03. kêmbang blutru
04. kembang cèngkèh
05. kêmbang cubúng
06. kêmbang dhadhap
07. kembang durèn
08. kêmbang ganyóng
09. kêmbang garút
10. kêmbang gêbang
11. kêmbang gêdhang
12. kêmbang gêmbili
13. kembang jagúng
14. kêmbang jambé
15. kêmbang jambu
16. kêmbang jarak
17. kêmbarg jati
18. kêmbang jéngkól
19. kêmbang kacang
20. kêmbang kanthil
21. kêmbang kapas
22. kêmbang kårå
23. kêmbang kecipír
24. kêmbang kelór
25. kêmbang kêmlandhingan
26. kêmbang kêncúr
27. kêmbang talês (kimpúl)
28. kêmbang kluwíh
29. kêmbang kopi
30. kêmbang krambíl
31. kêmbang krókót
32. kêmbang lamtårå
33. kêmbang lómbók
34. kêmbang mlinjo (so)
35. kêmbang nångkå
36. kêmbang nipah
37. kêmbang pandhan
38. kêmbang pacé
39. kêmbang pêté
40. kêmbang pohong (téla)
41. kêmbang príng
42. kêmbang randhu
43. kêmbang salak
44. kêmbang surúh
45. kêmbang talês (kimpúl)
46. kêmbang têbu
47. kêmbang timún
48. kêmbang widårå putíh


dangu
måyå
móntró
pólóng
tóróng
cêlung
dlóngóp
puspånyidrå
gramêng
krandhíng
óntóng (túntút)
sênêng
sinuwún
mayang
karúk
juwís
jangglèng
kêcuwís
bêsêngut, bundhêl
gadhíng
kadi
kèpèk
cêthèthèt
limaran
jêdhidhíng
sêdhèt
pancal
onthèl
blanggrèng
manggar
naknik
jêdhidhíng
mêník
ucêng (kroto)
angkúp
dóngóng
pudhak
nyrêwèntèh
pêndul
ingklík
krosak
karúk
kêthèkèr
drèngès
pancal
glagah (glêgês)
móntró
rêjasa

Araning Pêntil
01. pêntíl asêm
02. pêntíl jagúng
03. pêntíl jambé
04. pêntíl jambu
05. pêntíl kacang
06. pêntíl krambíl
07. pêntíl manggís
08. pêntíl nångkå
09. pêntíl pêlêm
10. pêntíl randhu
11. pêntíl sêmangka
12. pêntíl so/mlinjo
13. pêntíl timún


cêmpaluk
jantên
blèbèr
karúk
bêsêngút
blulúk, cêngkir
blibar
babal, gori
pêncit
plêncing
plonco
kroto
sêrit

Araning Wóh
01. wóh arèn
02. wóh bêngkowang
03. wóh cêngkèh
04. wóh gêbang
05. wóh gêmbili
06. wóh jati
07. wóh kanthil
08. wóh kélor
09. wóh kêsambi
10. wóh kluwêk
11. wóh pandhan êri
12. wóh so
13. wóh tal
14. wóh turi
15. wóh uwi
16. wóh widårå putíh


kolang-kalíng
bêsusu
pólóng
krandhing
katak
jangglêng
gandhèk
klénthang
kêcacil
pocúng
pandhågå
mlinjo
siwalan
klénthang
katak
anyang

Araning Isi
01. isi asêm
02. isi cipír
03. isi durèn
04. isi jambé
05. isi kapas
06. isi katès
07. isi kluwêk
08. isi kluwíh
09. isi kêsambi
10. isi mlinjo
11. isi nangka
12. isi pêlêm
13. isi randhu
14. isi salak
15. isi sawo
16. isi sêmangka


klungsu
bótór
ponggé
jêbug
wuku
trêmpós
pocúng
bêthêm
kêcacil
klathak
bêtón
pêlók
klênthêng
kenthós
kêcik
kuwaci