• SUGENG RAWUH

    SUGENG RAWUH DUMATHENG SEDHEREK SEDANTEN..

Dadi dalan kanggo nggegulang dhiri

Posted by ninkw1dya ( alve Dya Aurelia Latifa) On 0 komentar



Tembung ngenger iku ngandhut teges lan laku dhewe. Nanging, miturut budayawan Jawa, Winarso Kalinggo, ana sawetara panganggep lan panemu nalika negesi tembung ngenger iki.
Ana sing negesi ngenger iku nyuwita, ndherek, magang, nyantrik lan nyantri.

Saka maneka panganggep lan panemu kasebut, miturut Winarso, teges sing bisa mengku werdine ngenger yaiku tembung ndherek.
“Yen nyuwita iku tegese dadi abdi. Ngabdi iki miturutku ana bab kang beda kalawan ngenger sing ditegesi ndherek iku. Yen ngabdi, cetha antarane sing ngabdi lan bendarane ana wates kang cetha. Lan racake abdi iku nampa bayaran saka bendarane lan kudu manut samubarang dhawuh bendarane. Lan bendara dhewe uga wenang dhawuh apa wae marang sing ngabdi,” piterange Winarso.
Dene mligi tumrap laku ngenger, sing miturut Winarso trep dhewe yen ditegesi ndherek, antarane sing ngenger lan sing dingengeri ora ana wates kadidene batur utawa abdi lan bendarane. Malah akeh kanyatan antarane sing ngenger lan sing dingengeri iku drajate padha, kayadene antarane ponakan sing ngenger marang pamane.
Akeh uga kanyatan kulawarga asale sing ngenger lan kulawarga sing dingengeri padha-padha sugihe. Saengga ing laku ngenger iki luwih kenthel werna pendhidhikane. Sing ngenger kanthi sadhar pancen pengin ndherek marang sing dingengeri supaya bisa tambah ilmune, tambah kapinterane lan wusana ing dewasane bisa nggayuh kamulyan.
Sing dingengeri lan kabeh kulawargane uga ora nganggep yen sing ngenger iku minangka batur utawa abdi. Malah racake sing dingengeri nganggep sing ngenger kadidene anake dhewe. Laku mangkene iki uga dumadi nalika sing ngenger iki kanyatane drajat lan pangkate luwih asor tinimbang sing dingengeri. Kaciha sing dingengeri ora ndunungake sing ngenger luwih asor, nanging tetep dianggep kadidene kulawargane dhewe.
“Sing kalebu asil positip saka laku ngenger iki yaiku nalika sing ngenger ngrumangsani banget yen dheweke iku ndherek marang sing dingengeri. Wong ndherek iku ing kabudayan Jawa ya kudu ngurmati banget marang sing dingengeri. Sing ngenger ngerti banget wates-wates sesrawungane kalawan sing dingengeri. Iki sing karan subasita lan tatakrama. Wong sing tau ngenger racake duwe tatakrama lan subasita sing menjila ing bebuden sing luhur,” piterange Winarso.
Ing madyaning bebrayan jaman saiki, tambahe Winarso, tembung ngenger iki ditegesi luwih amba maneh, ora mung wates ndherek kaya andharan ing ndhuwur. Ing Bausastra Djawa, karyane WJS Poerwadarminta, tembung ngenger ditegesi melu marang wong liya dadi batur. Ana maneh sing negesi yen ngenger iku ngabdi marang kulawarga sing kalungguhane luwih dhuwur.
Ing buku Negara & Usaha Bina Negara di Jawa Masa Lampau, karyane Dr Soemarsaid Moertono, ngenger iku padha kalawan nyuwita. Tembung nyuwita dhewe, miturut Soemarsaid, ateges ngabdi marang kulawarga ing karaton utawa malah ngabdi marang ratu pisan. Magang uga kalebu ing laku ngenger.
Miturut Soemarsaid, magang ateges mbiyantu pakaryan ing praja. Suwita iku bacute magang. Magang dadi dalan golek gaweyan lan kalungguhan sakdhuwur-dhuwure. Dene miturut Winarso, sing uga kawengku ing tembung ngenger sing ateges ndherek, yaiku nyantrik lan nyantri.
Laku nyantrik lan nyantri, mligine ing jaman kawuri, miturut Winarso, ancase sakmadya banget yaiku ngudi ilmu. Sing nyantrik lan nyantri kadhangkala asok asil bumi kayadene beras, woh-wohan, janganan, pala kapendhem lan liyane marang pandhita utawa kiai, nanging ora wajib.
Dene pandhita lan kiai wajib nggegulang sing nyantrik lan nyantri murih kapinterane bisa menjila, lan ing tembe mburi bisa luwih pinter. Cantrik lan santri uga dedunung ing omahe pandhita utawa kiai lan wajib mbiyantu samubarang gawene

Categories:

0 Response for the "Dadi dalan kanggo nggegulang dhiri"

Poskan Komentar