• SUGENG RAWUH

    SUGENG RAWUH DUMATHENG SEDHEREK SEDANTEN..

Sastra Jawa ora bakal onya

Posted by ninkw1dya ( alve Dya Aurelia Latifa) On 0 komentar



”Apa bener kasusastran Jawa bakal mati?”
Tembung kuwi kerep dakrungu, nadyan durung pana tenan werdine. Uga nalika aku nekani seminar regional ing Kutha Semarang babagan Kasusatran Jawa ing taun-taun kapungkur. Saka sadhengah paraga ana kang ngendika manawa kasusastran Jawa bakal mati. Nanging uga ana sing mbantah manawa kasusastran Jawa ora bakal mati.


Ukara ing ndhuwur pethikan saka crita cekak (Cerkak) asesirah Dina Kasetyan Kang Ora Onya, karyane Sri Sugiyanto sing kaemot ing antologi crita cekak Kabar Saka Tlatah Cengkar, weton Dewan Kesenian Kabupaten Wonogiri, taun 2006. Ing ukara-ukara kasebut kakandhut gegambaran kaanan sastra Jawa ing wektu-wektu pungkasan iki, sing uga katelah minangka sastra Jawa modhern.
Nalika hamicara ing acara Seminar Sehari Sastra Jawa, sing digelar dening Divisi Sastra Taman Budaya Jawa Tengah (TBJT) Solo utawa Taman Budaya Surakarta lan Sewaka, mapan ing Pendhapa TBJT Solo, sawetara dina kapungkur, sastrawan senior Suparto Brata ngandharake, pitakonan utawa panganggep bab sastra Jawa bakal mati utawa panggah wanteg ing madyaning bebrayan Jawa yektine wus menjila wiwit taun 1970-an.
Ing sawijining patemon para sastrawan Jawa lan pandhemen sastra Jawa sing mapan ing Sasana Mulya Karaton Kasunanan Surakarta, taun 1977, sastrawan Jawa sing kondhang kaloka, Soedarno KD, nelakake yen jagad sastra Jawa ing kaanan sekarat. Setaun sabanjure, ing acara patemon sastrawan Jawa sing mapan ing papan kang padha, sastrawan Arswendo Atmowiloto, nelakake yan acara patemon lan pirembugan para sastrawan Jawa kasebut pindha layatan utawa jiyarah mring jagad sastra Jawa sing wus mati.
”Kasunyatane, sawise 30 taun lumaku nganti wektu iki, jagad sastra Jawa isih urip. Sastrawane sing nggilut jagad geguritan, crita cekak utawa Cerkak, novel abasa Jawa, esai sastra Jawa isih akeh. Karya-karya sastra abasa Jawa akeh sing kapacak ing medhia massa abasa Jawa utawa medhia massa umum sing nyumadhiyakake kaca mirunggan kanggo mbabar karya-karya sastra Jawa. Novel-novel abasa Jawa uga isih pijer ana sing di-terbit-ake. Dudutane, nganti saiki sastra Jawa durung mati, isih panggah ngrembaka,” pratelane Suparto.
Sastra Jawa pancen wanteg, amarga tetep bisa ngrembaka ing madyaning bebrayan Jawa, kacihna wewengkon ngrembakane pancen winates banget.Ananging, miturut Suparto, bab iki saya mbuktekake yen sastra Jawa pancen wanteg tenan. Ing kaanan warga bebrayan Jawa akeh sing kelangan Jawane, kepara ora sathithik sing isin yen kanggonan jati dhiri kejawen, pranyata isih akeh kanoman sing nggilut jagad Sastra Jawa.
Beda isine
Dene para sastrawan Jawa sing kapetung senior nganti wanci iki panggah isih produktif ngasilake karya-karya sastra. Ana pangarep-arep lan rasa optimistis yen sastra Jawa ora bakal onya ing madyaning bebrayan Jawa.
Miturut saperangan satrawan Jawa sing tumeka ing acara kasebut, kayadane Parno Parpal Poerwanto saka Wonogiri, Triman Laksana saka Magelang lan Irul S Budiyanto saka Boyolali, sastra Jawa pancen ora mati. Hamung wujud lan isine sing beda jumbuh kalawan owah-owahan lan wolak-waliking jaman.
Ciri mligi sastra Jawa modhern yaiku nggunakake aksara Latin, basa narasinya cakrik basa Jawa ngoko lan cakepan utawa wujude gancaran. Gancaran ateges ora kawengku ing wewaton guru lagu, guru gatra lan guru wilangan. Yektine sastra Jawa modhern iki wus tuwuh lan ngrembaka wiwit taun 1930-an lan wus ngasilake maewu-ewu karya sastra sarta atusan sastrawan Jawa modhern engga saiki.
Ananging tuwuh lan ngrembakane sastra Jawa modhern iki saiki bisa dikandhakake ing tembung kunthing. Bab iki amarga papan ngrembakane hamung awujud medhia massa abasa Jawa sing uripe uga kadidene wegah mati nanging ya ora kuwawa urip kanthi apik. Tundhone kaskayane jagad sastra Jawa modhern asipat kadidene keluk kang tumiyup angin. Sawise kaemot ing medhia massa, banjur dilalekake.
Mangkono uga sawenehing lomba karya sastra Jawa sing digelar, yen lombane wus rampung lan sing mimpang wus dibiwarakake lan nampa bebungah, asil karya sastrane uga banjur dilalekake. Miturut para sawetara sastrawan Jawa sing kapetung kanoman kasebut, sasuwene iki balungane sastra Jawa modhern pancan medhia massa abasa Jawa, lomba-lomba karya sastra abasa Jawa lan babaran buku karya sastra Jawa.

Categories:

0 Response for the "Sastra Jawa ora bakal onya"

Posting Komentar