• SUGENG RAWUH

    SUGENG RAWUH DUMATHENG SEDHEREK SEDANTEN..

Jati dhiri sing ngreridhu

Posted by ninkw1dya ( alve Dya Aurelia Latifa) On 0 komentar


Miturut lapurane Indeks Pembangunan Manusia (Human Development Index/HDI) Program Pembangunan Manusia Perserikatan Bangsa-Bangsa (UNDP), ndalem taun 2007/2008 Indonesia dumunung ing nomer 107 saka 177 nagara.
Bijine Indonesia ing bab mbangun manungsa, ya wargane, isih ing sangisore nagara Sri Lanka sing dumunung ing nomer 99 lan Filipina sing dumunung ing nomer 90. Kanyatan iki pancen nuwuhake pitakonan yagene bisa mangkono kuwi, kamangka jaman isih berjuwang nggayuh kamardikan, Indonesia menjila dadi keblate nagara-nagara liya sing padha-padha nagara berkembang. Sawise 63 taun mardika kok ora tambah apik, kepara tambah ala.
Ngrembug kanyatan HDI-ne Indonesia sing wus 63 taun mardika, nanging isih kapetung durung apik, mung kalebu ing kelas tengah-tengahan, bisa mbaleni kedadeyan ing tanggal 6 April 1977. Nalika iku budayawan Mochtar Lubis mbabar sesorah bab jati dhirine bangsa Indonesia. Sesorah sing banjur kaimpun ing buku Manusia Indonesia (Sebuah Pertanggungjawaban) iku ngemot sawetara bab kang bisa nuwuhake dudutan yen yektine ya sikep lan watake bangsa Indonesia dhewe sing ndadekake isih mratahe bab-bab ora becik ing madyaning bebrayan agung bangsa iki.
Miturut Mochtar Lubis, ana sawetara watak lan sikep asipat negatip sing dadi jati dhirine warga bangsa iki. Antarane, lamis utawa sumuci-suci. Sikep lamis iki sing njurung tumindak korupsi ora sansaya kurang, kepara malah sansaya ngrembaka. Sikep lamis uga menjila ing bab upaya njejegake kukum.
Maling pitik yen kacekel ukumane mesthi sakabot-abote, kamangka anggone nyolong pitik iku pancen amarga kepeksa temen-temen, kudu nyumadhiyakake ragad anake sing mlebu sekolah. Nanging yen ana koruptor sing mangan dhuwite rakyat nganti milyaran rupiah kadenangan, ukumane ora tau sakabot-abote kayadene sing wus ditemtokake ing kitab baboning kukum. Kepara ora sithik sing wusana malah uwal saka paukuman. Lan yen ta diukum ing pakunjaran, papan lan isi pakunjarane sarwa enak lan kepenak.
Ing madyaning bebrayan bangsa Indonesia uga ngrembaka sikep wegah tanggung jawab marang apa sing wus dilakoni, diputusake, dipikirake, ditindakake lan sapiturute. Tetembungan “dudu aku kok” mujudake ukara sing nganti saiki isih gampang keprungu. Pemimpin akeh sing masrahake tanggung jawab tumindak klerune marang andhahane.
Lan sawise 63 taun mardika iki, arang banget, kepara malah ora ana, sawijining pemimpin wani ndhadha, wani ngadeg ing ngarepan, lan wani mikul sanggan abot amarga kleru anggone netepake lan ngetrapake putusan, tumindak lan kawicaksanan. Racake malah padha endha, nyalahake andhahane, utawa yen wus kejepit milih api-api ora ngerti utawa kelalen.
Suwalike, yen ana sawijining asil tumindak kang kabiji apik lan gedhe mupangate, banjur padha rebut dhucung ngaku-aku yen kabeh kuwi mau asil karyane. Sawajining pemimpin sing yektine ora bisa makarya, dadine pemimpin amarga D2 (dhuwit lan dhekeng), ora isin ndhaku asil karya andhahane. Lan sansaya ora duwe isin nalika mesam-mesem nampa pisungsung kartika utawa bintang penghargaan.
Kamardikan, miturut Mochtar Lubis, yektine kanggo ngluwari bangsa Indonesia saka sikep lan budaya feodalisme. Kasunyatane, sikep mangkono kuwi tetep wae mratah lan ngrembaka. Malah miturut GKR Wandansari, saiki luwih akeh wong ing sanjabane karaton sing sikepe luwih feodal tinimbang priyayi-priyayi karaton sing biyen dicap dadi sumbering feodalisme.
Salah sijine sikep feodalisme sing isih ngrembaka iki bisa kadulu saka rebut dhucunge wong kanggo rebutan kursi panguwasa. Lan yen wus ngregem panguwasa banjur lali marang rakyat sing biyen milih, nyengkuyung lan melu berjuang kanggo ngrebut panguwasa iku.
Watak lan sikep negatip liyane, ringkih atine, ora kuwat ngadhepi godha rencana mligine sing wujud dhuwit, raja brana. Uga sikep keset, wegah nyambut gawe temen-temen. Lan sansaya menjila nalika sikep iki dipepaki sikep mubra-mubru utawa boros lan seneng royal. Lan isih ana sawetara sikep negatip liyane sing miturut Mochtar Lubis bakal tansah ngreridhu upaya mbangun manungsa Indonesia


Categories:

0 Response for the "Jati dhiri sing ngreridhu"

Posting Komentar