• SUGENG RAWUH

    SUGENG RAWUH DUMATHENG SEDHEREK SEDANTEN..

Bisnis kang nJawani

Posted by ninkw1dya ( alve Dya Aurelia Latifa) On 0 komentar



Wong Jawa dedagangan kuwi kudu sabar. Amarga mesthi akeh sing utang.
Mangkono pratelane sawetara kanca nalika ngrembug bab budaya Jawa lan bisnis. Yagene kudu sabar? Kanggo mangsuli pitakon iki bisa didudut saka gegambaran ing andharan iki.
Nganti saiki isih mratah anane warung cilik-cilik ing maneka papan, wiwit ing tlatah kutha gedhe nganti tlatah karang pradesan. Prasasat warung-warung cilik iku ora ngrewes marang ngrembakane mal, pasar modheren, hypermarket lan liyane.
Yen wong Jawa madeg warung, apamaneh mapan ing tlatah karang pradesan, saorane tlatah pinggiran, kudu nengenake pasrawungane. Lire, mesthi bakal akeh tepungan utawa tangga teparo sing tuku nanging mbayare keri, utawa utang dhisik. Lan rata-rata yen utang ing warung cilik lan sing duwe wus tepung apik, ora nganggo prajanjen apa-apa. Mbayare ya yen gelem, yen wus duwe dhuwit turah utawa malah yen isih kelingan.
Dene sing madeg warung dhewe uga ora tau ngoyak-oyak sing utang supaya enggal nyaur. Malah yen liya dina teka lan utang maneh, ya tetep diladeni kanthi ulat sing semanak. Yen utange wus numpuk-numpuk, sing duwe warung racake mung nggresula ing njero ati, ora dilairake. Cekelane, tuna sathak bathi sanak.
Kahanan kaya ngene iki, miturut sawetara kanca kang rata-rata wus setaun utawa rong taun mbangun bisnis, ana sing bebakulan cilik-cilikan, ana sing dadi distributor barang lan bisnis liyane, nuduhake yen budaya Jawa, salah sijine budaya srawung iku, ora njurung marang ngrembakane bisnis. Kepriye warunge sing cilik iku bisa ngrembaka yen saben dina ana wong sing utang lan nyaure kapan, ora genah. Dene yen arep nagih utange kuwi, sing menjila mung rasa pekewuh, ora kepenak. Apa ya pancen mangkono kuwi? Ing tebane kang luwih amba, apa pancen budaya Jawa ora bisa ditrepake ing jagad bisnis?
Yen maca maneka teori manajemen bisnis kang ngrembaka lan mratah ing wektu-wektu pungkasan iki, yektine ana lawe abang kang nggandhekange, yaiku wiwit ninggalake teori manajenem bisnis kang mung nengenake bab rasional lan wiwit ngugemi kanthi kenceng teori kang luwih nengenake bab emosional, lan ningkat maneh kanthi kuwih ngugemi teori kang nengenake bab spiritual.
Bab iki bisa didulu saka maneka rupa buku teori manajemen bisnis kang ngrembaka wektu-wektu pungkasan iki. Tuladhane kaya ESQ (Ary Ginanjar), Gods My CEO (Larry S Julian), lan Seven Habits (Stephen Covey). Terus apa gandheng cenenge karo budaya Jawa ing jagad bisnis?
Budaya Jawa mligine kang ginelar ing sujarah, babad lan unen-unen yekti wus nyumadiyakake maneka piwulang, tapsiran, pitutur lan paugeran kang luwih nengenake bab emosional, munggahe spiritual. Bab iki nyata yen ora cengkah karo teori manajemen bisnis kang ngrembaka wektu-wektu pungkasan iki.
Kayadene unen-unen tuna sathak bathi sanak, menang tanpa ngasorake, alon-alon waton kelakon lan liyane kang yektine uga dikenal lan mratah ing ”jagad bisnis wong Jawa”, jan-jane uga ngandhut tapsiran kang padha karo maneka rupa teori manajemen bisnis modheren kang nengenake efisiensi, networking, win-win solution, pelayanan lan liyane.
Menang tanpa ngasorake cetha wujud saka win-win solution, tuna sathak bathi sanak ngandhut tapsiran bab networking. Sing dibutuhake mung ndhudhah kaskayane kabudayan Jawa iku murih tapsiran kang diugemi bisa jumbuh kalawan owah-owahan jaman, mligine ing jagad bisnis kang tansah dinamis. Dene tapsiran kang cengkah kalawan kanyatan lan kabutuhan nyata jaman saiki, ora ana alane yen ditinggalake, utawa diowahi.

Categories:

0 Response for the "Bisnis kang nJawani"

Posting Komentar