A 01. Adhang-adhang tètèsé êmbún. Njagakaké barang mung sak olèh olèhé. 02. Adigang, adigúng, adigunå Ngêndêlaké kakuwatané, kaluhurané lan kapintêrané 03. Aji gódhóng garíng. Wis ora ånå ajiné/asór banget 04. Ånå catúr mungkúr. Ora gelem ngrungókaké rêrasan kang ora bêcík 05. Ånå daulaté ora ånå bêgjané. Arep nêmu kabêgjan, ning ora sidå. 06. Ånå gulå ånå sêmut. Panggonan síng akèh rêjêkiné, mêsti akèh sing nêkani. 07. Anak polah båpå kêpradah. Tingkah polahé anak dadi tanggungané wóng tuwå. 08. Anggênthóng umós. Wóng kang ora biså nyimpen wêwadi. 09. Angón mångså. Golèk waktu kang prayogó kanggo tumindak. 10. Angón ulat ngumbar tangan. Ngulataké kaanan yèn limpé banjur dicólóng. 11. Arêp jamuré êmoh watangé. Gêlêm kêpenaké ora gêlêm rêkasané. 12. Asu rêbutan balúng. Rebutan barang kang sêpélé. 13. Asu bêlang kalúng wang. Wóng asór nangíng sugíh. 14. Asu gêdhé mênang kêrahé. Wóng kang dhuwúr pangkaté, mêsthi baé luwih gêdhé panguwasané 15. Asu marani gebúk. Njarag marani bêbaya. 16. Ati béngkong olèh óncóng. Wóng duwé niyat ålå oléh dalan. |
B 01. Bålådéwå ilang gapité. Ilang kakuwatané/kaluhurané. 02. Banyu pinêrang ora bakal pêdhót. Pasulayané sêdulur ora bakal medhótake pasêdulurane. 03. Bathang lêlaku. Lunga ijèn ngambah panggonan kang mbêbayani. 04. Blåbå wudå. Saking lomane nganti awake dhéwé ora kêduman. 05. Bèbèk mungsuh mliwís. Wóng pintêr mungsuh pådhå wóng pintêr. 06. Bêcík kêtitík ålå kêtårå. Bêcik lan ålå bakal kêtårå ing têmbé mburiné. 07. Bêlo mèlu sêton. Manút grubyúk ora ngêrti karêpé. 08. Bêras wutah arang bali mênyang takêré. Barang kang wís owah ora bakal bali kaya mauné. 09. mBidhúng api rowang. Ethók-éthók nulúng nangíng sêjatiné arêp ngrusuhi. 10. Blilu tau pintêr durúng nglakoni. Wóng bodho nanging sêríng nglakóni, luwih pintêr karo wóng pintêr nanging durung tau nglakóni. 11. Bubuk olèh lèng. Wóng duwé niyat ålå olèh dalan. 12. Búng príng petúng. Bocah kang lónggór (gêlis gêdhé). 13. Buntêl kadút, ora kinang ora udút. Wóng nyambút gawe bóróngan ora olèh mangan lan udut / rokok. 14. mBuru ucêng kélangan dhêlêg. Mburu barang sêpélé malah kélangan barang kang luwíh gêdhé. 15. Busúk kêtêkúk, pintêr kêblingêr. Síng bodho lan síng pintêr pådhå nêmu cilåkå. |
D 01. Dadiyå banyu emóh nyawuk, dadiyå gódhóng emóh nyuwèk, dadiyå sukêt emóh nyênggút. Wis ora gêlêm nyanak / såpa arúh. 02. Dahwèn ati opèn. Nacad nangíng mbênêrake wong liya. 03. Dhandhang diunèkaké kuntúl, kuntúl diunèkaké dhandhang. Ålå diunèkaké bêcí, bêcík diunèkake ålå. 04. Déså måwå cårå, negårå måwå tåtå. Saben panggonan duwé cårå utåwå adat dhéwé dhéwé. 05. Dhêmit ora ndulít, sétan ora doyan. Tansah diparingi slamêt ora ånå kang ngrusuhi. 06. Digarókake dilukókake. Dikóngkón nyambút gawe abót. 07. Didhadhungå medhót, dipalangånå mlumpat. Wóng kang kêncêng karêpé, ora kênå dipênggah manèh. 08. Diwènèhi ati ngrógóh rêmpêla. Wis diwènèhi sêthithík, malah njaluk kang akèh. 09. Dóm sumurup ing banyu. Laku sêsidhêman kanggo mêruhi wêwadi. 10. Dudu sanak dudu kadang, yèn mati mèlu kélangan. Sênajan wóng liya nèk nêmoni rêkasa bakal dibélani. 11. Dukå yayah sanipi, jåjå bang mawingå wingå. Wóng kang nêsu banget. 12. Dudutan lan anculan. Pådhå kêthikan, síng siji éthok-éthok ora ngêrti. 13. Durúng ilang pupak lêmpuyangé. Wóng kang dianggêp bocah cilík durung ngêrti åpå-åpå. 14. Durúng pêcus kêsêlak bêsús. Durúng sêmbada nanging kêpingín síng ora-ora. |
0 Response for the "Paribasan A - D"
Posting Komentar