• SUGENG RAWUH

    SUGENG RAWUH DUMATHENG SEDHEREK SEDANTEN..

SINDHEN

Posted by ninkw1dya ( alve Dya Aurelia Latifa) On 0 komentar


MANGKELING mangkel, ora kaya wong lagi pegel. Gelaning gela, ora kaya diblenjani tresna. Ora perduli bagus apa elek, ora perduli pinter apa bodho, Kabeh sami mawon. Jas bukak iket blangkon, sama jugak sami mawon. Mengkono uga Anjasmara. Mripate kelop-kelop, nyawang eternit sing ana ndhuwure peturone. Jane arep nyawang usuk, ning kaling-kalingan eternit. Dadi sing disawang mung eternit. Kang gambarane endah edi, kaya ukir-ukiran. Dhek wingi yen disawang katon edi peni, ning saiki kok ora. Dhek emben sawangane nggemesake ati, ning saiki kok mboseni. Anjasmara melek ora turu nanging atine bingung uleng-ulengan. Kepiye anggone ora, nduwe pacar siji wae nglungani ati.

"Njas Anjas, aja ndongang-ndongong kaya sapi ompong. Kae kanca-kanca wis padha nglumpuk. Tangiya, aja ngglethak ana dhipan wae," swarane Sumani keprungu saka walike lawang kamar.

"Sapa....?" pitakone Anjas sakena-ne.
"Kae pacarmu barang wis dha ngenteni ana ndhapa," Sumani nerangake.

Krungu wangsulane Sumani ngono mau, Anjasmara gregah tangi. Pacare teka, edan ane. Perlu diaturake ing kene sing jenenge Anjasmara kuwi dudu Anjasmara ari mami jaman Menakjingga lan Damarwulan. Yen jaman Menakjingga, Anjasmara kuwi ayu kinyis-kinyis, eseme pait madu. Ning yen Anjasmara jaman komputer iki eseme ya nggregetake, ning yen sing nyawang kuwi wanita. Mula ora maido sakploke dheweke nggabung Orkes Campursari "Nyidham Sari" akeh wanita sing kapiluyu nyawang tukang ngendhang siji iki. Tujune dheweke wis dikondhangake pacaran karo penyanyine, sing jenenge Wulandari. Mula akeh wanita penontone campursari sing padha ngeses. Bejamu Lan, Wulan. Duwe pacar wae kok dhe-gus, gedhe tur bagus. Ya wis begjane Wulandari, nduwe hyang wae baguse setengah mati tur dhasare tunggal sak kuliahan, ing Sekolah Tinggi Seni Indonesia ing kutha Sala. Ya ora maido, sing jenenge Wulandari kuwi ayune tumpuk undhung. Baut njoged, pinter nyanyi campursari. Ya ora maido yen Anjasmara gandrung lan gandheng karo Wulandari. Tumbu entuk tutup. Sing lanang bagus, sing putri ayu. Sing lanang tukang ngendhang sing putri baut nembang.

Mula bareng Sumani mbengoki, Anjasmara tangi gregah, nguceg-uceg mripate, banjur mudhun saka peturon. Nyedhaki Sumani karo takon bisik-bisik, "Wulandari melu mapag mrene?"

Sumani mangsuli alon: "Mrene congormu kuwi. Wulandari ya neng desa Purwantara kana, karo bojone. Apa gunane ngenteni kowe, jaka tukang ngendhang, entuke job mung kala-kala. Luwih becik karo bojone sing anggota DPR. Blanjane tetep. Ora kaya kowe Njas, panji klathung, blanjane wae durung, yen turu njingkrung."

"Lha kok kowe kandha pacarku mrene?" celathune Anjasmoro karo mrengut.

"Lha pacarmu kuwi pira?" Sumani njegeges. "Kae....Nanik ya teka. Jare pacarmu serep?"

"Edan kowe," tembunge Anjasmara karo njotos lengene Sumani.

"Nik....Nanik, iki lho Anjas lagi tangi. Gereten metu." Sumani mbengok

"Mas piye, kendharaane wis siap?" pitakone Nanik karo marani kamare Anjasmara.

"Wis beres," wansulane Anjasmara alon.

"Beres beres, paling sing golek kendharaan ya aku," Sumani melu nyaut senajan ora ditakoni.

"Ngono-ngono rak uga kanggo kepentingan kanca dhewe ta mas?" celathune Nanik karo tumuju kamare Anjas.
"He, aja mlebu kamar dhisik, bocahe isih arep kathokan," pembengoke Sumani.
"Diangkrik, kana padha metuwa nyang kendaraan wae, tak dandan dhisik," celathune Anjasmara karo mlebu kamar maneh. Kanca-kancane padha munggah kendharaan. Tujuwane arep tanggapan menyang Purwantara, dhaerah kang mapan ana sawetane Wonogiri.

"Bangku sandhinge Nanik aja dienggoni lo, sudah dipesan. Mau dipakai Anjas," Sumani mbengok karo ngguyu. Liyanene melu ngguyu. Nanik mung mesem manis. Anjasmara ora isan-isin trus lungguh sandhinge Nanik.

"Kanca-kanca, minangka kancane Nanik aku matur nuwun dene dhek wingi wis padha rawuh ngestreni slametan neng Nanik," swarane Sumani ing sela-selane swara mesin kendharaan.

Nanik mencep, liyane ngguyu nyekakak, merga ngerti yen Sumani tukang gojeg. Anjas nyikut Nanik karo celathu,

"Ora sah digagas, ben muni sak unine cangkeme."
"Lha dhek emben kuwi Nanik rak syukuran, merga Anjas karo Wulan wis putus. Lha calone Anjas rak kembali ke Nanik," Sumani isih nrocos karo ngguyu.

Liyane padha ngguyu ger-geran. Jan jane Nanik kuwi ora nganakake syukuran. Kuwi mung guyone Sumani wae.

Sakdalan-dalan kanca-kanca Campursari padha cekakakan. Mung Anjas sing kelangan guyu. Dheweke mung mesam-mesem cilik nadyan semu kepeksa.

"Nik...mengko aja nyanyi "Wuyung" Utawa "Weke Sapa", ndhak Anjas ora bisa ngendhang," tembunge Sumani karo isih mbebeda.

Anjas nyikut bangkekane Nanik karo kandha lirih, "Ora sah kok tanggapi. Mengko yen kesel rak meneng dhewe cangkeme kuwi."
Lagi mingkem lambene Anjas, hand phone sing ana kanthongane muni. Nanik sing ngandhani. "Tilpun mas."

Anjasmara meneng wae terus ngrogoh sak-e, HP ditempelake kupinge. Nanik meneng tanggap sasmita.

"Halo, okey boss, bener aku tiga-tiga," Anjas mangsuli liwat HP ne.

"Anu....piye boss? Iki aku ana perjalanan. Nyang Purwantara dhaerah Wonogiri. Bener, aku bareng-bareng njagong nyang omahe Wulandari." Meneng sedhela sajaKe ngrungokake sing nilpun. Let sedhela wis sumaur: "Iki aku jejer dhik Nanik. Iya...tidak ada rahasia. Lha terus leh nangkep kapan? Yen cathetanku wis komplit boss, taksimpen ana disket, taktengeri RHS. Iya, isih ana kantor. Wis ya bengi iki mengko bubar main Campursari aku bali, tak njujug omahmu boss." HP dipateni terus dikanthongi.

Sumani sing lungguhe ora adoh mbengok, "Edan Njas, lunga nyang Purwantara, sambene ndhempel pacare, isih ketambahan ditilpun boss-e. Mesthi entuk job sing penting".
Anjas meneng wae karo mesem. Nanik sing nrenjel takon: "Ana apata mas, boss-e?"
"Biasa, kabar gaweyan. Aku dikon bali, penting," jawabe Anjasmara.
"Lha kok isih semaya?" pitakone Nanik.
"Wis kadhung jejer cah ayu kok dipisahke. Ya emoh ta?" wangsulane Anjas
nggodha. Sing digodha njiwit lengene Anjas. Jane ya lara, ning wong sing njiwit bocah ayu ya nggleges wae.

"Tutugna leh jiwit-jiwitan," pambengoke Sumani. "Kancane uyel-uyelan kaya ngene, kono mat-matan sakepenake dhewe," Krungu celathune Sumani mau kabeh dha ngguyu mak gerr, nanging Anjas karo Nanik meneng wae. Nanik nutupi pipine sing abang merga isin, Anjas isih gawang-gawang swarane boss-e mau. Kabar seneng nanging uga gela. Seneng merga boss-e ngabari, yen Rudy Pancadnyana, anggota DPR calone Wulandari, saiki wis ditangkep polisi, jalaran nylewengake dhuwit APBN. Sing mbongkar pokale Rudy kuwi klebu Anjasmara sing uga wartawan ing kutha Sala. Malah laporan penting ana disket-e Anjas ing kantor. Mula yen dina iki mengko boss-e nemokake diskete, ora wurunga Rudy ora bisa endha maneh. Durung yen ketambahan interogasine polisi.

Sing dibingungake Anjasmara, nasibe sing repot. Yen Rudy ditangkep polisi, mangka bengi iki uga dheweke kudu menyang Purwantara nglamar Wulandari, wis mesthi gagal, ora sida. Sing untung Anjas. Nanging kabeh wong padha mangerti menawa ditangkepe Rudy, merga laporan ing korane Anjas. Pikire wong-wong mesthi iki trekahe Anjas anggone berjuang ngrebut Wulandari. Paling ora, wong sak Orkes "Nyidham Sari" padha mangerti persaingan Anjas karo Rudy rebutan sindhen Campursari. Durung pikiran liya. Yen dheweke balen karo Wulandari, lha njur Nanik piye? Loro-lorone sindhen Campursari. Ayune padha, padha dene leh uleng-ulengan. Anjas ngeses-ngeses karo gedrug-gedrug.

"Ana apa ta mas?" pitakone Nanik alon, karo mesem.

Anjas mung mengo karo nggleges:"Pipimu kuwi lho, yen mesem dhekik nggregetne," celathune sakecekele wae timbang ora mangsuli.

"Ah.... mas Anjas," Nanik mbales karo njiwit lengen. Sing dijiwit isih bingung.*

Categories:

0 Response for the "SINDHEN"

Posting Komentar