• SUGENG RAWUH

    SUGENG RAWUH DUMATHENG SEDHEREK SEDANTEN..

Ngripta Cerkak

Posted by ninkw1dya ( alve Dya Aurelia Latifa) On 0 komentar

1. Cerkak kalebu sastra naratif, fiktif, duwe paraga (tokoh), watak, prastawa/kedadean lan maneka unsur kaya dene stereotip sastra naratif liyane ; intrinsik, ekstrinsik
*Cerkak sastra
*Cerkak popular

2. Dumadine cerkak iku pindha the raw and the cook
*“sing mentah” : kasunyatan (realitas), pangangen2, pangangkah (visi dalam kerangka)
*“sing mateng” : tulisan kanthi panyaruwe tan leren

3. Dhorongan/bahan mentahe cerkak
*kasunyatan (realitas), utawa apa2 kang ngepop diarani “bacute kasunyatan” (posrealitas)
*bab2 sing nuwuhake ‘greng’/'greget’ (stimulan), utawa pelatuk (basane Budi Darma)
*ngangen-angen (Imajinasiasi)

4. Modhal kang kudu diduweni kanggo nulis cerkak:
*akeh maca (buku, karya sastra/cerkak, informasi, alam, pengalaman, crita2, wacana, dhiskusi, iptek, lsp)
*den ajembar, den momot (keep our mind widely open to new idea and evidence)

5. Bab2 kang prelu dipertimbangake yen nulis cerkak, paling ora:
*mertimbangake pamaos
*kunci pambuka (ruh) cerkak dumunung ing wiwitan
*swasana kang : rinci, urip
*efektivitas : ukara, tembung
*lumakune paraga (tokoh) utawa sawijining ‘wewatekan’
*bumbu-bumbune : panggalihan2 tambahan kang sipate seger, humor, seks, lsp
*wosing/fokus cerkak : konflik minangka ejawantahan ‘idheologi gedhe’, ‘idheologi cilik kang tinemu ing prakara padinan/gampang’, ironi, kritik, lsp
*suspen, mbokmenawa bisa babagan alur, panutup (ending), lsp
*menehi irah2an kang ngemu surasa ‘trep’ klawan unsur2 cerkak
*Penyuntingan kang tan leren
6. pangangkahe (visi) cerkak rinipta:
ndhudhuk, nemokke, ng-rekonstruksi, utawa ngowahi sawijining tata budaya, idheologi, falsafah, wacana, lsp

7. gayane/style penulis:
*ngenut kasunyatan (realis)
*surealis
*micarakake “bab2 kang jero” secara langsung
*micarakake “bab2 kang jero” kanthi crita kang entheng, lucu, ironis, kontraproduktif, lsp

8. proses kreatif penulis:
*sumber/rujukan/antologi/jinis tulisan liya utawa liyan
*kamus, thesaurus
*internet
*buku/kitab/naskah
*wong/menungsa/guru/kanca
*pangalaman
*tema, riset, tulisan




Categories:

0 Response for the "Ngripta Cerkak"

Posting Komentar