• SUGENG RAWUH

    SUGENG RAWUH DUMATHENG SEDHEREK SEDANTEN..

MACAM MACAM BAHASA/RAGAM BAHASA

Posted by ninkw1dya ( alve Dya Aurelia Latifa) On 0 komentar

BASA

Basa

Basa iku sawijining sistém simbul-simbul lan paugerané kanggo nggunakaké sistém iki. Basa uga bisa ngrujuk ing panggunan sistém kaya mengkéné utawa panyinaonané minangka sawijining fénoména.

1 Kelompok Basa

1.1 Basa-basa dhaerah ing Indonesia

1.2 Basa-basa ing dunya

1. Kelompok Basa

1.1 Basa-basa dhaerah ing Indonesia

* Basa Jawa

* Basa Melayu

* Basa Madura

* Basa Sundha

* Basa Bali

* Basa Sasak

1.2 Basa-basa ing dunya

* Basa Inggris

* Basa Arab

* Basa Jerman

* Basa Pali

* Basa Sansekreta.

1. Basa-basa daerah ing Indonesia

Basa Jawa

Dipituturaké ing: Jawa (Indonesia), Suriname, Kaledonia Anyar, Cacah Panutur: 80 yuta.

Basa Jawa iku kagolong basa Austronesia, ya kuwi basa-basa sing dienggo sawarna-warnane bangsa pribumi ing kapuloan sakidul-wetaning banawa Asia. Basa Jawa kasebar wiwit pucuk kulon pulo Jawa, Banten nganti pucuk wétan Banyuwangi déning kurang luwih 80 yuta panutur ibu. Saliyané iku, basa iku kasebar ing Indonesia saka Sumatra nganti Papua, Timor Wétan, Malaysia, Singapura, Taiwan, Hong Kong, Walanda, Suriname, Curaçao lan ing Kaledonia Anyar.

Basa Jawa ya dadi salah siji panyumbang paling gedhé kanggo panuwuhané basa Indonesia. Sanadyan dudu basa resmi ing pamaréntahan, basa Jawa iku nduwé pangaruh tinimbang basa-basa daérah liyané kayata ing kosakata, lan istilah-istilah sing kadhangkala nganggo istilah Jawa.Basa Jawa iku bagéyan saka sub-cabang Sundik saka rumpun basa Melayu-Polinesia Kulon saka pang basa Melayu-Polinesia sing gilirané anggota basa Austronesia. Basa Jawa isih sedulur cedhak basa Melayu, basa Sundha, basa Madura, basa Bali, lan uga basa-basa ing pulo Sumatra serta Kalimantan.

Basa Jawa dipituturaké ing Jawa Tengah, Jawa Wétan lan uga pesisir lor Jawa Kulon. Banjur ing Madura, Bali, Lombok lan Tatar Sundha ing Jawa Kulon, basa Jawa uga ditrapaké dadi basa sastra. Basa Jawa uga basa dalem ing keraton Palembang, Sumatra Kidul sadurungé keraton iki dibedhah wong Walanda ing wusananing abad kaping-18. Basa Jawa bisa kaanggep salah sijining basa klasik ing donya, basa iki nduwé sajarah kasustran sing wis lawas banget. Lawasé luwih saka 12 abad. Para pakar basa Jawa mérang sajarah basa Jawa ing patang tahap:

* Basa Jawa Kuna saka abad kaping-9

* Basa Jawa Tengahan saka abad kaping-13

* Basa Jawa Anyaran saka abad kaping-16

* Basa Jawa Modhèrn saka abad kaping-20 (pratélan iki ora dienggo mawa umum)

Basa Jawa iku ditulis mawa aksara Jawa, (salah sijining keturunan aksara Brahmi saka India), aksara Jawa-Arab (pegon) lan aksara Latin. Sanadyan dudu basa resmi ing ngendi waé, basa Jawa iku basa Austronesia sing akèh dhéwé cacahé panutur ibuné. Basa iki dipituturaké lan dimangertèni kurang luwih déning 80 yuta jiwa wong. Kurang luwih 45% pedunung negara Indonesia keturunan Jawa utawa manggon ing Tanah Jawa. Enam saka limang presidhèn Indonesia wiwit taun 1945 iku keturunan Jawa (sajatiné kabèh keturunan Jawa, B.J. Habibie uga ngaku yèn ibuné priyayi Jawa). Dadi ora gumunaké yèn basa Jawa mènèhi pangaruh akèh ing perkembangané basa Indonesia.

Basa Jawa Modhèrn bisa dipérang dadi telung dhialèk: dhialek Jawa Kulon, dhialek Jawa Tengah, lan dhialek Jawa Wétan. Ing pulo Jawa ana apa sing diarani dialect continuum ('kasinambungan dhialèk') saka Banten ing ujung kulon tekan Banyuwangi, ing pucuk wétan. Kabèh dhialèk basa Jawa kurang luwih bisa dingertèni para panuturé (basa Inggris mutually intelligible).

· Dhialèk-dhialèk basa Jawa

Basa Jawa iku akeh banget cara pituturane. Ana dialek sosial sing dibagi miturut hirarkhi saka kasar tekan alus dadi :

* ngoko

* madya

* krama

ana basa sing mligi digunakake kanggo keperluan resmi karaton

* bagongan (dianggo neng kraton ngayogyakarta adiningrat)

* kedhaton (dianggo neng kraton surakarta adiningrat)

* basa walikan (basa jawa prokem)

Miturut Poerwadarminta dhialèk-dhialèk kuwi ing bukuné Sarining Paramasastra Djawa (1953:2):

1. Dhialèk Banten

2. Dhialèk Cirebon

3. Dhialèk Banyumas lan Tegal

4. Dhialèk Bagelèn

5. Dhialèk Ngayogyakarta lan Kedhu

6. Dhialèk Surakarta, Madiyun lan Semarang

7. Dhialèk Rembang

8. Dhialèk Pasisir lor wétan (Tuban, Gresik, Surabaya)

9. Dhialèk Malang-Pasuruhan

10. Dhialèk Banyuwangi

Pamérangan Uhlenbeck.

Dhialek-dhialek kuwi miturut ahli basa Walanda E.M. Uhlenbeck ing bukuné A Critical Survey of Studies on the Languages of Java and Madura (1964), dikelompokaké dadi 3 (telung) rumpun yaiku :

* Rumpun basa Jawa kulon :

o Dhialek Banten (utawa Jawa Serang)

o Dhialek Cerbon (Indramayu-Cirebon)

o Dhialek Tegal (Brebes nganti Pemalang)

o Dhialek Banyumasan (Purwokerto, Cilacap lan Banyumas)

Kelompok rumpun basa Jawa Tengah disebut basa Jawa ngapak ngapak utawa basa penginyongan.

* Rumpun basa Jawa Tengah :

o Dhialek Pacitan

o Dhialek Pekalongan

o Dhialek Semarangan

o Dhialek Kedhu

o Dhialek Surakarta

o Dhialek Yogyakarta

o Dhialek Madiun

o Dhialek Blora

Kelompok rumpun basa Jawa wetanan disebut basa Jawa baku.

* Rumpun basa Jawa wetanan :

o Dhialek Tuban-Bojonegoro

o Dhialek Surabayaan

o Dialek Malangan

o Dhialek Lumajang

o Dialek Tengger

o Basa Osing Banyuwangen

Kelompok ing nduwur kae biasane disebut basa Jawa timuran.

Pamérangan Wurm lan Hattori

Pamérangan Wurm lan Hattori (1983)

Pamérangan Wurm lan Hattori (1983)

Wurm lan Hattori (1983:39) mérang dhialèk-dhialèk basa Jawa ing pulo Jawa dadi 7 bagiyan:

1. Dhialèk Banten

2. Dhialèk Lor-Kulonan

3. Dhialèk Manuk

4. Dhialèk Cerbon

5. Dhialèk Kulonan-Tengah

6. Dhialèk Wétanan

7. Dhialèk "Regional Jawa ing Banyuwangi

Basa Melayu

Basa Melayu iku sawijining kelompok basa sing dipituturaké ing Nuswantara. Basa Melayu bisa dipérang dadi basa Malaysia lan basa Indonesia. Saliyané iku basa iki bisa dipérang manèh dadi akèh subdhialèk-subdhialèk liyané. Yèn basa Melayu-Malaysia lan basa Melayu-Indonésia digabung, cacahé penutur kurang luwih ana 250 yuta jiwa.

Basa Madura

Basa Madura iku basa sing dipituturake dening wong Madura. Basa iki digunakake in pulo Madura, Jawa Wetan lan tlatah-tlatah liyane. Basa Madura (Basa Madhura)Dipituturake ing: Madura, Bawean, Kangean, Jawa Wetan, Kalimantan (Indonesia)Cacah Panutur: 15 yuta

· Tlatah Pasebarane Basa Madhura

Basa Madhura sing ing basa asline diucapake "medhureh" dipituturake utamine ing tlatah Madhura, kepulauan Kangean, Masalembo, lan tlatah wetaning Jawa Wetan, kayata ing Surabaya, Pasuruan, Malang, lan mayoritas ing wilayah Probolinggo, Situbondo, Bondowoso, Lumajang, Jember lan Banyuwangi. Sakliyane iku, uga akeh wong Madhura ing tlatah Kalimantan. Kira-kira cacahe ana 10 utawa 15 yuta uwong.

· Undhak Usuke Basa Madhura

Umume, basa Madhura ing undhak usuke uga sami karo Basa Jawa. Ana alus lan kasar. Nanging ing basa iki, dibagi dadi telu rupa.

* Ja'-Iya {Ngoko}

* Enggi-Enthen {Madya}

* Enggi-Bunten {Krama}

· Rupa-rupaning Basa Madhura

Basa Madhura dhewe uga kebagi dadi rupa-rupa, sing diweruhi kayata:

* Dhialek Bangkalan

* Dhialek Sampang

* Dhialek Pamekasan

* Dhialek Sumenep

* Dhialek Pendhalungan (Sing dipituturake ing Jawa Wetan)

* Dhialek Kangean

* Basa Bawean.

Basa Sundha

Basa Sundha dipituturake dening kurang luwih 24 yuta jiwa, lan basa nomor loro sing dhuwur dhewe ing tlatah Indonesia. Basa iki dipituturake ing bageyan kulon pulo Jawa, sisih kiduling Banten, Jakarta lan tlatah pantura sisih kulon. Ing pantura basa Jawa sing dipituturake. Ing Jawa Tengah, basa Sundha uga dipituturake ing tlatah Cilacap, utamane ing kecamatan Dayeuh Luhur. Amarga kena pangaruh budaya Jawa, dadi ing Basa Sundha uga ana undak-usuk utawa gradasi babasan. Wiwit saka Basa Cohag atawa kasar pisan nganti Lemes pisan sing padha karo Krama. Dialek Bahasa Sunda uga akeh, pramila saka dialek Sunda Banten, nganthi dialek Sunda ing Jawa Tengah, piwates ing Bantarkawung, Brebes lan diwatesi basa ing Kali Pemali, sing mila kecampur karoBahasa Jawa. Nanging basa baku sing bisa ditampi karo sakabehe penutur Basa Sunda sing asaling saka dialek Kota Bandung, utawa kerep disebut basa sakola jaman mbiyen.

Basa Bali iku sawijining basa Austronesia saka cabang Sundik, utawa luwih spesifik saka anak cabang Bali-Sasak. Basa iki utamané dipituturaké ing pulo Bali, pulo Lombok sisih kulon lan uga ing pulo Jawa. Ing Lombok basa Bali dipituturaké akèhé cedhaké Mataram, ing Jawa utamané ing kabupaten Banyuwangi. Saliyané iku, basa Osing, dhialek basa Jawa khas Banyuwangi, uga nyerep akèh tetembungan saka basa Bali. Conthoné tembung osing sing tegesé “ora”, dijupuk saka basa Bali tusing. Basa Bali dipituturaké déning kurang luwih 4 yuta jiwa.

Basa Bali

Basa Bali nduwé 6 fonem vokal lan 18 fonem konsonan. Fonem vokal utawa swara iku /a/, /i/, /u/, /e/, /é/ dan /o/. Banjur fonem konsonan iku /k/, /g/, /ng/, /c/, /j/, /ñ/, /t/, /d/, /n/, /p/, /b/, /m/, /r/, /y/, /w/, /l/, /s/ lan /h/.

Sawijining ciri khas lan sing wis dadi basa Bali astamiwa iku fonem eksplosif tanpa nyuwara /t/ dipocapaké [t] ing pèrangan mburi, nanging ing wiwitan lan tengah diucapaké kanthi (t retrofleks). Aksara swara (huruf vokal} /a/ ing pèrangan mburi tinarbuka diucapaké kanthi [e]. Upamané tembung Kuta, sawijining panté kondhang ing Bali, diucapaké [k'u?e].

Kaya déné basa Austronesia liyané, basa Bali iku luwih migunakaké tembung-tembung dwi silabik lan wujudé KVKVK. Nanging ing ng-reduplikasi sawijining gatra (sukukata) monosilabik wujudé KVK, mula ing basa Bali iki lumrahé dadi KVKKVK, béda karo basa Melayu lan Jawa:

Melayu – Bali – Jawa

* kukus – kuskus – dang (bentuk beda)

* ngengat – ngetnget – ngenget

· Kekerabatan lan kosakata

Basa Bali ing rumpun basa Austronésia kerep dikira paling cedhak karo basa Jawa. Nanging prekara ini ora mangkono. Basa Bali paling cedhak mawa basa Sasak lan pirang basa ing pulo Sumbawa sisih kulon. Kamèmperané karo basa Jawa namung merga pengaruh kosakata basa Jawa amerga aktivitas kolonisasi Jawa ing jaman mbiyèn, utamané ing abad ka-14 Masèhi. Bali ditaklukaké déning Gajah Mada ing taun 1343 Masèhi. Malahan ing rumpun basa Austronesia, secara fonologis basa Bali luwih mèmper basa Melayu tinimbang basa Jawa. Nanging fonem /r/ ing posisi pungkasan basa Melayu, kerep dadi /h/ ing basa Bali. Bab iki bisa kabukti karo daftar perbandingan kosakata dhasar basa Melayu, Bali, Jawa Kuna lan Jawa Anyar:

Melayu – Bali – Jawa Kuna – Jawa Anyar

* dua – dua – rwa – ro, loro

* jalan – jalan – dalan – dalan

* dengar – dingeh – rengö – rungu

* jarum – jom – dom – dom

* jauh – joh – doh – doh

* ada – ada – hana – ana

* beli – beli – weli, tuku – tuku

* jari, jeriji – jriji – (?) – driji

* betis, kaki – batis – jöng, suku – sikil

* hidup – idup – hurip – urip

* air, ayer – (a)yeh – wway – we, banyu

* buah – buah – wwah – woh

* di – di – ri, ring – i, ing

* telur – teluh – antiga – tigan, endhog

* jemur – jemuh – (?) – pepe

* bunga – bunga – kambang, sekar – kembang, sekar

* nasi – nasi – sega, sekul – sega, sekul

* hujan – ujan – hudan – udan

Melayu – Bali – Jawa

* sudah – sampun – sampun

* meninggal – seda – seda

* datang – rauh – rawuh

* dari – saking – saking

* arti – teges – teges

Melayu – Bali – Jawa

* kau (kasar) – cai – kowe

* sungai – tukad – sungay (Jawa Kuna), kali, lepen

* yang – sane – ingkang, sing

* dukun, tabib – balian - dhukun

Basa Sasak

Basa Sasak iku salah sijining kelompok Basa Austronesia, sing dipututuraké ing propinsi Nusa Tenggara Barat, utamane ing pulo Lombok. Basa Sasak iki akèh mèmperé karo Basa Jawa lan Basa Bali karna asliné basa iki sapadhuluran. Basa Sasak dipututuraké ing sakabèhing Pulo Lombok, karo para transmigran lokal ing Sumbawa, Sulawesi lan Kalimantan. Saben tlatah ndhuweni cara kang béda, nanging sing dibakukaké ika iya Basa Sasak sing saka Mataram, Lombok

Ukara :

* Mbe Laik?/ Berembe Kabare? = Piye Kabaré

* Sida = sampeyan, panjenengan

2. Basa-basa ing dunya.

Basa Inggris

Basa Inggris iku basa Jermanik Kulon, sing asalé saka Inggris. Basa ini sawijining kombinasi saka pirang basa lokal sing ditrapaké déning wong-wong Norwegia, Denmark, Saxon lan Angel saka abad kaping 6 nganti 10. Banjur ing taun 1066, Inggris dibedhah déning William the Conqueror, sang panakluk saka Normandia, Prancis Lor. Mula sabanjuré basa Inggris kena pangaruh intènsif basa Latin lan basa Prancis. Saka kabèh kosakata basa Inggris modern, diperkirakaké kurangluwih 50 % asalé saka basa Prancis lan Latin.

· Sejarah Basa Inggris

Perkembangan basa Inggris biasané dibagi dadi telung masa:

* Basa Inggris Kuna utawa basa Anglo-Saxon, 700 – 1066

* Basa Inggris Tengahan, antara 1066 – 1500

* Basa Inggris Anyar, wiwit abad kaping 16

Basa – basa kerabat

Basa Inggris kagolong rumpun bahasa Jermanik, lan utamané saka cabang Jermanik Wetan. Kerabaté sing paling cedak iku basa Frisia. Saliyané iku basa Walanda (lan uga basa Jerman ngisor liyané) uga isih cedak. Basa Jerman (Basa Jèrman dhuwur) rada luwih adoh manèh. Anging saka kabèh basa Jermanik, basa Inggris iku basa sing liya dhéwé tatabasa lan kosakatané.

· Status Basa

Basa Inggris iku basa pratama ing Amerika Serikat, Australia, Bahama, Barbados, Bermuda, Britania Raya, Guyana, Jamaika, Selandia Anyar, Antigua, Saint Kitts dan Nevis lan Trinidad lan Tobago. Saliyané iku basa Inggris uga salah sijining Basa resmi ing akèh nagara liyané ing donya. Antara liya ing Afrika Kidul, Belize, Kanada, Filipina, Hong Kong, Irlandia, Singapura lan sabanjuré Ing donya basa Inggris iku basa kaping loro sing pratama disinaoni. Basa Inggris bisa nyebar amarga déning pangaruh politik lan imperialisme Inggris banjur Britania Raya ing donya. Salah sijining paribasa Inggris jaman mbiyèn bab karajan Inggris sing diarani Kakaisaran Britania (British Empire) iku ya papan sing “Srengéngéné ora tau sumurup” (“where the sun never sets”).

Basa Arab

Basa Arab (al-lughah al-‘Arabiyyah) iku sawijining basa saka kulawarga basa Semitik sing saiki dipituturaké ing Timur-Tengah lan Afrika Lor nanging awalé saka negara sing saiki diarani Arab Saudi. Cacah panuturé ana 225 yuta jiwa. Saliyané iku basa Arab uga basa liturgis agama Islam sing dimangertèni umat Muslim sadonya.

Basa Jerman

· Basa Jerman ing donya

Basa Jerman iku kagolong basa Jermanik saka rumpun basa Indo-Eropah. Basa iki dipituturaké déning kurang luwih 100 yuta panutur ibu lan 20 yuta panutur kapindho. Basa iki basa resmi ing Jerman, Austria, Swiss, lan Belgia. Saliyané iku basa iki uga akèh dipituturaké ing Luxemburg, Italia, Ceko, Polandia, Rusia, Kazakhstan, lan Namibia. Basa Jerman isih cedhak karo basa Walanda lan uga basa Inggris.

Basa Pali

Basa Pali iku basa sucining agama Buda, utamané aliran Theravada. Statusé basa iki bisa dipadhakaké basa Sansekerta. Basa Pali iku mèmper basa Sansekerta anging luwih anyar. Conthoné tembung "darma" iku ing basa Sansekerta "dharma", anging ing basa Pali "dhamma".Basa Pali akeh digunakaké ing Sri Langka.

Basa Sangskreta

Basa Sansekreta utawa basa Sangaskreta iku salah sijining basa Indo-Eropah sing lawas dhéwé lan isih disinaoni. Sejarahé kalebu sing dawa dhéwé. Basa sing bisa nandhingi 'umur' basa ini saka rumpun basa Indo-Eropah mung basa Hitit. Tembung Sansekreta, ing basa Sansekreta Sa?skrtabhasa tegesé basa sing sampurna. Karepé, tandhingané basa Prakerta, utawa basané wong cilik sing ora tau sinau. Basa Sansekreta ing kala mbiyèn digunakaké kanggo nulis sadurungé basa Jawa dienggo. Mula saiki akèh banget tetembungan saka basa Sansekreta sing kalebu ing kosakata dhasar basa Jawa. Tetembungané iki kaya ta: sida, saba, séla lan sabanjuré. Ing basa Jawa Kuna, tetembungan Sansekreta saya akèh manèh. Miturut Profésor Piet Zoetmulder, kurang luwih separo saka 25.000 èntri ing bausastra Jawa Kunané (Zoetmulder 1982), iku tembung Sansekreta.

Salah siji ciri-ciri utama basa Sansekreta iku anané kasus ing basa iki, sing cacahé 8. Banjur ana kelamin ing basa iki; maskulin, feminin lan netral serta telung modhus cacah, singular, dualis lan jamak:

1. kasus nominatif

2. kasus vokatif

3. kasus akusatif

4. kasus instrumentalis

5. kasus datif

6. kasus ablatif

7. kasus genetif

8. kasus lokatif

Ing ngisor iki mawa conto disajèkaké kabèh kasus satunggaling tembung singular deva (Déwa, Gusti utawa Raja).

Singular:

1. nom. devas arti: "Déwa"

2. vok. (he) deva arti: "Hé Déwa"

3. ak. devam arti: "menyang Déwa" 'lsb.

4. inst. devena arti: "karo Déwa" lsb.

5. dat. devaya arti: "kagem Déwa"

6. ab. devat arti: "saka Déwa"

7. gen. devasya arti: "kagungan Déwa"

8. lok. deve arti: "ing Dewa"

Dualis:

1. nva devau

2. ida devabhyam

3. gl devayos

Jamak:

1. nv devas

2. a devan

3. i devais

4. da devebhyas

5. g devanam

Categories:

0 Response for the "MACAM MACAM BAHASA/RAGAM BAHASA"

Posting Komentar