• SUGENG RAWUH

    SUGENG RAWUH DUMATHENG SEDHEREK SEDANTEN..

REMBULAN SEKSI KANG BISU

Posted by ninkw1dya ( alve Dya Aurelia Latifa) On 0 komentar

Wengi iki kowe mesem ngguyu
Weruh bocah bocah nembang dolanan ing plaaran
Wengi kepungkur nangis sesegen
Weruh tumindake durjana nyekel gegaman nggegirisi
Wengi pendhak wengi maneh katon rasa welas asihmu
Weruh wong temen temen nyambut gawe nganti tengahing wengi
Wengi candhake lha kok ? mung anteng meneng nganggo mentheleng
Weruh maneka polah jangkahe manungsa kang saba bengi
Wengi wengi kang sepi kowe kesengsem
Weruh umat sa-alun -alun dzikir pasrah marang Gusti
Wengi kang endah langite padhang kowe durung turu
Weruh wong lanang wadon suka - sukaing jaba tanpa payon
tanpa gedhek
Wengi selawase ora tau kandha ra ana crita
Prasetyamu minangka seksi kang bisu umat bumi

Categories:

0 Response for the "REMBULAN SEKSI KANG BISU"

Posting Komentar